Kamis, 10 Desember 2015

sastra pewayangan



SASI KIRANA TAKON BAPA

Jejer ing Negara Girikedhasar kanthi raja asesilih Prabu Darbayaksa kang kaadhep dening patih Ancakogra lan sentana praja kang marak seba.

Mboten wonten para nayaka praja ingkang sami wantun atur pangandikan,kepepeta watuk wae kudu diamapet. Raja sugih ber bandhu ber bandha katon kosong ing pikir amarga ora sadar menawa wis kaadep pepak dening para nayaka.Dene wedaling lisan kados makaten
              Prabu Darbayaksa :hong wilaheng, hyang rudra raja brana mas dewaku.He,eeee. Patiiih, patih ancakogra, wus suwe anggonmu marak seba ing sitnggil?
            Patih Ancakogra :Kawula noknon gusti, keng abdi ancakogra sampun marak kawitan sakderengipun para nayaka sami seba.Sembah puji katur wonten ing ngarsanipun gusti kula Darbyaksa..
            Prabu Darbayaksa :Ha ha ha ha ha, bagus patih patut kanggo tuladha kanggo liyane.Iya patih, sembah pangabektimu wis dak tampa, dene puja pujiku tampanana.
             Patih Ancakogra :Inggih gusti, rena sanget anggen kula tampi.Pangapunten gusti, katingal saking guwayanipun, keng gusti punapa nembe gerah utawi gandhan penggalih ingkang awrat?  
            Prabu Darbayaksa :Tiihh, ngerti ora kowe lara apa kang ora ana obate?
            Patih Ancakogra :Pangapunten gusti, keng abdi ancakogra mboten mangertos.
            Prabu Darbayaksa :Buta goblook, lara asmara tiih.(Kanthi ati kang getem getem)
            Patih Ancakogra :Lajeng, putri kedathon pundi ingkang sampun saged damel gusti kula kados makaten?
            Prabu Darbayaksa :Bukaken kupingmu, rungokna gobogmu, lekna matamu, ora ana wong wadon sakdonya iki sing pantes ndampingi jenengingsun  kejaba widadari kahyangan, Dewi Wilutama.
            Patih Ancakogra :Lajeng, kedah kados pundi supados kersa panjenengan saged kaleksanan?
            Prabu Darbayaksa :Ngene patih, kowe dak utus menehake layang panglamar kanggo njaluk Dewi Wilutama.Aja kongsi wani wani bali yen durung nganthi Dewi Wilutama.Aja nunggu suwe, saiki budhal, ngrita prajurit sagelar sapapan kang siaga ing diri lan gegaman.

            Patih Ancakogra :Sendika gusti, tumuntena pun ancakogra badhe madal pasilan kangge nyiagakaken pra prajurit.
            Prabu Darbayaksa :Iya patih, ati ati ing lakumu, aja kaya bocah wing sore.
Dene sang Prabu Darbayaksa bali menyang sanggar pamujan kanggo gampange pakaryanipun patih Ancakogra.Dene iang alun alun Patih Ancakogra ngawe sorengyudha.
            Sorengyudha :Punapa ingkang dados dhawuhipun junjungan kula gusti Darbayaksa, ki patih?
            Patih Ancakogra :Gusti Darbyaksa paring dhawuh supaya nglamar Dew Wilutama menyang Kahyanagan.Mula Sorengyudha, aja kesuwen cepakna para prajurit kang pethingan lan sikep ing gegaman, dina k mangkat mnyang repat kepanasan.
 Prajurit Girikdasar mangkat menyang repat kepanasan bebasan bah ing wayah ketiga, swarane buta pating brengok kaya geludhug.Sandaagane werna werni.

Adhegan ing kahyangan jonggring saloka. Bathara Guru kaadhep Bethara Narada, lan ingkang marak seba inggih punika pangareping prajurit kadewatan kayata Dewa Bayu, Indra, Yamadipati ,lan Temboro.
Bethara Guru :Hong wilaheng sidem permanem, punapa sebabipun ngantos kahyangan saged horeg kados makaten, kakang naradha?
Bethara Naradha :Kula pitados, adi guru sampun ngawuningani sebabipun , amargi adi guru ingkang ngatur lampahipun triloka punika.
 Bethara Guru :mboten kados makaten kakang, bebasan kula pinangka gandhewane, panjenengan minangka jemparingipun.
Bethara Naradha :nggih, mugi mboten nglangkungi adi guru ingkang nyepeng triloka punika.Kahyangan menika saged horeg amargi wonten titah ingkang kumalancang badhe nerak garising kodrat.
Bethara Guru :dipun lajengke kakang?
Bethara Naradha :Raja saking Girikedhasar, Prabu Darbayaksa ingkang awujud raseksa badhe nglamar widadari Dewi Wilutama pinangka garwanipun.
Bethara Guru :Mangke rumiyin kakang, cobi dipun emut, dukrikala semanten ugi wonten raseksa ingkang nggarwa widadari. Lajeng Drabayaksa menapa lajeng kakang anggep nerak garising kodrat?


Bethara Naradha :Leres, ananging punika namung kagem titah ingkang nggadhahi lelabuhan dumateng suralaya, adi guru.
Bethara Guru :Lajeng kita kedah kados pundi gegayutan lamaran punika kakang?
Bethara Naradha :sampun cetha adi guru, dipun wangsulaken kanthi alus rumiyim nanging menawi tetep mbeguguk makutha waton, para prajurit kadewatan sampun siaga.
Bethara Guru :Menawi kados makaten, Indra printahna para kabeh dorandara kinen mapan ing Repat Kepanasan.Balekna menawa ana kang meksa munggah mring kahyangan.
Bethara Indra nuli dalah pangareping dorandara ngirit prajurit menyang repat kepanasan sagelar sapapan kanthi sanjata kang ampuhe kagila gila.
Prajurit Girikedhasar ngancik wektu 3 dina wus tekan ing repat kepanasan, ora sadar prajurit Girikedhasar wis ketemu langsung kwro para prajurit kahyangan.
            Patih Ancakogra :punapa leres menika barisanipun para dewa?
            Bethara Naradha :Bener Drabayaksa,pangiramu ore geseh babar pisan.
            Patih Ancakogra :Sembah kula katur, hyang Naradha?
            Bethara Naradha :Dak tanpa sembahmu kulup, banjur apa wigatimu ngaawa prajurit sagelar sapapan?
            Patih Ancakogra :Junjungan gusti kula Prabu Drabayaksa ngaturaken serat punika.
            Bethara Naradha :Ora perlu mbok pasrahne, isine kanggo nglamar dewi Wilutama ta, panglamare junjunganmu dak balekne amarga wis kinodrat menawa rasekas jodhone karo raseksi, menawa raseksa oleh karo widadari yen widadari mau gelem kanthi tulusing batin.
            Patih Ancakogra :Kelakon tajk gawe sungsang bawana walik kahyangan iki.
Perang antarane raseksa klawan dorandara ora bisa diselaki, para dewa ora kasoran amung ora betah marang ganda kringet lan tutuke raseksa kang badheg.Para dewa mundur lan nutup lawang  kahyangan mring sela matangkep. Bethara Narada golek srana jago menyang ngamarta.





Jejer ing nagara Pringgadani, Prabu Anom Gathotkaca den adep dening keng ibu dewi Arimbi,Brajawikalpa, Brajalamatan saha para kadhang braja liane.

Prabu Anom Gathotkaca: Paman Brajalamatan saha Paman Brajawikalpa, sami basuki jengandika sumewa wontening sitinggil binaturana ?
Brajalamatan & Brajawikalpa:He,eee, kawula nonknon angger anak prabu sih panakrama paduka sampun kula cadhong kanth asta kekalih, mugia dados jimat pangripih saha mindakaken kasantosan.Puji paman kekalih mugi konjuk wonten ngarsa anak prabu?
Prabu Anom Gathotkaca:Enggih paman, dahat anggen kula tampi.Sungkem kula katur Kangjeng ibu?
Dewi Arimbi:Iya gathotkaca, bektimu dak tampa, bali pangestuku tampanana, tetukaa
 Prabu Anom Gathotkaca:Enggih kangjeng ibu,  mugi dados oncoring pepadhang anggen kula nyepeng panguwaos ing Pringgadani menika.Kangjeng paman saha kangjng Ibu, ing ri kalenggahan punika raosing manah kula mboten kepenak, mangka sakmenika keng yayi Pregiwa nembe ngandhut sepuh, menika mretandhani punapa paman?
Brajalamatan :kawula noknon, inggih ngger anak prabu, miturut pamawasipun keng paman menika anamung pangrasa jengandika kemawon, hambokbilih raos seneng ingkang kalangkung ageng amargi ing Prnggadani bakalipun badhe kagungan Pangeran pati ingkang sageda nambah kuncaranipun Pringgadani, ngeer
Dewi Arimbi :kulup anak prabu, pamwasing keng ibu ora beda karo pamanmu Brajalamatan, ananging kanggo luwih becike gage kulup marak seba ing Ngamarta, amarga wus pirang pirang candra iki sliramu ora seba ing ngamarta, ngiras pantes menehi kabar marang sudamarmu lan marang pamanmu janaka menawa bakal duwe putu.
Ora watara suwe marak sowan yaiku keng rayi plangkawati, Raden Angkawijaya di kantheni karo punakawan
Prabu Anom Gathotkaca:Pada raharja tekamu dimas abimanyu?
Raden Abimanyu :inggih kakang mas, sami wilujeng anggen kula sowan ing ngarsanipun kakang mas Gathotkaca.Sembah bekti kula konjuk katur ngarsanipun kakang mas.
Prabu Anom Gathotkaca:Sembahmu daktampa dimas, balik puja puji pangestuku tampanana.
Raden Abimanyu :Inggih kakang mas, dahat anggen kula mundhi. Sembah bekti kula katur kangjeng bibi saha paman Brajalamatan.
Dewi Arimbi :Iya kulup, daktampa bektimu, balik tampanen pangestuku ya kulup.
Brajalamatan :Inggih raden, ugi sampun kula tampi, kosok wangsulipun puja puji saking paman mugi saged dipun tampi.
  Raden Abimanyu :Sanget anggen kawula pundhi, kangjeng bibi saha paman.
Prabu Anom Gathotkaca :Ana apa dimas mampir ing Pringgadani tanpa menhi kabar disik marang keng kakang?
 Raden Abimanyu :Inggih kakang mas, waleh waleh punapa pun rayi anamung badhe ngleresaken pawarta ingkang sampun sumebar ing Pringgadani, dene ing kalenggahan punika rayi kula pun yayi Pregiwa sampun mbobot sepuh, punka napa saestu kakang mas?
 Prabu Anom Gathotkaca :Iya dimas, yayi Pregiwa mbobot 9 sasi, ananging dimas sakdurunge keng dimas marak seba iki mau pun kangjeng ibu paring dhawuh marang aku supaya sowan ing Ngamarata, ngiras pantes menehi kabar marang keng rama dewaji  lan marang paman janaka menawa bakal duwe putu.Anangng dimas, aku njaluk tulung marang sliramau supaya sowan ing ngarsane kangjeng eyang Abiyasa ing Sapta arga kang nduweni wigati supaya menehi gambaran marang lancaring yayi Pregiwa anggone nglairake si jabang bayi.
Raden Abimanyu :Enggih kakang mas, keng rayi mundur pasilan ngestokaken keng dhawuh saking kakang mas.
Prabu Anom Gathotkaca :Sing ati ati dimas, aja kaya bocah cilik(Raden abimanyu metu saka pasewakan agung).Paman Brajalamatan perantahna para kadhang braja saha para prajurit supados njagi kayuwananng praja, dene kangjeng ibu kula suwun mboten kendhat anggenipun ngreksa yayi Pregiwa.Dene paman Brajawikalpa bubrna ingkang sam marak seba, ingsun bakal sowan menyang Ngamarta.
 Brajalamatan & Brajawikalpa :Kawula noknon, sendika angger prabu.

Adhegan ing pertapan Sapta Arga yaiku Begawan Abiyasa kang kaadhep para cantrik, katon nunggu, dhasar begawan kang sidik waskitha ngerti marang buyut kinasihe kanh mrep marak sowan, ora let suwe sowane Raden Abimanyu ln panakawan.
            Begawan Abiyasa :Ngger putuku Abimanyu, pada raharja tekamu ngger?
            Raden Abimanyu :Kawula nuwun kangjeng eyang, nuwun inggih sami basuki.Pangabekti kula katura ing kangjeng eyang begawan.
           
Begawan Abiyasa :Putuku ngger Abimanyu, banget bungah manahing eyang sira ngaturake pangabekti.Ana wigati apa ngger, sowan ing ngarsanipun eyang?
            Raden Abimanyu :Enggih eyang, sowan kula wonten ing ngarsanipun eyang dipun utus kakang mas Gathotkaca tanglet babagan lancaring aggenipun yayi Pregiwa nglairake Jabang bayi, amargi kalenggahan punika yayi Pregiwa nembe ngandhut sepuh?
Begawan Abiyasa :Oh mangkono ngger, yen miturut pamawasing pun eyang putuku kae bakale duweni putra kang ora bedha adoh kaya sudarmane, nanging iku uga gumantung panggulawentah saka wong tuwane pribadi, Ngger.
Raden Abimanyu :Terang trewaca saking pangandikanipun pun eyang, mila makaten kula nyuwun pamit badhe pawartos dateng pun kakang mas Gathotkaca.
Begawan Abiyasa :Iya ngger Angkawijaya, muga raharja ing salakumu.
Raden Abimanyu nuli mlebu alas kanggo bali ing Ngamarta saperlu  nusul pun raka pringgadani kangge maringaken pawarta menggah pamawasing saking pun eyang Abiyasa.
Ing sakdawane dalan para punakawan padaha gegojegan saperlu ngedemake swasana kang lagi horeg iki(Gara Gara).
            Gareng :Truk, gong coba mrenea le,?
Petruk & Bagong : Ana apa ta kang gareng iki ki?
Gareng :Tinimbang wake dewe iki mumet mikir prekara kang lagi tumandhang ing alam donya iki, luwih becik awake dewe dolanan bethekan. Pie wani ora?
Petruk :Aluaah, nek mung ajine kang gareng kambi bagong weeh, kecil.
Bagong :rasah ngono kowe truk, ayoo aku ya wani.
Gareng :tak lekasi, Kewan apa sing ngadege paling suwe?
            Bagong :Aku sik kang, jawabane gajah.
            Petruk :Halah salh kui gong, benere ki jrapah. Wong sikile dawa kaya ngono pie arep linggih, mesthi ngadeg wae.
            Gareng :Wah teg ya pada kuper kabeh, jawabane sing bener ki jago, berdiri sejak taun 1879 nganti seprene sih ngadeg lo
            Petruk :Aseeem, kui jamu jago kang.
            Gareng :Mbuh ra urus, pokoke kuwi ngadeg suwii buanget lo.
            Bagong :Lambemu kang, kuwi udu kewan. Wong tuwa njaluk  pithing ki.


            Semar :heh, Thole rasah padha regejegan.Ayo nderkne ndramu Raden Abimanyu sowan ing Ngamarta.
            Gareng, Petruk, Bagong :Ayo ma, tak derekne.
Raden Abimanyu di tutake dening para punakawan kang tansah gegojegan, ora suwe ketungka kacandheg lakune Raden Abimanyu amarga ana buta kang malang ing laku(Perang Kembang)
            Gendir penjalin :E, bojleng bojleng iblis laknat, satriya mandeg satriya, aja mati tanpa aran kowe, ngendi pinangkamu, sapa jenengmu lan apa sedyamu?
            Raden Abimanyu :Abimanyu aranku, saka kasatriyan Plangkawati,  arep ngetutke krentege ati ketiping netra.Balik apa aranmu?
            Gendir penjalin :Gendir penjalin peparabku.Yen oleh dakbalekne, balia kanthi alus gus.
            Raden Abimanyu :Oleh mbacut, ora oleh mbacut.
            Gendir penjalin :Loh, kowe nantang gus.
            Raden Abimanyu :Kepara nyata.
            Gendir penjalin :Wooo, lena pngendamu klakon dak cokot gulumu gus.
            Raden Abimanyu :Mara gage majua.
Perang ora bisa di selaki, suwe anggone padha bandhayuda, suwe suwe gendir penjalin kalindhih lan mati kena kerise dewe.Abimanyu nerusake laku dateng Ngamarta.
Gantya kang cinarita,jejer ing negara Ngamarta, Prabu Puntadewa kang kaadhep kaliyan keng rayi Raden Wrekudara, Raden Arjuna dalah Raden Nakula Sahadewa.
            Yudhistira :Dimas wrekudara, pada basuki sira ngadep ing ngarsning pun kakang?
            Wrekudara :Ha…..mbarep  kakangku, dhawuhmu dak pundi.Pangabektiku katura
            Yudhistira :Iya dimas, wis dak tamapa. Nadyan dimas Janaka paran pada raharja?
            Janaka :Kawula nuwun, sih panakramanipun kaka prabu, kula tampi ing asta kekalih, dadosa  jejimat.Bekti kula konjuk kaka prabu.
            Yudhistira :Iya, wis dak tampa dimas. Dimas nakula sadewa pad basuki tekamu, dimas?

           
Nakula & Sadewa : Inggih kaka Prabu.Bekti kawula kekalih katur dumateng kaka prabu.
            Yudhistira :Iya, bektine dimas sakloron wus kakang tampa.
Ora watara suwe katungka rawuhipun nata Dwarawati Prabu Kresna.
            (Bage binage . . . . . . . . )
            Yudhistira :Dados kagyating manahipun kula sakadhang kanthi rawuhipun kaka prabu Dwarawati ingkang mboten kados adatipun.Punapa wonten bab ingkang wigatos?
            Prabu Kresna :Ooh yayi samiaji, pangapunten menawi rawuhipun pun kakang ki mau gawe kageting para adhik adhiku pandhawa, Tekaku mrene tanpa kabar luwih dhisik amarga pengen gage menehi kabar kang gawe bombonging para adhi adhiku kabeh, yaiku ora sue maneh bakal ana bebetenging praja Ngamarta kang anyar, isa wae dadi saingan kanggo sudarmane………..
Urung nganti rampung anggone Sri Bethar kresna ngandakake wigatosing gati, katungka tekane Prabu anom Prnggadani, Raden Gathotkaca.
            Yudhistira : Pada raharja teakamu kulup, Gathotkaca.
            Gathotkaca :Enggih wa prabu sami raharja.Sembah kula katura dumateng wa.prabu
            Yudhistira :Iya kulup, wus dak tampa, balik puja pangestuku tampanana.
            Gathotkaca :Enggih wa, sanget anggen kula mundhi.
            (Bage binage . . . . . . . . )
            Yudhistira :Ana wigati apa kulup nganti mara seba ing Ngamarta, wis pirang pirang candra iki sliramu ora ketara ing paseban?
            Gathotkaca :Waleh waleh punapa wa prabu, anggen kula pnten pinten candra mboten mara seba wonten ing Ngmarta, kajawi bebenah tata nagaraning Pringgadani, uga kula mboten negelaken nilar yayi Pregiwa ingkang samenika sampun ngandhut ngancik sasi 9, prekawis menika ingkang ndadosaken kulamarak sowan wonten ing Ngamarta saperlu nyaosi pirsa pawarta menika dumateng rama dewaji saha paman janaka.
            Yudhistira :Sokur bage sewu yen magkono.
            Wrekudara:Haa……bocah edan, ora ngabari wong tuwa yen bapake arep dadi eyang.
            Janaka :Sokur kulup yen kaya mangkono, gawe bungah manah ing paman



Urung rampung anggone wawan pangandiakan, katungka rawuhe dewa sidik pangudal udal.
.
            (Bage binage . . . . . . . . )
            Yudhistira :Wonten sesiku punap ingkang bakal katampi para kadhang Pandhawa, ngantos Bethara datheng Ngamarta?
            Bethara Naradha : Ooo ngger, ora bakal ana sesik kangdi sandang para Pandhawa, nanging suwalike Pandhawa bakal di jaluki senjata pitulungan saka suralaya amarga ing wektu iki suralaya ketekan duratmaka  saka kraton Girikedhasar kang aran Raja Darbayaksa njaluk dewi Wilutama pinangka prameswarine.Mula saka iku sun njaluk palilah saka Yudhistira, saperlu njilih Gathotkaca kanggo dadi jagone para dewa.
            Gathotkaca :Pangapunten pukulun anggen kula nyumela atur panjenengan, kula sged mbok menawi dipun dadosaken jagoning para dewa, nanging ing kalenggahan punika yayi Pregiwa nembe ngndhut sepuh, kula mboten saged tebih saking yayi Pregiwa.
             Bethara Naradha :Yen masalah iku ora perlu khawatir kaki prabu, garwamu Pregiwa bisa d gawa sisan menyang Suralaya, sewanci wanci jabang bayi lair dadi ana sing ngupakara kanthi becik.
Kabeh sarujuk marang iguh pratikele Bethara Naradha , Gathotkaca munggah mring kahyangan minangka jagone para dewa, lan Dewi Pregiwa di gawa mring suralaya supaya ana sing ngupakara nalika lairan.
            Ing Repat Kepanasan prajurit Girikedhasar padha ngedekake tenda saperlu knggo nunggu pamewehing dewa perkaralamaran kanggo Dewi Wilutama.Patih Ancakogra kang lagi penak kamipenak leren, saka dirgantara kasamber dening Gathotkaca.
            Patih Ancakogra :  Heee …..eeee.Ana sstriya bagus murang tata, nyamber saka dirgantara kaya tathit.Sapa aranmu gus, ngendi pinangkamu?
            Gathotkaca : Raja muda saka Pringgadani, Krincingwesi aranku.
Patih Ancakogra :  Krincingwesi
Gathotkca:  Ya Bimasuta, ya Gathotkaca..
Patih Ancakogra :Ana wigati apa sliramu nyamber marang jenenging sun?
Gathotkaca :Apa kowe utusan sing mandhegani saka Girikedhasar kang bakal nglamar Dewi Wilutama?
Patih Ancakogra :Kepara nyata, ana wigati apa?


Gathotkaca :Apa kupingmu budheg yen palamare gustimu wis di balekne, ngapa kowe sak prajuritmu ora bali, neg ora bali klakon ngungak ungak pinggiring neraka.
Patih Ancakogra :Sugih kendel bandha wani.
Gathotkaca :Apa apamu?
Patih Ancakogra :Lena pangendamu klakon mulih kanthi aran.
Gathotkaca :Candhak sirahmu, cekel bangkekanmu klakon ajur kuwandhamu.
Perang tandhing ijen pada ijen, silih padha lindih. Nanging Patih Ancakogra sya suwe saya dangu keseser ing yudha amarga risang gathotkaca perang kanthi nyamber langsung nggegana ing dirgantara.Nalika Patih Ancakogra lena ing pandulu, klakon kapiting sirahe lan kapuntir nganti sirah pisah karo gembunge.Bubar kabeh prajurit Girikedhasar weruh gul aguling praja nemahi pati,
Ora watara suwe, Prabu Darbayaksa magut palagan karo kabeh sawadya bala tumpleg bleg ing ing Repat Kepanasan.
Prabu Darbayaksa :Heh, satriya murang tata, sapa aranmu, saka ngendi pinangkamu,?
Gathotkaca :Gathotkaca aranku, Raja muda saka Pringgadani. Balik sapa aranmu, heh buta kang ora duwe tata krama?
Prabu Darbayaksa :Rungokna Gobogmu, bukaken kupingmu, lekna matamu amba amba.Raja gung binathata saka Girikedhasar, Prabu Darbayaksa peparabku.Apa kowe kang wani mateni Patih Ancakogra?
Gathotkaca :Ora tedeng aling aling, pancen kepara nyata.
Prabu Darbayaksa :Rupamu bagus nanging omonganmu kaya wani ndilat wesi abang, utang pati saur pati. Majua dadi leganing atiku.
Gathotkaca candhak gulumu klakon pisah sirah kalawan gembungmu.
Perang tandhing rame banget, pasir pasir dadi kumepyur ing Repat Kepanasan, nutupi kang sami bandhayudha.
Gantya kang cinarita, sang ponang jabang bayi katol glewo glewo kanthi teja kang ora beda karo sudarmane.Bayi mau banjur di dus nganggo banyu gege, banjur dadi gedhe.Bayi mau di wenehi jeneng dening sang ibu yaiku Sasi Kirana.
            Sasi Kirana : Sinten kang sampun ngukir jiwa araga kula  dhuh kangjeng ibu. sinten sudarma kula?
           

            Dewi Pregiwa : Ngger sasi kirana, sudarmamu ora liya putra saka panenggak pandawa kanthi asma Raden Gathotkaca, raja ing Pringgadani.
            Sasi Kirana :Lajeng, samenika wonten pundi pun kangjeng rama, bu?
            Dewi Pregiwa :Ramamu saiki ana Repat Kepanasan kanggo mrantasi gawe yaiku duratmaka kang gawe gegere Suralaya.
            Sasi Kirana :Dhuh Ibu, kula nyuwun pangestu badhe sumusul datheng Repat Kepanasansaperlu  kangge sabiyantu dumateng keng rama.
            Dewi Pregiwa :Iya ngger, puja pangestuku kang dadi sanguning kasantosanmu

Sang Sasi Kirana sigra medal dateng njawi, eling eling trahing wong Pringgadani, nggedrug lemah kaping telu, klakon miber ing dirgantara tanpa sutang lan lar.
Saka Dirgantara weruh ana pawongan kang jebles karo deweke keseser ing yudha. Cukat trengginas banjur kasamber saka dirgantara Prabu Darbayaksa dening Sasi Kirana nganti semaput.
            Gathotkaca :Heh, bocah tumaruna, sapa aranmu, saka ngendi pinangkamu, bisa mabur tanpa lar?
            Sasi Kirana : Aranku Sasi Kirana, saka Pringgadani.
            Gathotkaca :Mengko dhisik, yen kowe saka Pringgadani, sira atmajane sapa?
            Sasi Kirana : Asmane Ibu Dwi Pregiwa, dene sudarmaku asmane Raden Gathotkaca.
             Gathotkaca :Oh ngger putraku, aku sudarmamu ngger.
Sasi Kirana banjur gapyuk keng Rama, satriya loro kang jebles ing pasuryan banjur mungsuh karo Prabu Darbayaksa.
            Prabu Darbayaksa :Keparat, iblis laknat, kaya thatit nyamber saka dirgantara. Sapa bocah murang tat?
            Sasi Kirana :Sasi kirana aranku, putra saka raden Gathotkaca.Heh Darbayaksa.
            Prabu Darbayaksa :Kurang ajar, sugih kendel bandha wani.
            Sasi Kirana :Apa apamu?
            Prabu Darbayaksa :ati ati bocah bagus, lena pangendamu klakon pecat nyawamu.
             Sasi Kirana :Klakon tak untapke menyang neraka.

Perang gedhe ora bisa di selaki, raden Gathotkaca ngamuk prajurit Girikedhasar, dene Prabu Darbayaksa kasil di pateni Sasi kirana, sirah lan gembunge pisah, pra hapsara hapsari padha mbeksa, nekseni baline temtreming Suralaya
PARIPURNA.

Tidak ada komentar: