Sabtu, 14 November 2015

Sri Kuning 2

2. UJEGIPUN SAMANGSA WONTEN LOWONGAN LURAH DUSUN

Sampun dados kalimrahan, samangsa wonten lowongan lurah dhusun, saged damel oreging tetiyang ingkang sami angajengaken dhateng pangkat wau. Ing pundi-pundi pinanggih tiyang gegrombolan tuwin rembagan pating kalesik, boten cetha punapa ingkang dipunrembag wau. Nangging tumraping panginten, kawontenan ing mangsa kados makaten punika, tiyang sampun saged anggagapi, tamtu ngrembag babagan lowongan lurah dhusun.
Limrahipun manawi wonten lowongan lurah dhusun ingkang jalaran kalepatan sapanunggilanipun, inggih lajeng énggal-énggal katetepan gegentosipun. Namung tumrap lowongan ingkang lurahipun minggah kaji, mangka amanggih ngaral, punika teteping gegentosipun angentosi dumugining titimangsa telasing pamit, inggih punika sangang wulan. Makaten wau pinanggihipun ing kalimrahan, tegesipun inggih saged éwah.
Ing kala punika lurahipun dhusun ing dhusun Kuwaron nuju lowong saweg minggah kaji tumindak kalih wulan, lajeng kesusulan wonten wartos bilih ngajal wonten Tanah Suci.
Wartos wau sasampunipun sumebar, lajeng nuwuhaken reraosaning ngakathah, tumrap ingkang kedugi badhé ngangkah pangkat wau inggih lajeng tata-tata angencengaken tékad tuwin lajeng prihatos, murih saged manggih margi sakéca. Déné tumrap ingkang boten kedugi, inggih namung trimah tumut angraosi.
Sawarnining tiyang ingkang kedugi anglampahi wau lajeng sami gadhah atur dhateng ingkang wajib, nyuwun kacalonaken lurah; calon ingkang makaten wau limrahipun dipunwastani sawung, tamtunipun sawung wau kathah. Déné ingkang kawenangaken dados sawung ngemungaken tetiyang ingkang ambalabagi saha gadhah siti bengkok wonten ing ngriku. Kajawi punika, ugi kedah milih tiyang ingkang boten gadhah pakareman bangsaning maksiyat, ingkang dèrèng naté kaukum, ingkang saé wewatekanipun. Wosipun kedah tiyang igkang saé.
Wantuning lowongan lurah dhusun ing ngriku kanthi sabab ingkang kados makaten, dados komplangipun taksih dangu. Danguning komplang wau anjalari kathahing tiyang ingkang sami anggadhahi panyuwun anggentosi dados lurah dhusun ing ngriku. Ingkang anggadahi panyuwun wau kejawi bebau dhusun ing ngriku, ugi tetiyaning ing balabag tuwin tetiyang tangga dhusun ingkang anggadhahi siti wonten ing wewengkon ngriku.
Salebeting mangsa komplangan makaten punika, ing wewengkon kalurahan ngriku manawi ing wanci ndalu pinanggih reja, kathah tiyang keklempakan, pating grenggeng angraosi badhé tumindak ngangkah wahyu lurah dhusun.
Menggah sababing ramé wau ketarik saking kawontenaning tiyang nyalonaken badanipun piyambak, ingkang limrahipun dipunwastani sawung, gegayutan kaliyan ingkang dipunwastani botoh.
Ingkang dipunwastani botoh punika, tiyang ingkang anjagoi calon lurah, kanthi patrap madosaken tiyang alit, inggih punika kuli-kuli kenceng ingkang kapurih milih bénjing samangsa dhawahing dinten pilihan. Menawi dipunmanah makaten, ingkang nama botoh wau satunggiling tiyang ingkang namung sadé ginem, perlu madosaken tiyang ingkang kapurih milih, dados gegayutanipun kaliyan calon lurah dhateng panginggilan, boten wonten babar pisan. Tiyang ingkang dados botoh punika saupami dipunkiwakaken, inggih mitunani, awit badhé saged damel pamurunging lampah, sarana patrap ingkang saged ngirangi cacahing tetiyang ingkang milih. Nanging saupami dipuntengenaken, namung badhé ambobol kanthong. Tur mengah sajatosipun, dumugining ngendon, inggih namung pinanggih angaben beja. Para ingkang milih boten saged milih sawung ingkang pundi. Mangka botoh wau kathah, saben sawung satunggal gadhah botoh satunggal, malah adhakanipun, botoh satunggal punika ngrangkep ambotohi sawung kalih tiga, malah kepara langkung. Dados tetéla anggènipun namung badhé sadé ginem.
Ing kala mangsa ingkang kados makaten punika para calon lurah kénging dipunwastani kambah ing jaman kaborosan, awit kedah tansah miluta dhateng manahing tiyang kathah, ingkang lumantar saking botoh utawi dipunawaki piyambak. Déné sarananipun sami dipunpurih nedha éca, dipunsekécakaken manahipun, dipundanani, tur tumindakipun kerep. Mangka ingkang gadhah tindak makaten punika saben calon lurah dhusun, mila tumraping para bebau, ing wekdal mangsa ingkang kados makaten punika paribasanipun sami lelumban wonten ing seganten kasenengan, wetengipun ngantos sami bèkèl, kanthonganipun tansah kemricik, mrika-mriki saged nyikut, tur damel dhanganipun ingkang dipunsikuti. Malah saupami caraning laré, para bebau manawi nuju mangsa makaten punika sami nganyih-anyih, tansah dipun: nang-nang ing ngakatah.
Nuju ing wanci sonten, tanggal enèm, ing langit ketingal padhang, gumléwanging rembulan ingkang taksih tumanggal, ketingal cetha wéla-wéla tumiyung wonten ing langit resik, lintang-lintang ketingal gegrombolan kados ngayab badhé angslupipun rembulan. Kawontenan ingkang kados makaten wau angéngingi dhateng raosing tiyang ingkang nuju ngadeg wonten ing latar saha lajeng kawedal ungelipun makaten: “Rembulan kang arep angslup kaé apa dadi pasemoning awakku, kaya déné lurah désa digrubyug ing para bebauné.” Nalika mungel makaten wau, kesaru wonten lintang alihan, lajeng dipundhèhèmi: “Ehem”
Nalika tiyang wau dhèhèm, lajeng ketungka wonten tiyang èstri celuk-celuk saking salebeting griya: “Pakné, kowé kuwi ana apa! Dhèhèm-dhèhèm kaya wong enom.”
Ingkang jaler mangsuli: “Kowé kuwi sujanamu isih waé. Karo manèh dhèhèmku iki rak dhèhèmé wong tuwa, dhèhèm kang wis didohi ing sarap sawan. Anu bokné, andhèhèmi lintang alihan. Apa Ning (Srikuning) wis turu?”
Bok Sura: “Apa niyat. Isih soré èntèh wis turu. Lha kaé ana buri, lagi takkon nyatheti jenengé wong-wong kang isih padha utang.”
Surasentika: “Begjané wong duwé anak pinter, bisa weruh nyang pétung, ngreti menyang tanjaning dhuwit, ngreti nyang butuh, ngreti ……………….”
Bok Sura: “Anggonmu andharindhil kuwi rak teges nyemoni aku: ta. Wong bodho kaya kebo.”
Surasentika: “É, hla, sasoré iki awakku lagi tiba kojur, sauni-uniku mung sarwa ora kabeneran. Wis ah tak mlebu ngomah.”
Surasentika lajeng linggih ing ambèn, ingkang èstri inggih lajeng nusul linggih tuwin lajeng wicanten: “Anu pakné, padha-padha kang nakokaké anakmu, kang kétok mempeng dhéwé kok Mas Cakarya, yaké saka rumasa yèn kaanané babag karo kowé . Malah aku dhèk wingi ana pasar kepethuk bakyu Ca, kétok anggoné rumaket, saya manèh menyang anakmu si gendhuk, kaya-kaya anaké dhéwé kaé. ”
Surasentika: “Wis lumrah, wong kang duwé pangarah iku ananing tembungé mesthi mung sarwa manis. Naning ya wis bèn. Mung satemené ajaa anakmu dhéwé lumuh, aku pancèn wis mathuk. Lha saiki priyé bokné, perkara wong-wong kang padha duwé panembung iku apa ora becik banjur takwangsuli, prasaja waé, yèn gendhuk emoh.”
Bok Sura: “Iyah, kowé kuwi yèn guneman anggonmu tanpa unggah-ungguh utawa tanpa aling-aling. Ya bener diwangsuli, nanging diawatna yèn anakmu durung ngumur apa kepriyé. St. Ana apa Ning?”
Srikuning: “Bok, barang-barang sing ana pontangan ana rerégan aro belah rupiyah, sing wis saguh ambayar rupa wulu-pametu ana wong pitu. Aku wis kesel: embok, arep turu.”
Bok Sura: “Iya wis turu kana, wong sésuk arep mangkat ésuk. Gawané cepak-cepakna dhisik, ta. Karo nyadhiyakna dhuwit rècèh, adaté yèn in pasar Wagé akèh wong tetuku, kanggo sadhiyan anjujuli.”
Srikuning: “Iya embok.”
Surasentika: “Anakmu mau apa wis adoh. Wah, sateméné aku dhéwé, yèn weruh rupané anakmu, ora nguyah-asemi: lo, pancèn ya anggumunake, ing ngatasé anakku, anaké wong désa, teka metoni kaya ngono. Yèn nonton sripité, rak sajak wis tau ngambah plataran amba.”
Mbok Sura: “Kuwi rak mung rumasamu, aja sok kolairaké ana ngarepaning wong liya, mundhak digeguyu.”
Wonen swara saking jawi: “Kula nuwun.”
Sura: “Sinten niku nggih!”
Wangsulanipun: “Kula, Wignyasabda”
Sura: “É déné kebeneran temen, iki mau wis takbatin, pancèn arep takwelingaké mréné, jaré. Mangga kang mlebet mawon. ”
Wignyasabda: “Inggih, kula wastani sampun saré.”
Sura: “Majeng mawon: kang. Kadingarèn dalu-dalu mriki, onten perlu napa. Ning sajatosé kula nggih gadhah perlu kiyambak. Ajeng nyraya sampéyan kang. Anu bokné bab mau kaé.”
Wignya: “Dados punika nama: ketemu padha mathuké, ta. Ing sapunika kula keparenga matur. Sowan kula, sepisan sampun dangu boten sowan mriki, namung perlu nuwèni kasugengan panjenengan sekaliyan, kaping kalihipun …………………. sumangga, kula ingkang matur rumiyin, punapa panjenengan ngendika rumiyin, ing bab perlunipun, ing sarèhning gadhah perlu piyambak-piyambak.”
Sura: “Priyogi kula mawon sing criyos kriyin. Iya ora bokné?”
Bok Sura: “Iya.”
Sura: “Anu kang, sayektosé kula niki gadhah wados, ajeng kula lairaké teng sampéyan, nanging dianggéa kiyambak.”
Wignya: “Sampun kagungan èwed-pakèwed, lajeng kapangandikakna, awit kula punika sanadyan tiyang, boten remen lèrwèh ing ginem.”
Sura: “Anu kang, sayektosé kula niki gadhah perlu, menawa pétangané ngoten sepélé, nanging teka éwuh banget nggon kula nglakoni. Anu kang, anaké, gendhuk niku onten sing nakokaké. Cekaké ajeng kula wangsuli, nanging dèrèng jinodho. Nanging teka éwuh nggon kula ajeng nyangkani. Mula kakang mawon sing ajeng kula kèngkèn.”
Wingnya: “Namung makaten punika. Nanging kula inggih boten saged nglepataken penggalih panjenenga igkang kados makaten punika, awit ing ngriku ngatingalaken dhateng alus saha prasajaning penggalih panjenengan. Cekaké wong becik iku, apa-apa iya kudu becik. Inggih punapa boten. Mila inggih éman-éman sanget manawi panjenengan punika boten dados cecangkoking dhusun, awit sampun pantes sanget, tamtu saged ngayomi tiyang alit, papréntahanipun asrep.”
Sura: “Kang, kula niki ajeng nrembug ing bab anak kula, ajeng kula rampungaké kriyin.”
Wignya: “Lo, semanten kencenging wewatekanipun tiyang ingkang badhé tampi kanugrahan. Panggambar kula boten klèntu, panjenengan punika tamtu kagungan wewatekan kados Arya Brataséna, yèn kaku kena dianggo mikul, yèn lemes kena dianggo tali. Dados sampun boten kalèntu manawi panjenengan kula angkat dados kepala dhusun. ”
Sura: “Mangké kriyin ta kang, sampéyan niku ajeng gadhah kajeng napa ta, sajak mung glegag glegeg angombèni.”
Wignya: “Panjenengan punika alus ing panggalih, emoh yèn diarani. Punapa panjenengan boten mireng manawi lurah dhusun ing ngriki lowong, tuwin punapa inggih panjenengan boten mélikaken? ”
Sura: “Kang wignya iki lucu, rékane arep anjiret uwong. Temtuné bab lowongan lurah niku kula enggih empun krungu, napa niyat uwong boten rumasa dibawahake ing panganyoman. Déné bab mélikaké, niku sanadyan ontena, rak ing batin, awit upama kelairan, o, pangkat niku wahyu: kang, boten kena dikepéngini. Dados ing bab mélik namung onten ing batin.”
Wignya: “Alkamdulillahi ya robbil ngalamin. Wiwit sapunika kula badhé nyebut Mas Lurah dhateng panjenengan.”
Sura: “Kajeng sampéyan niku dos pundi: ta: kang?”
Wignyasaba wicanten kaliyan andhodhogi dhadhanipun: “Cekakipun tanggel, waton wonten Wignyasabda, panjenengan tamtu saged dados lurah. Manawi ngantos malèsèd kula kagantunga wonten wis bulu menika, kajengipun dipunolor-olor ing gagak.”
Sura: “Nalaré dos pundi ta: kang?”
Wignya: “Mas Lurah, betahipun tiyang dados lurah punika dipunpilih ing tiyang, mangka tetiyang alit in wewengkon ngriki sadaya, tamtu ngebyuk milih panjenengan. Pitadosa, punika punWignyasabda, ing Kuwaron namung satunggal”
Sura: “Kang, rembag sampéyan niku ………”
Wignya: “Sampun krama malih Mas Lurah, kula punika abdi panjenegan upaminipun, panjenengan lurah kula, inggih dhasar lelurahipun tetiyang sadhusun ngriki. Sampun leresipun ngoko kémawon.”
Sura: “Hem, jalaran saka pakonmu iku, aku kepeksa mituruti. Saiki aku ngoko menyang Kowé .”
Batosipun Wignyasaba: Lega rasaning atiku. Salajengipun wicanten: “Mas Lurah, bab prakawis lowongan lurah sampun, sampun wonten ing èpèk-èpèk kula.”
Tumrap Surasentika, paribasanipun kados tiyang kataman endem ingkang raosipun anggaliyer, sanadyan ing batos sampun mangertos bilih punika namung pinanggih wonten ing ungel, nanging jalaran saking sagedipunWinyasabda, inggih araos damel seger yektos. Mila ing bab babagan lampahan ingkang sairib kados makaten punika, tiyang boten saged badhé maiben utawi nglepataken dhateng tiyang ingkang kèlu dhateng rembag pamiluta, pangonggrong sapanunggalanipun, awit menggah tiyang limrah gampil sanget kesuk ing daya ingkang kados makaten punika, inggih sinten tiyangipun ingkang boten remen dipunalembana utawi dipungunggung. Saking leganing manahipun Surasentika ngantos ketingal plengèhing gujengipun. Namung bok Surasentika ngantos andalongop kados tiyang bingung, tanpa nyambeti ginem sekecap-kecapa, nanging sakedhap-sakedhap tansah nyawang mrika-mriki ningali ébahing lambénipun ingkang sami gineman.
Sareng rembag wau dumigi samanten, bok Sura wicanten: “Wis tutug! Toblas, toblas, ambak wong caturan anggoné anjojrog tanpa lèrèn, kaya iya-iyaa kaé. Boten, kang Wignya, sampéyan niku baut temen guneman, napa niku nggih nganggé pangajaran? ”
Wignyasabda ngraos mak senut, batosipun: É, hla. Bokmasé iki mundhut diunjuki. Wusana lajeng wicanten sarèh, ketingal anggènipun ambodho: “O, Bokmas, tiyang sakula punika, bebasanipun: wong gunung nang-nung, pangané sega jagung, pakulinané kethèk lutung. Bokmas Lurah. É kula punika mangké dipunwastani tiyang sembrana, ujug-ujug langsung nyebut Bokmas Lurah. O, punika kula boten niyat babar-pisan, namung salugu ngraosaken lairing manah, ingkang kanthi tandha yekti. Cobi kula aturi andangu dhateng sinten kémawon, pundi lurah dhusun ing sakiwa-tengenipun ngriki ingkang dadosipun boten saking pangempit kula. Kaliyan malih, Bokmas Lurah, manawi mirit kawontenan panjenengan punika, boten anèh upami kalampahana ingang raka dados lurah, awit menggah ing nalar, saksat nama mundhut kagunganipun piyambak. Cobi kula aturi anggalih tetiyang ing ngriki sinten inkang boten kedanan saking panjenengan, sinten tiyang ingkang boten rumaos panjenengan entas saking kasangsaran. Kula piyambak punika ngrumaosi manawi panjenengan ayomi, rumaos panjenengn gegesang . La punapa inggih, ingkang pancènipun kula saged males dhateng ingkang raka ingkang tanpa wragad, ingkang paribasanipun namung pawitan idu, boten kula tindakaken. Déné prakawis pandakwa awon, kula dipunwastani tiyang adol pamrih, kula namung sumangga. Nanging Bokmas Lurah, manawi kula gadhaha manah makaten, punika lo langit, ngrungkepa kula, punika lo bumi, nyaploka kula. Kula punika namung matur salugu. Tegesipun manawi ingkang raka pancèn boten kagungan karsa makaten, inggih sampun boten wonten piduwungipun, tiyang drajating kadonyan punika inggih sampun sairib kémawon kaliyan kawicaksanan. Nanging kula nama sampun boten kainan, pulunging lurah dhusun badhé kula dhawahaken ing tiyang sanès. Tuwin sarèhning sowan kula punika dhapur keleresan badhé dipunutus mangsuli babagan jejodhoan, mugi kaparenga andhawuhaken sinten ingkang kula sowani.”
Bok Sura rumaos kurugan rembag ingkang araos lega saha ugel ingkang raos pamutung, malah dados ginem ingkang aningseti, ing sanalika lajeng nuwuhaken batosipun Surasentika jaler-èstri angajengi dhateng rembag wau.
Surasentika: “Wis ta kang, bab rembugmu arep mrenah-mrenahaké awakku, wis kono, aku mangsa bodhoa. Iya ora bokne?”
Mbok Sura: “Iya, aku wis mathuk”
Sura: “Déné prakara wangsulan kang nembung anakku kang perlu ya iku menyang Mas Cakarya. Kuwi aku ya mangsa bodhoa manèh.”
Wignyasabda: “Bab sadaya punika wau, sampun kula dipunwastani kumalungkung, sayektosipun sampun wonten tetanggelan kula sadaya. Sampun kalilan Mas Lurah, Bokmas Lurah.”
Bok Sura: “Niki lho kang dienggé sangu, onten turahan dhuwit limang rupiyah.”
Wignyasabda: “Ayah, panjenengan punika wonten-wonten kémawon Bokmas Lurah, kados ngutus dhateng tiyang sanès. Inggih nuwun.”

Wignyasabda medal saking griyanipun Surasentika tansah klèceman, saupami boten wontena ing petengan, tamtu ketingal èsemipun. Wusana Wignyasabda lajeng lampahipun kaliyan wicanten piyambakan . “Géné kok empuk.” 

Sri Kuning 1


Sri Kuning

R. Hadjowirogo







1. KAWIBAWANIPUN TIYANG SUGIH


Kala rumiyin ing dhusun Kuwaron, laladan Jawi Tengah, wonten tiyang kecekapan, nama Surasentika. Kala jaman semanten caraning tiyang nebas wulu-pamedal taksih gampil, sinten ingkang purun tumindak makaten, énggal sagedipun kecekapan.
Surasentika punika kegolong tiyang ingkang sampun andados kecekapanipun, punapa ingkang dipuncandhak saged dados. Jalaran saking dumlundunging anggènipun ngupajiwa, ngantos nuwuhaken loking ngakathah, asmatani bilih Surasentika punika ngingah sétan. Ucap ingkang raosipun dados pangawon-awon wau, tumrapipun Surasentika malah mikantuki awit sinten tiyang ingkang nyambut dhateng piyambakipun, lajeng énggal-énggal mangsulaken, selak samar manawi ngantos dipuntekek ing sétanipun Surasentika. Kados Makaten wohing gugon-tuhon saged adamel kelintuning panganggép.
Sumebaring wartos ing bab anggènipun Surasentika ngingah sétan saya dumugi dhusun kanan-kéringipun ngriku. Nanging bawahanipun tiyang saweg keleresan, wartos ingkang sumebar wau malah kados mara-maraken, lajeng saya ngathahaken tiyang nyambut arta, nebasaken wulu-pamedal, punapa déné anggantosaken siti, malah sumebaripun ngantos dumugi panggènan ingkang tebih-tebih.
Surasentika punika ambak tiyang dhusun, kalebet ragi pinteran, sareng piyambakipun dipunwartosaken dados tiyang ngingah sétan, malah ageng manahipun, tuwin inggih lajeng nulad caraning ujar tiyang ngingah sétan, miturut gotèk, tiyang ngingah sétan punika kadhèpipun nrithil, déné Surasentika inggih lajeng nrithilaken kedhèpipun, malah ingkang èstri punapa inggih dipunpurih nrithilaken kedhèp, saben ajeng-ajengan kaliyan tiyang sanès kedhèpipun tetiyang kalih wau ngantos kados titir. Punika ingkang netepaken panganggeping ngakathah, bilih Surasentika ngingah sétan yektos.
Menggah sajatosipun Surasentika jaler-èstri punika sami tiyang kajeng nyambutdamel, sarwaning padamelan ingkang anjalari wedaling nipkahipun, dipuntindakaken kanthi tumemen. Manawi ngedalaken arta, bebasanipun manawi dèrèng cetha dhateng buneringarta, dèrèng dipunculaken. Mila arta wau, ingkang nama babon, wangsulipun mawi ambekta anakan kathah. Tumrap panggaraping sabin ingkang nama sampun dados wewenangipun, dipuntetepi kados wajibipun, saha netepi kados caranipun tiyang tani, umum-umum sampun amanggul pacul kekecèh wonten ing sabin. Antukipun atilar pedamelan ingkang sampun tumanja. Sadumugining griya nedha sawontenipun sekul wos énggal, kokoh jangan namung kaliya sambel, ingkang araos ngungkuli raosing bestik mawi mertéga. Daya-dayaning tetedhan ingkang Makaten wau adamel sarasing badan: mathékoling lengen kados acaluluk ya iki wohing gawé kang migunani.
Bok Surasentika Makaten ugi, wonten wekelipun dhateng ing damel, bebasanipun kados déné tumbu angsal tutup. Pedamelipun kejawi nampèni lebeting wulu-pedamelan, ugi taksih nyambi tempuran, nyegati tetiyang ingkang sami badhé sadé uwos dhateng peken. Malah kalamangsa saselaning tempuran, lajeng sadé sinjang dhateng peken-peken ingkang kénging dipunlajo saking griyanipun. Manawi pekenipun tebih, jam kalih dalu sampun bidhal, mantukipun ngantos rep, saweg dumugi ing griya. Ing ngriku boten wonten ngadhuh-ngesesipun, awit sayahipun angsal lelintu kumropyoking arta ingkang tanpa kendhat. Malah misuwuripun wonten pepekenan, bok Surasasentika karan kuwadéan ingkang kèwes, sanadyan bok Surasentika punika upamia jam sampun wanci ngasar, kèwesipun manawi sesadéan taksih saged miluta dhateng ingkang tetumbas.
Miturut kawontenanipun Surasentika jaler-èstri ingkang kados makaten menika, kados sampun leresipun saupami dipunlulutana ing donya brana.
Gesangipun Surasentika ing dhusun Kuwaron, kapétang tiyang ingkang kacekapan piyambak. Menawi dipunsawang kaliyan caraning tani, ketingal aggèning bentil sanget, nedha trimah sawontenipun, nyandhang-nganggé sarwa barès, jaler-èstri kaduk sami nyandhang sarwa lurik, ngankah awèting anggènipun, nanging manawi dipunsawang kanthi mripat kapriyayèn, Surasentika punika ketingal satunggaling tiyang ingkang mriyayèni. Griyanipun brukut, pandhapinipun dipungedhègi mubeng, ing nglebet isi méja kursi saé manut gagragipun kala jaman semanten. Salebeting griya prabotanipun pinanggih sarwa mepeki, malah caraning dhusun Makaten, pinanggih ragi anèh, mawi gadhah brandkas punapa. Inggih brandkas wau loking ngakathah ingkang dipunwastani kandhanging sétan. Prakawis kasenengan inggih gadhah, Surasentika ngingah kutut ingkang ageng anggungipun, ing kalaning mungel kerep damel kagèting para remen peksi ingkang nuju langkung, rumaos kados mirengaken swantening gong suwukan.
Tumrap bok Surasentika labetipun kecokan bakul, kerep sesrawungan kaliyan tiyang sanès, mila inggih kerep ketamuan. Ing kalanipun ketamuan wau lajeng saged nyugata sarwa pantes, déning sampun sadhiya tetedhan ingkang kénging karimat dangu.
            Kawontenanipun Surasentika sarwa tentrem, rumaos manawi gesangipun tinengga ing kabegjan, bandha sampun boten kekirangan, malah manawi saged, samangsa wonten pilihan lurah dhusun, badhé majeng dados sawung, apawitan kadugi déning boten kekurangan bandha. Nanging wantuning pangkat lurah dhusun punika golonganing drajat, dados inggih boten kénging dipun-gegampil.
            Surasentika gadhah anak satunggal, èstri, nama Srikuning, wedalan pamulangan angka kalih, wawratipun laré dhusun, warninipun sampun saged damel cingaking para nénéman ing kitha. Menggah ing pakulitan, Srikuning sampun kecetha wonten ing nama, paraèanipun sumeblak kados padhanging rembulan, rambut cemeng panjang amewahi damel ngalélaning warni. Kuciwanipun Srikuning punika dèrèng saged mastani awon-saéning sandhangan, namung kulina nganggé sarwa lurik-lurikan. Nanging malah inggih kaleresan, sandhanganipun ingkang sarwa prasaja wau pikantukipun namung damel lamlamipun ingkang ningali, mila sanadyan panganggé cara dhusun, ugi dipuntelad ing sanès. Makaten ugi, Srikuning punika sanadyan laré wedalan saking pamulangan, wantuning bèbèting tiyang tani, inggih taksih purun anggéndong senik, begjanipun Srikuning déné senikipun wau boten adamel kusuding warninipun.
            Ing wekdal punika Surasentika jaler-èstri ragi kajudhegan manah, jalaran saking ngraosaken anakipun èstri wau, tansah dipuntakèkaken tetiyang ngrika-ngriki. Judhegipun Surasentika jaler-èstri wau, saking bingung milih ingkang pundi. Saya judhegipun malih, sareng tiyang-sepuhipun gadhah pamilih, Srikuning kipa-kipa, boten badhé purun nglampahi.
            Ing kala nuju sirep laré, Surasentika jaler-èstri linggihan wonten ing ambèn, ingkang jaler tanpa kendhat kempas-kempus ngempakaken sesipun klobot ing upet. Ingkang èstri angglenyèh nginang, sakedhap-sakedhap kemirengan criting idu, lajeng klakep kèndel angemut susur.
            Surasentika wicanten kaliyan ngèndeli anggènipun ses: “Kepriyé ta embokné, aku pancèn ngrumasani duwé satru mungging cangklakan temenan, saméné aboté wong duwé anak wadon.”
            Bok Surasentika mangsuli kaliyan nyopot susur: “Pakné, sanadyan paribasan iku nyata, nanging aja kougemi banget-banget. Ya sapa wonge ora ribet ngrasakaké rèwèling anak. Yen caraa dhèk biyèn, bocah iku mung gumantung ana wasésané wong-tuwa. Balik saiki, ora kena mangkono. Yen karepmu aku wis ngerti, kowé rak seneng nèk anakmu éntuk wong sugih: ta?”
            Surasentika: “Pancèn mangkono, yèn si gendhuk bisa laki olèh anaké wong sugih, arep apa manèh. Aku rak wis ngerti nyang karepé jaka-jaka kang padha ngarepaké menyang anakmu. Kaé: carik Treban, ngétokaké anggoné wis duwé bengkok bumi. Kae: magang Kadhestrikan, ngétokaké anggoné calon priyayi. Sing takgumuni, kaé lo, anaké bekel Patrarejan, anggoné ora nyebut, sing diendelaké apané. Yèn bagusa, bagusé.”
            Bok Sura: “Es, yèn nacad uwong sagelem-gelemé, kowé banjur arep ngrumangsani anu: ta.”
            Surasentika: “Ora. Uwong kuwi rak ya kena: ta rada ngrumasani sathithik, witikna apa uwong mung ngrumasani asor baé. Saya ing ngatasing bakal jodhoning anak, apa aku ora wenang ngelèkaké mripat kang amba, ora wenang nglandhepaké pangganda lan ora wenang niling-nilingaké pangrungu?”
Bok Sura: “Ayah, kowé kuwi sugih pracéka. La sing kok pilih sapa: ta?”
Surasentika: “ Yèn aku, kaé lo anaké Mas Cakarya, rupané ora kebuwang, dhasar anaké wong sugih. Iya apa ora?”
Bok Sura: “Satemené aku ya wis mathuk. Nanging kepriyé ta, anakmu kotari, kipa-kipa. Aku ngélingi anak mung siji, karepku iya takéman-éman. Beciké iya ditut waé dhisik. Lan kowé dhéwé ngélingana, pakné. Kasugihanmu wis cukup, aja murka-murka banget.”
Surasentika: “Elo, kowé bisa ngarani murka. Apané!”
Bok Sura: “Uwong kuwi lumrah, yèn nyang awaké dhéwé ora ngrumasani, sing cetha mung kaanané wong liya. Lha anggonmu kepéngin bésanan karo wong sugih kuwi, rak mung saka éman kagempil bandhamu: ta?”
Surasentika: “Yèn kokdakwaa mangkono, ya kena. Nanging mungguh ing pamawasku rak nyata. Coba, wong-wong kabèh sing arep ngajak bésanan karo aku, kuwi rak saka anggoné mélikaké menyang bandhaku. Kuwi wis mesthi. Mula kabèh kang takrasa ngono, iya takanggep wong kang padha ngarah pakolih.”
Bok Sura: “Iya sanadyan mangkono, pakné, kabèh kang padha nakokaké anakmu, sanadyan ora kotampika, iya sing sarana becik, aja grusa-grusu awit sisip-sembiré, rak jeneng uwong mijèni endhem-endheman keling, tembé buriné mesthi bakal thukul.”
Surasentika: “Yèn takpikir-pikir iya ana beneré, awit sapa kang nakokaké anakmu, endi kang ora ketampan, mesthi padha ngandhut serik. Beciké iya padha diwangsuli waé, kepriyé kepénaké. Saiki salin rembug bokné. Apa iya ta aku iki mung manggung kaya ngéné waé.”
Bok Sura: “Kaya ngéné kepriyé ta: pakné. Kowé arep duwé karep apa?”
Surasentika: “Anu bokné, saupama lowongan lurah désa kéné iki dimagangi kepriyé: ya?”
Bok Sura: “Pakné, bok uwis nrima, kowé wis ping pira angonmu magang, ora tau dadi, tiwas ngenes pikir.”
Surasentika: “Uwong iku aja matèkaké ing pambudidaya, sapa sing weruh kabegjaning uwong.”
Bok Sura: “Ya sakarepmu: ta. Mung bab prakara anakmu ing saiki atiku mung ora téga yèn taktinggal ana ngomah dhéwé; karepku yèn aku nyang pasar ya takejak”

Surasentika: “Iya bokné, sakarepmu.”

Perlunya Revitalisasi Bahasa dan Sastra Jawa

Perlunya Revitalisasi Bahasa dan Sastra Jawa


            Bahasa dan sastra jawatermasuk sebagai sastra lokal yang terkemuka di Indonesia. Berbagai upaya dalam perevitalisasian budaya ini sebenarnya telah di lakukan dengan penyesuaian terhadap dinamika dan kebutuhan zamannya. Tanpa adanya revitalisasi ini, sudah tentulah lama kelamaan produk budaya ini pasti akan mandheg dan hilang digerus modernisasi.
            Akhir-akhir ini sudah banyak produk-produk budaya indonesia yang sangat perlu direvitalisasi. Dan saat inilah sebenarnya saat yang paling tepat untuk merevitalisasikannya. Mengapa ... ?
            Pertama, Generasi muda yang makin acuh tak acuh kepada budayanya sendiri, dan cendrung bangga bila ia bisa atau dapat budaya kebarat-baratan. Kedua, Saat ini orang-orang yang paham dan mengerti akan akan bahasa sastra dan budaya lokal sudah semakin menipis. Ketiga, Jika para sesepuh yang mengerti dan memahami budaya lokal telah tiada, dan ilmu mereka belum tersampaikan kepada penerus selanjutnya, maka secara otomatis filosofi, nilai-nilai, wujud fisik, seni dal lainnya dari budaya lokal (terkhusus budaya jawa) akan hilang tertelan oleh waktu. Jika kondisi ini terjadi, maka bangsa ini akan kehilangan banyak sekali budaya yang menjadi kearifan lokal yang sesungguhnya merupakan kekayaan dan kekuatan kita dalam menjadi sumber inspirasi pembangunan di masa kini dan masa yang akan datang.
            Upaya revitalisasi budaya harus didasarkan pada manfaat dalam masyarakat. Untuk bahasa dan sastra jawa, perlu di pertimbangkan hal-hal yang dapat menjadi daya tahan pembelajarannya. Kini muncullah pertanyaan. Mengapa bahasa dan sastra jawa dinilai perlu di ajarkan di sekolah ?. Kita tentu mengetahui bahwa hal ini perlu diajarkan, akan tetapi sangat sulit sekali mewujudkannya, bahkan ketika kurikulum 2013 muncul, sontak bahasa dan sastra jawa sudah berjalan setengah langkah menuju kepunahannya. Namun kita beruntung karena masih ada para pakar dan guru yang bertindak sangat sigap, tepat, cerdas dan cepat. Sehingga mereka berhasil mempertahankan pembeljaran kearifan lokal ini (terkhusus yang berada di jawa tengah dan jawa timur).
            Pembelajaran dalam bahasa dan sastra jawa memuat nilai-nilai luhur yang dapat membuat para siswa menjadi lebih bermartabat serta dapat berkesinambungan dengan lingkungan. Karena dalam ajaran adat-adat jawa (contohlah di daerah Bali) mempunyai cara tersendiri dalam menjaga hubungannya dengan lingkungan. Disana di setiap pohon-pohon yang besar di beri sesajen dan di beri cerita lisan bahwa di pohon tersebut terdapat sesosok makhluk halus yang mendiaminya. Dengan cara seperti itu, maka secara otomatis orang akan berfikit dua kali untuk menebang pohon yang memerlukan waktu ratusan tahun untuk tumbuh menjadi besar. Sebenarnya, hal ini merupakan cara orang jawa agar manusia dapat berkesinambungan dengan alam, sehingga hampir selalu memakai hal-hal yang bersifat. Coba kita bayangkan, jika saja hal ini bisa kita terapkan dalam negara kita tercinta ini, tentulah kasus-kasus pembakaran hutan tidak akan terjadi.

            Inilah betapa pentingnya revitalisasi bahasa dan sastra daerah perlu di ajarkan, karena sungguh-sungguh memiliki nilai-nilai luhur yang berasas pada kemartabatan dan kesinambungan.

Kamis, 12 November 2015

Puisi "RASUL PENGHABISAN"

RASUL PENGHABISAN

Oleh   :  Bachtar Suryani

Malam itu
telah terbit bulan penuh di celah bukit wida
di balik hijau lambaian pelepah kurma
di dataran gersang pasir-pasir sahara

malam itu
telah datang rasul pilihan
untuk ummat sepanjang zaman
dialah Muhammad, rasul penghabisan

malam itu
puncak keajaiban yang mempesona
api abadi majusi tiba-tiba padam bagai tersiram
dan berhala keliling punggung ka’bah
tiba-tiba saja berjatuhan, tiba-tiba rebah
dan burung-burung bencana melemparkan hujan
batu-batu karang neraka yang pijar
ganas embakar

lalu tuhan lumatkan bala tentera dan gajah-gajah itu
bagai daun-daun muda yang dikunyah
lebur dan musnah

malam itu
telah memancar sebersit cahaya bulan penuh
menembus dinding lembah dan tembok batu
merayapi dataran mengarungi laut biru
membawa kesejukan yang damai

hari ini
rahmat dan salam kita sampaikan
padamu Rasul pilihan
Muhammad utusan Tuhan.


Puisi " Kita itu belum merdeka kawan"

Kita itu belum merdeka kawan

MERDEKA
Teriakkanlah dengan lantang
Angkat tangan “HORMATLAH” segagah kau mampu
“PELOTOTI” Berkibarnya sang merah putih
“NYANYIKAN” lagu kebangsaan dengan suara lantang
Ikuti alur “HIKMAT” detik-detik pukul 09.00 pagi

Ah … tapi jangan kau paksakan
Tak perlu pura-pura bersedih
Tak perlu mengalirkan air mata
Hingga dari mata keluar airnya

Tak taukah kita!
Atau kita pura-pura lupa!
Kita itu belum merdeka kawan

Kita belum MERDEKA kawan
Rakyat papua menderita
Namun bawah tanahnya ada emasnya
Tapi kemana emas itu ??
Di usung ke negeri lain ??
Dijual oleh penguasa tirani ??
Pembantu di rumah sendiri, 

Kita belum merdeka kawan
Anak kalimantan,
Yang kaya akan batu bara dan hutan
Tapi keman batu bara itu ??
Lagi-lagi ke negeri orang, hah
Hutan yang seharusnya jadi pelindung
Kini malah membawa asap berujung maut
Perkebuna,, !!
Ya, hanya untuk itulah
Pohon ratusan tahun umurnya, kini sirna


Kawan, kita belum merdeka kawan
Budaya luhur anak bangsa terkikis habis
Dilindas globalisasi
Bertopengkan IT
Narkoba, free sex, korupsi, menjadi-jadi
Kebodohan ahlaq berapi-api
Sadar budaya di anggap kuno
Sadar agama , sok alim
Semua hanya di pandang dari nilainya
Yha Allah,,,,,,,

Guru lupa dengan pendidikan
Dokter lupa Dengan keikhlasan
Pemimpin suka dengan Tanggungan
Yang dipikir hanya jabatan
Rakyat hanya berfikir perutnya
Agama sekedar di KTP
Bagaimana bisa negeri ini di katakan MERDEKA

Tataplah “MERAH PUTIH” bergerak berkibar
Di sana ada nyawa dan darah para pahlawan
Bukan sekedar seremonial
Semoga para pemuda sadar akan kebodohannya
Bahwa negeri ini belum MERDEKA


Oleh : Muhammad Ali Said

Puisi "Indonesiaku"

Indonesiaku

Indonesiaku tercinta
Kini kau Menderita
Merdeka Cuma tinggal kata
Rakyatmu Kini Sengsara
Pemimpin banyak yang tak Bijaksana
Apa Pantas Memimpin Negara 
Yang kaya raya
Oh Indonesia Tumpah Darahku
Apakah Belum Terbit,
Seorang Pemimpin Yang Kita Cari
Apakah Rasa Kepemimpinan Itu 
Masih Disimpan Nirwana ini
Tertinggal Di Lubuk Hati
Tak Dibawa Sekarang Ini 
Oh jokowi
Rakyat Membutuhkanmu
Seorang bak Khalifatur Rasyidin
Yang Setia Dalam Memimpin
Menyantuni Fakir Miskin
Mengasihani Anak Yatim
Blusukan ke kampung miskin
Berbaur dalam situasi pening
Kami Mengharapkan Pemimpin
Yang Soleh
Pengganti Tugas Rasulullah
Sebagai Seorang Pemimpin Ummah
Yang Bersifat Siddiq Dan Fatanah
Kini ku Kutemukan
Seorang Pemimpin Dunia
Seorang Pemimpin Agama
Seorang Pemimpin  Indonesia
Supaya bisaa berjaya
Mendunia
Di tahun-tahun berikutnya....
Hanya Allah Yang Mengetahuinya

Geguritan "Bingung"

Bingung


Aku bingung
Ana sing carito, kayata bathara
Ana sing ngendika,
Kaya Dewa Ruci mejangi Bhima
Yen,,
Sabecike manungsa
Kudu tangi isuk-isuk
Supaya
Rejekine ura di pathok ayam
Aku bingung
Aku takon marang ibu
Lah, Malah di arani nyuwun susu
Aku takon ayam babon
Malah petak-petok
Aku takon pitik jago
Malah peok-peok
Lha, aku takon ayam kampus,,,,,,
Lah, malah mangewu-mangewu mas
Bingung aku
Jan
Ayam ngendi tah sing mathoki rejeki


Dening            : Muhammad Ali Said