Kamis, 10 Desember 2015

Geguritan " Bedhah Ngalengka "



BEDHAH NGALENGKA
Mataun taun . . . .
Nyakrawati ambau dendha
Sesongaran
Tegel . . .
Mentala
Degsura.....
Culika......
Angkara murka
Pethingane sawiji
Tapa brata
Nanging, lakune kleru marga
Kamurkan den babar
Nyebar udan tangis
Banjir prihatin
Puluhan taun
Wis titi wanci
Kuncara nemahi surut
Praja kobar dahana
Kebyukan bathang sayuta
Telas tapis tanpa tilas
Sentana...nara praja...para putra

Ing sar kundhup palwaga
Kesandhung mahapralaya
Ngumbara kumara
Ing alam antara
Tawang nggantungan

Tidak ada komentar: