Kamis, 10 Desember 2015

tampi penganten



Assalamualaikum Wr.Wb

Nugrahaning Gusti mugi ambabar kabahagyan, waradin sagung dumadi.
Para aji sepuh,sesepuh saha pinisepuh ingkang dhahat sinuba iang akrami
Para sujana sarjana ingkang tuhu sujaneng budi, ingkang dhahat kula aosi.
Sagung para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan.
Mligi saha utaminipun konjuk ing ngarsa jenengandika Bapa Wicaksono ingkang pinangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Raharjo, ingkang tuhu minulyeng budi.
Mradapa awit keparengpun kadang pengendaliwara saha mundhi dhawuh timbalanipun Bapa Widada sekalian garwa iangkang hamengku gati, kula tinanggenah anampi menapa ingkang dados atur pangandika pasrah sakng Bapa Wicaksono ingkang kinurmatan.
Namung sakderengipun kula matur wigatosing gati, langkung rumiyin panjenengan sedaya kula dherekaken raosing matur nuwun konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Murbengrat, dene ing ri kalenggahan punika panjenengan sedaya sesarengan kawula tansah pinayungan karahayon.
Bapa Wicaksono ingkang kula aosi, kula pinangka talanging basa saking Bapa Widada ingkang hamengku gati, sampun sampun saged anggerba wosing dhawuh pangandika pasrah panjenengan wiwit purwa, madya dumugi wasananing dhawuh pangandika.
Sepisan panjennegan dhawuh atur “kula nuwun” kula tampi kanthi atur “ sugeng rawuh saha sugeng pinarak lenggah kanthi mardu mardikaning penggalih.
Kapaing kalih, panjenengan ngaturrakaen “salam taklim” kayur panjenenganipun Bapa Widada gotrah sakulawangsa, ugi sampun kula tampi.Salajengipun salam taklimipun Bapa Widada sekalian garwa ugi konjuka ing ngarsanipun Bapa Raharjo, sumrambah sedaya kulawangsa.
Langkung langkung Bapa Wicaksono masrahaken sri atmaja pinangamten kakung ingkang asesilih Bagus Didin Prasetya S.s kajatukramaaken kaliyan rara ayu Bunga Ngatini S.s putri saking Bapa Raharjo saha ibu sampun ugi kula tampi kanyhi bingahing manah,  nuli tumunten sri atmaja pinanganten kekalih enggal kaIJAB QABULaken.
Bapa Wicaksono ingkang kinurmtan, kanthi kerawuhan panjenengan sabrayat brayatipun Bapa Raharjo saha garwa, kula pinangka wakilipun saking Bapa Widada sekalian namung saged angaturaken raos matur nuwuwn ingkang ageng.


Wondene mangke saparipurnaning pawiwahan, Bapa Wicaksono saha Bapa Widada gotrah sakulawangsa badhe lengser jengkar saking sasana wiwaha, Bapa Widada sagotrah lumantar kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, sugeng rawuh pidalemipun piyambak kanthi wilujeng, nir ing sambekala.
Tutuping atur, kula ingkang tinanggenah matur anampi pangandika pasrah ambok bilih wonten klenta klentu saha kirang trapsila anggen kula matur, kula anamung titah sawantah angaturaken agenging pangapunten.      
Assalamualaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar: