Kamis, 10 Desember 2015

GURIT TANGISKU



KANCA LAN WANODYA
Rikala ati kang peteng lelimengan
Amarga ilange tali katresnan
Rikala tindak culika
Kanca kang gawe reka daya

Kuping kang abang mbranang
Kang njalari dadine perang
Perang amarga katresnan
Antarane wanodya lan kekancan

Apa iki nerakane tresna
Panase ngungkuli dahana
Nalika apa sing dak kira
Ora padha kaya sing tak jangka
 
Heh, wanodya lan kanca
Tandukmu kaya kewan ing wana
Lali marang sapadha padha
Dadio kewan kang ujud manungsa




Tidak ada komentar: