2.
UJEGIPUN SAMANGSA WONTEN LOWONGAN LURAH DUSUN
Sampun dados kalimrahan, samangsa wonten
lowongan lurah dhusun, saged damel oreging tetiyang ingkang sami angajengaken
dhateng pangkat wau. Ing pundi-pundi pinanggih tiyang gegrombolan tuwin
rembagan pating kalesik, boten cetha punapa ingkang dipunrembag wau. Nangging
tumraping panginten, kawontenan ing mangsa kados makaten punika, tiyang sampun
saged anggagapi, tamtu ngrembag babagan lowongan lurah dhusun.
Limrahipun manawi wonten lowongan lurah dhusun
ingkang jalaran kalepatan sapanunggilanipun, inggih lajeng énggal-énggal
katetepan gegentosipun. Namung tumrap lowongan ingkang lurahipun minggah kaji,
mangka amanggih ngaral, punika teteping gegentosipun angentosi dumugining
titimangsa telasing pamit, inggih punika sangang wulan. Makaten wau
pinanggihipun ing kalimrahan, tegesipun inggih saged éwah.
Ing kala punika lurahipun dhusun ing dhusun
Kuwaron nuju lowong saweg minggah kaji tumindak kalih wulan, lajeng kesusulan
wonten wartos bilih ngajal wonten Tanah Suci.
Wartos wau sasampunipun sumebar, lajeng
nuwuhaken reraosaning ngakathah, tumrap ingkang kedugi badhé ngangkah pangkat
wau inggih lajeng tata-tata angencengaken tékad tuwin lajeng prihatos, murih
saged manggih margi sakéca. Déné tumrap ingkang boten kedugi, inggih namung trimah
tumut angraosi.
Sawarnining tiyang ingkang kedugi anglampahi wau
lajeng sami gadhah atur dhateng ingkang wajib, nyuwun kacalonaken lurah; calon
ingkang makaten wau limrahipun dipunwastani sawung, tamtunipun sawung wau
kathah. Déné ingkang kawenangaken dados sawung ngemungaken tetiyang ingkang
ambalabagi saha gadhah siti bengkok wonten ing ngriku. Kajawi punika, ugi kedah
milih tiyang ingkang boten gadhah pakareman bangsaning maksiyat, ingkang dèrèng
naté kaukum, ingkang saé wewatekanipun. Wosipun kedah tiyang igkang saé.
Wantuning lowongan lurah dhusun ing ngriku
kanthi sabab ingkang kados makaten, dados komplangipun taksih dangu. Danguning komplang
wau anjalari kathahing tiyang ingkang sami anggadhahi panyuwun anggentosi dados
lurah dhusun ing ngriku. Ingkang anggadahi panyuwun wau kejawi bebau dhusun ing
ngriku, ugi tetiyaning ing balabag tuwin tetiyang tangga dhusun ingkang anggadhahi
siti wonten ing wewengkon ngriku.
Salebeting mangsa komplangan makaten punika, ing
wewengkon kalurahan ngriku manawi ing wanci ndalu pinanggih reja, kathah tiyang
keklempakan, pating grenggeng angraosi badhé tumindak ngangkah wahyu lurah
dhusun.
Menggah sababing ramé wau ketarik saking
kawontenaning tiyang nyalonaken badanipun piyambak, ingkang limrahipun dipunwastani
sawung, gegayutan kaliyan ingkang dipunwastani botoh.
Ingkang dipunwastani botoh punika, tiyang
ingkang anjagoi calon lurah, kanthi patrap madosaken tiyang alit, inggih punika
kuli-kuli kenceng ingkang kapurih milih bénjing samangsa dhawahing dinten
pilihan. Menawi dipunmanah makaten, ingkang nama botoh wau satunggiling tiyang
ingkang namung sadé ginem, perlu madosaken tiyang ingkang kapurih milih, dados
gegayutanipun kaliyan calon lurah dhateng panginggilan, boten wonten babar pisan.
Tiyang ingkang dados botoh punika saupami dipunkiwakaken, inggih mitunani, awit
badhé saged damel pamurunging lampah, sarana patrap ingkang saged ngirangi
cacahing tetiyang ingkang milih. Nanging saupami dipuntengenaken, namung badhé
ambobol kanthong. Tur mengah sajatosipun, dumugining ngendon, inggih namung
pinanggih angaben beja. Para ingkang milih boten saged milih sawung ingkang pundi.
Mangka botoh wau kathah, saben sawung satunggal gadhah botoh satunggal, malah
adhakanipun, botoh satunggal punika ngrangkep ambotohi sawung kalih tiga, malah
kepara langkung. Dados tetéla anggènipun namung badhé sadé ginem.
Ing kala mangsa ingkang kados makaten punika
para calon lurah kénging dipunwastani kambah ing jaman kaborosan, awit kedah
tansah miluta dhateng manahing tiyang kathah, ingkang lumantar saking botoh utawi
dipunawaki piyambak. Déné sarananipun sami dipunpurih nedha éca,
dipunsekécakaken manahipun, dipundanani, tur tumindakipun kerep. Mangka ingkang
gadhah tindak makaten punika saben calon lurah dhusun, mila tumraping para
bebau, ing wekdal mangsa ingkang kados makaten punika paribasanipun sami
lelumban wonten ing seganten kasenengan, wetengipun ngantos sami bèkèl, kanthonganipun
tansah kemricik, mrika-mriki saged nyikut, tur damel dhanganipun ingkang dipunsikuti.
Malah saupami caraning laré, para bebau manawi nuju mangsa makaten punika sami
nganyih-anyih, tansah dipun: nang-nang ing ngakatah.
Nuju ing wanci sonten, tanggal enèm, ing langit
ketingal padhang, gumléwanging rembulan ingkang taksih tumanggal, ketingal
cetha wéla-wéla tumiyung wonten ing langit resik, lintang-lintang ketingal
gegrombolan kados ngayab badhé angslupipun rembulan. Kawontenan ingkang kados makaten
wau angéngingi dhateng raosing tiyang ingkang nuju ngadeg wonten ing latar saha
lajeng kawedal ungelipun makaten: “Rembulan kang arep angslup kaé apa dadi
pasemoning awakku, kaya déné lurah désa digrubyug ing para bebauné.” Nalika
mungel makaten wau, kesaru wonten lintang alihan, lajeng dipundhèhèmi: “Ehem”
Nalika tiyang wau dhèhèm, lajeng ketungka wonten
tiyang èstri celuk-celuk saking salebeting griya: “Pakné, kowé kuwi ana apa! Dhèhèm-dhèhèm
kaya wong enom.”
Ingkang jaler mangsuli: “Kowé kuwi sujanamu isih
waé. Karo manèh dhèhèmku iki rak dhèhèmé wong tuwa, dhèhèm kang wis didohi ing
sarap sawan. Anu bokné, andhèhèmi lintang alihan. Apa Ning (Srikuning) wis
turu?”
Bok Sura: “Apa niyat. Isih soré èntèh wis turu.
Lha kaé ana buri, lagi takkon nyatheti jenengé wong-wong kang isih padha
utang.”
Surasentika: “Begjané wong duwé anak pinter,
bisa weruh nyang pétung, ngreti menyang tanjaning dhuwit, ngreti nyang butuh,
ngreti ……………….”
Bok Sura: “Anggonmu andharindhil kuwi rak teges nyemoni
aku: ta. Wong bodho kaya kebo.”
Surasentika: “É, hla, sasoré iki awakku lagi
tiba kojur, sauni-uniku mung sarwa ora kabeneran. Wis ah tak mlebu ngomah.”
Surasentika lajeng linggih ing ambèn, ingkang èstri
inggih lajeng nusul linggih tuwin lajeng wicanten: “Anu pakné, padha-padha kang
nakokaké anakmu, kang kétok mempeng dhéwé kok Mas Cakarya, yaké saka rumasa yèn
kaanané babag karo kowé . Malah aku dhèk wingi ana pasar kepethuk bakyu Ca, kétok
anggoné rumaket, saya manèh menyang anakmu si gendhuk, kaya-kaya anaké dhéwé kaé.
”
Surasentika: “Wis lumrah, wong kang duwé pangarah
iku ananing tembungé mesthi mung sarwa manis. Naning ya wis bèn. Mung satemené
ajaa anakmu dhéwé lumuh, aku pancèn wis mathuk. Lha saiki priyé bokné, perkara
wong-wong kang padha duwé panembung iku apa ora becik banjur takwangsuli,
prasaja waé, yèn gendhuk emoh.”
Bok Sura: “Iyah, kowé kuwi yèn guneman anggonmu
tanpa unggah-ungguh utawa tanpa aling-aling. Ya bener diwangsuli, nanging diawatna
yèn anakmu durung ngumur apa kepriyé. St. Ana apa Ning?”
Srikuning: “Bok, barang-barang sing ana
pontangan ana rerégan aro belah rupiyah, sing wis saguh ambayar rupa
wulu-pametu ana wong pitu. Aku wis kesel: embok, arep turu.”
Bok Sura: “Iya wis turu kana, wong sésuk arep
mangkat ésuk. Gawané cepak-cepakna dhisik, ta. Karo nyadhiyakna dhuwit rècèh,
adaté yèn in pasar Wagé akèh wong tetuku, kanggo sadhiyan anjujuli.”
Srikuning: “Iya embok.”
Surasentika: “Anakmu mau apa wis adoh. Wah,
sateméné aku dhéwé, yèn weruh rupané anakmu, ora nguyah-asemi: lo, pancèn ya anggumunake,
ing ngatasé anakku, anaké wong désa, teka metoni kaya ngono. Yèn nonton sripité,
rak sajak wis tau ngambah plataran amba.”
Mbok Sura: “Kuwi rak mung rumasamu, aja sok kolairaké
ana ngarepaning wong liya, mundhak digeguyu.”
Wonen swara saking jawi: “Kula nuwun.”
Sura: “Sinten niku nggih!”
Wangsulanipun: “Kula, Wignyasabda”
Sura: “É déné kebeneran temen, iki mau wis
takbatin, pancèn arep takwelingaké mréné, jaré. Mangga kang mlebet mawon. ”
Wignyasabda: “Inggih, kula wastani sampun saré.”
Sura: “Majeng mawon: kang. Kadingarèn dalu-dalu
mriki, onten perlu napa. Ning sajatosé kula nggih gadhah perlu kiyambak. Ajeng
nyraya sampéyan kang. Anu bokné bab mau kaé.”
Wignya: “Dados punika nama: ketemu padha mathuké,
ta. Ing sapunika kula keparenga matur. Sowan kula, sepisan sampun dangu boten
sowan mriki, namung perlu nuwèni kasugengan panjenengan sekaliyan, kaping
kalihipun …………………. sumangga, kula ingkang matur rumiyin, punapa panjenengan
ngendika rumiyin, ing bab perlunipun, ing sarèhning gadhah perlu
piyambak-piyambak.”
Sura: “Priyogi kula mawon sing criyos kriyin.
Iya ora bokné?”
Bok Sura: “Iya.”
Sura: “Anu kang, sayektosé kula niki gadhah wados,
ajeng kula lairaké teng sampéyan, nanging dianggéa kiyambak.”
Wignya: “Sampun kagungan èwed-pakèwed, lajeng
kapangandikakna, awit kula punika sanadyan tiyang, boten remen lèrwèh ing
ginem.”
Sura: “Anu kang, sayektosé kula niki gadhah perlu,
menawa pétangané ngoten sepélé, nanging teka éwuh banget nggon kula nglakoni.
Anu kang, anaké, gendhuk niku onten sing nakokaké. Cekaké ajeng kula wangsuli,
nanging dèrèng jinodho. Nanging teka éwuh nggon kula ajeng nyangkani. Mula
kakang mawon sing ajeng kula kèngkèn.”
Wingnya: “Namung makaten punika. Nanging kula
inggih boten saged nglepataken penggalih panjenenga igkang kados makaten punika,
awit ing ngriku ngatingalaken dhateng alus saha prasajaning penggalih
panjenengan. Cekaké wong becik iku, apa-apa iya kudu becik. Inggih punapa boten.
Mila inggih éman-éman sanget manawi panjenengan punika boten dados cecangkoking
dhusun, awit sampun pantes sanget, tamtu saged ngayomi tiyang alit, papréntahanipun
asrep.”
Sura: “Kang, kula niki ajeng nrembug ing bab
anak kula, ajeng kula rampungaké kriyin.”
Wignya: “Lo, semanten kencenging wewatekanipun
tiyang ingkang badhé tampi kanugrahan. Panggambar kula boten klèntu,
panjenengan punika tamtu kagungan wewatekan kados Arya Brataséna, yèn kaku kena
dianggo mikul, yèn lemes kena dianggo tali. Dados sampun boten kalèntu manawi
panjenengan kula angkat dados kepala dhusun. ”
Sura: “Mangké kriyin ta kang, sampéyan niku
ajeng gadhah kajeng napa ta, sajak mung glegag glegeg angombèni.”
Wignya: “Panjenengan punika alus ing panggalih,
emoh yèn diarani. Punapa panjenengan boten mireng manawi lurah dhusun ing
ngriki lowong, tuwin punapa inggih panjenengan boten mélikaken? ”
Sura: “Kang wignya iki lucu, rékane arep anjiret
uwong. Temtuné bab lowongan lurah niku kula enggih empun krungu, napa niyat
uwong boten rumasa dibawahake ing panganyoman. Déné bab mélikaké, niku sanadyan
ontena, rak ing batin, awit upama kelairan, o, pangkat niku wahyu: kang, boten
kena dikepéngini. Dados ing bab mélik namung onten ing batin.”
Wignya: “Alkamdulillahi ya robbil ngalamin.
Wiwit sapunika kula badhé nyebut Mas Lurah dhateng panjenengan.”
Sura: “Kajeng sampéyan niku dos pundi: ta:
kang?”
Wignyasaba wicanten kaliyan andhodhogi dhadhanipun:
“Cekakipun tanggel, waton wonten Wignyasabda, panjenengan tamtu saged dados
lurah. Manawi ngantos malèsèd kula kagantunga wonten wis bulu menika,
kajengipun dipunolor-olor ing gagak.”
Sura: “Nalaré dos pundi ta: kang?”
Wignya: “Mas Lurah, betahipun tiyang dados lurah
punika dipunpilih ing tiyang, mangka tetiyang alit in wewengkon ngriki sadaya,
tamtu ngebyuk milih panjenengan. Pitadosa, punika punWignyasabda, ing Kuwaron
namung satunggal”
Sura: “Kang, rembag sampéyan niku ………”
Wignya: “Sampun krama malih Mas Lurah, kula
punika abdi panjenegan upaminipun, panjenengan lurah kula, inggih dhasar
lelurahipun tetiyang sadhusun ngriki. Sampun leresipun ngoko kémawon.”
Sura: “Hem, jalaran saka pakonmu iku, aku
kepeksa mituruti. Saiki aku ngoko menyang Kowé .”
Batosipun Wignyasaba: Lega rasaning atiku. Salajengipun
wicanten: “Mas Lurah, bab prakawis lowongan lurah sampun, sampun wonten ing èpèk-èpèk
kula.”
Tumrap Surasentika, paribasanipun kados tiyang
kataman endem ingkang raosipun anggaliyer, sanadyan ing batos sampun mangertos
bilih punika namung pinanggih wonten ing ungel, nanging jalaran saking sagedipunWinyasabda,
inggih araos damel seger yektos. Mila ing bab babagan lampahan ingkang sairib
kados makaten punika, tiyang boten saged badhé maiben utawi nglepataken dhateng
tiyang ingkang kèlu dhateng rembag pamiluta, pangonggrong sapanunggalanipun,
awit menggah tiyang limrah gampil sanget kesuk ing daya ingkang kados makaten punika,
inggih sinten tiyangipun ingkang boten remen dipunalembana utawi dipungunggung.
Saking leganing manahipun Surasentika ngantos ketingal plengèhing gujengipun.
Namung bok Surasentika ngantos andalongop kados tiyang bingung, tanpa nyambeti
ginem sekecap-kecapa, nanging sakedhap-sakedhap tansah nyawang mrika-mriki
ningali ébahing lambénipun ingkang sami gineman.
Sareng rembag wau dumigi samanten, bok Sura
wicanten: “Wis tutug! Toblas, toblas, ambak wong caturan anggoné anjojrog tanpa
lèrèn, kaya iya-iyaa kaé. Boten, kang Wignya, sampéyan niku baut temen guneman,
napa niku nggih nganggé pangajaran? ”
Wignyasabda ngraos mak senut, batosipun: É, hla.
Bokmasé iki mundhut diunjuki. Wusana lajeng wicanten sarèh, ketingal anggènipun
ambodho: “O, Bokmas, tiyang sakula punika, bebasanipun: wong gunung nang-nung,
pangané sega jagung, pakulinané kethèk lutung. Bokmas Lurah. É kula punika mangké
dipunwastani tiyang sembrana, ujug-ujug langsung nyebut Bokmas Lurah. O, punika
kula boten niyat babar-pisan, namung salugu ngraosaken lairing manah, ingkang
kanthi tandha yekti. Cobi kula aturi andangu dhateng sinten kémawon, pundi
lurah dhusun ing sakiwa-tengenipun ngriki ingkang dadosipun boten saking
pangempit kula. Kaliyan malih, Bokmas Lurah, manawi mirit kawontenan panjenengan
punika, boten anèh upami kalampahana ingang raka dados lurah, awit menggah ing
nalar, saksat nama mundhut kagunganipun piyambak. Cobi kula aturi anggalih
tetiyang ing ngriki sinten inkang boten kedanan saking panjenengan, sinten
tiyang ingkang boten rumaos panjenengan entas saking kasangsaran. Kula piyambak
punika ngrumaosi manawi panjenengan ayomi, rumaos panjenengn gegesang . La
punapa inggih, ingkang pancènipun kula saged males dhateng ingkang raka ingkang
tanpa wragad, ingkang paribasanipun namung pawitan idu, boten kula tindakaken. Déné
prakawis pandakwa awon, kula dipunwastani tiyang adol pamrih, kula namung
sumangga. Nanging Bokmas Lurah, manawi kula gadhaha manah makaten, punika lo
langit, ngrungkepa kula, punika lo bumi, nyaploka kula. Kula punika namung
matur salugu. Tegesipun manawi ingkang raka pancèn boten kagungan karsa makaten,
inggih sampun boten wonten piduwungipun, tiyang drajating kadonyan punika inggih
sampun sairib kémawon kaliyan kawicaksanan. Nanging kula nama sampun boten
kainan, pulunging lurah dhusun badhé kula dhawahaken ing tiyang sanès. Tuwin
sarèhning sowan kula punika dhapur keleresan badhé dipunutus mangsuli babagan
jejodhoan, mugi kaparenga andhawuhaken sinten ingkang kula sowani.”
Bok Sura rumaos kurugan rembag ingkang araos
lega saha ugel ingkang raos pamutung, malah dados ginem ingkang aningseti, ing
sanalika lajeng nuwuhaken batosipun Surasentika jaler-èstri angajengi dhateng
rembag wau.
Surasentika: “Wis ta kang, bab rembugmu arep
mrenah-mrenahaké awakku, wis kono, aku mangsa bodhoa. Iya ora bokne?”
Mbok Sura: “Iya, aku wis mathuk”
Sura: “Déné prakara wangsulan kang nembung anakku
kang perlu ya iku menyang Mas Cakarya. Kuwi aku ya mangsa bodhoa manèh.”
Wignyasabda: “Bab sadaya punika wau, sampun kula
dipunwastani kumalungkung, sayektosipun sampun wonten tetanggelan kula sadaya.
Sampun kalilan Mas Lurah, Bokmas Lurah.”
Bok Sura: “Niki lho kang dienggé sangu, onten
turahan dhuwit limang rupiyah.”
Wignyasabda: “Ayah, panjenengan punika wonten-wonten
kémawon Bokmas Lurah, kados ngutus dhateng tiyang sanès. Inggih nuwun.”
Wignyasabda medal saking griyanipun Surasentika
tansah klèceman, saupami boten wontena ing petengan, tamtu ketingal èsemipun.
Wusana Wignyasabda lajeng lampahipun kaliyan wicanten piyambakan . “Géné kok
empuk.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar