Sri Kuning
R.
Hadjowirogo
1. KAWIBAWANIPUN TIYANG
SUGIH
Kala rumiyin ing dhusun
Kuwaron, laladan Jawi Tengah, wonten tiyang kecekapan, nama Surasentika. Kala
jaman semanten caraning tiyang nebas wulu-pamedal taksih gampil, sinten ingkang
purun tumindak makaten, énggal sagedipun kecekapan.
Surasentika punika kegolong
tiyang ingkang sampun andados kecekapanipun, punapa ingkang dipuncandhak saged
dados. Jalaran saking dumlundunging anggènipun ngupajiwa, ngantos nuwuhaken loking
ngakathah, asmatani bilih Surasentika punika ngingah sétan. Ucap ingkang
raosipun dados pangawon-awon wau, tumrapipun Surasentika malah mikantuki awit
sinten tiyang ingkang nyambut dhateng piyambakipun, lajeng énggal-énggal
mangsulaken, selak samar manawi ngantos dipuntekek ing sétanipun Surasentika.
Kados Makaten wohing gugon-tuhon saged adamel kelintuning panganggép.
Sumebaring wartos ing bab anggènipun Surasentika
ngingah sétan saya dumugi dhusun kanan-kéringipun ngriku. Nanging bawahanipun
tiyang saweg keleresan, wartos ingkang sumebar wau malah kados mara-maraken,
lajeng saya ngathahaken tiyang nyambut arta, nebasaken wulu-pamedal, punapa déné
anggantosaken siti, malah sumebaripun ngantos dumugi panggènan ingkang
tebih-tebih.
Surasentika punika ambak tiyang dhusun, kalebet
ragi pinteran, sareng piyambakipun dipunwartosaken dados tiyang ngingah sétan,
malah ageng manahipun, tuwin inggih lajeng nulad caraning ujar tiyang ngingah sétan,
miturut gotèk, tiyang ngingah sétan punika kadhèpipun nrithil, déné Surasentika
inggih lajeng nrithilaken kedhèpipun, malah ingkang èstri punapa inggih
dipunpurih nrithilaken kedhèp, saben ajeng-ajengan kaliyan tiyang sanès kedhèpipun
tetiyang kalih wau ngantos kados titir. Punika ingkang netepaken panganggeping
ngakathah, bilih Surasentika ngingah sétan yektos.
Menggah sajatosipun Surasentika jaler-èstri
punika sami tiyang kajeng nyambutdamel, sarwaning padamelan ingkang anjalari
wedaling nipkahipun, dipuntindakaken kanthi tumemen. Manawi ngedalaken arta,
bebasanipun manawi dèrèng cetha dhateng buneringarta, dèrèng dipunculaken. Mila
arta wau, ingkang nama babon, wangsulipun mawi ambekta anakan kathah. Tumrap
panggaraping sabin ingkang nama sampun dados wewenangipun, dipuntetepi kados
wajibipun, saha netepi kados caranipun tiyang tani, umum-umum sampun amanggul
pacul kekecèh wonten ing sabin. Antukipun atilar pedamelan ingkang sampun
tumanja. Sadumugining griya nedha sawontenipun sekul wos énggal, kokoh jangan
namung kaliya sambel, ingkang araos ngungkuli raosing bestik mawi mertéga.
Daya-dayaning tetedhan ingkang Makaten wau adamel sarasing badan: mathékoling
lengen kados acaluluk ya iki wohing gawé kang migunani.
Bok Surasentika Makaten ugi, wonten wekelipun dhateng
ing damel, bebasanipun kados déné tumbu angsal tutup. Pedamelipun kejawi nampèni
lebeting wulu-pedamelan, ugi taksih nyambi tempuran, nyegati tetiyang ingkang
sami badhé sadé uwos dhateng peken. Malah kalamangsa saselaning tempuran,
lajeng sadé sinjang dhateng peken-peken ingkang kénging dipunlajo saking
griyanipun. Manawi pekenipun tebih, jam kalih dalu sampun bidhal, mantukipun
ngantos rep, saweg dumugi ing griya. Ing ngriku boten wonten ngadhuh-ngesesipun,
awit sayahipun angsal lelintu kumropyoking arta ingkang tanpa kendhat. Malah
misuwuripun wonten pepekenan, bok Surasasentika karan kuwadéan ingkang kèwes, sanadyan
bok Surasentika punika upamia jam sampun wanci ngasar, kèwesipun manawi sesadéan
taksih saged miluta dhateng ingkang tetumbas.
Miturut kawontenanipun Surasentika jaler-èstri
ingkang kados makaten menika, kados sampun leresipun saupami dipunlulutana ing
donya brana.
Gesangipun Surasentika ing
dhusun Kuwaron, kapétang tiyang ingkang kacekapan piyambak. Menawi dipunsawang
kaliyan caraning tani, ketingal aggèning bentil sanget, nedha trimah
sawontenipun, nyandhang-nganggé sarwa barès, jaler-èstri kaduk sami nyandhang
sarwa lurik, ngankah awèting anggènipun, nanging manawi dipunsawang kanthi
mripat kapriyayèn, Surasentika punika ketingal satunggaling tiyang ingkang
mriyayèni. Griyanipun brukut, pandhapinipun dipungedhègi mubeng, ing nglebet
isi méja kursi saé manut gagragipun kala jaman semanten. Salebeting griya
prabotanipun pinanggih sarwa mepeki, malah caraning dhusun Makaten, pinanggih
ragi anèh, mawi gadhah brandkas punapa. Inggih brandkas wau loking ngakathah
ingkang dipunwastani kandhanging sétan. Prakawis kasenengan inggih gadhah,
Surasentika ngingah kutut ingkang ageng anggungipun, ing kalaning mungel kerep
damel kagèting para remen peksi ingkang nuju langkung, rumaos kados mirengaken
swantening gong suwukan.
Tumrap bok Surasentika labetipun kecokan bakul,
kerep sesrawungan kaliyan tiyang sanès, mila inggih kerep ketamuan. Ing
kalanipun ketamuan wau lajeng saged nyugata sarwa pantes, déning sampun sadhiya
tetedhan ingkang kénging karimat dangu.
Kawontenanipun
Surasentika sarwa tentrem, rumaos manawi gesangipun tinengga ing kabegjan, bandha
sampun boten kekirangan, malah manawi saged, samangsa wonten pilihan lurah
dhusun, badhé majeng dados sawung, apawitan kadugi déning boten kekurangan
bandha. Nanging wantuning pangkat lurah dhusun punika golonganing drajat, dados
inggih boten kénging dipun-gegampil.
Surasentika gadhah anak
satunggal, èstri, nama Srikuning, wedalan pamulangan angka kalih, wawratipun
laré dhusun, warninipun sampun saged damel cingaking para nénéman ing kitha.
Menggah ing pakulitan, Srikuning sampun kecetha wonten ing nama, paraèanipun
sumeblak kados padhanging rembulan, rambut cemeng panjang amewahi damel ngalélaning
warni. Kuciwanipun Srikuning punika dèrèng saged mastani awon-saéning
sandhangan, namung kulina nganggé sarwa lurik-lurikan. Nanging malah inggih
kaleresan, sandhanganipun ingkang sarwa prasaja wau pikantukipun namung damel
lamlamipun ingkang ningali, mila sanadyan panganggé cara dhusun, ugi dipuntelad
ing sanès. Makaten ugi, Srikuning punika sanadyan laré wedalan saking
pamulangan, wantuning bèbèting tiyang tani, inggih taksih purun anggéndong
senik, begjanipun Srikuning déné senikipun wau boten adamel kusuding warninipun.
Ing wekdal punika
Surasentika jaler-èstri ragi kajudhegan manah, jalaran saking ngraosaken
anakipun èstri wau, tansah dipuntakèkaken tetiyang ngrika-ngriki. Judhegipun
Surasentika jaler-èstri wau, saking bingung milih ingkang pundi. Saya
judhegipun malih, sareng tiyang-sepuhipun gadhah pamilih, Srikuning kipa-kipa,
boten badhé purun nglampahi.
Ing kala nuju sirep laré,
Surasentika jaler-èstri linggihan wonten ing ambèn, ingkang jaler tanpa kendhat
kempas-kempus ngempakaken sesipun klobot ing upet. Ingkang èstri angglenyèh
nginang, sakedhap-sakedhap kemirengan criting idu, lajeng klakep kèndel angemut
susur.
Surasentika wicanten
kaliyan ngèndeli anggènipun ses: “Kepriyé ta embokné, aku pancèn ngrumasani duwé
satru mungging cangklakan temenan, saméné aboté wong duwé anak wadon.”
Bok Surasentika
mangsuli kaliyan nyopot susur: “Pakné, sanadyan paribasan iku nyata, nanging
aja kougemi banget-banget. Ya sapa wonge ora ribet ngrasakaké rèwèling anak.
Yen caraa dhèk biyèn, bocah iku mung gumantung ana wasésané wong-tuwa. Balik
saiki, ora kena mangkono. Yen karepmu aku wis ngerti, kowé rak seneng nèk
anakmu éntuk wong sugih: ta?”
Surasentika: “Pancèn
mangkono, yèn si gendhuk bisa laki olèh anaké wong sugih, arep apa manèh. Aku
rak wis ngerti nyang karepé jaka-jaka kang padha ngarepaké menyang anakmu. Kaé:
carik Treban, ngétokaké anggoné wis duwé bengkok bumi. Kae: magang Kadhestrikan,
ngétokaké anggoné calon priyayi. Sing takgumuni, kaé lo, anaké bekel Patrarejan,
anggoné ora nyebut, sing diendelaké apané. Yèn bagusa, bagusé.”
Bok Sura: “Es, yèn
nacad uwong sagelem-gelemé, kowé banjur arep ngrumangsani anu: ta.”
Surasentika: “Ora.
Uwong kuwi rak ya kena: ta rada ngrumasani sathithik, witikna apa uwong mung
ngrumasani asor baé. Saya ing ngatasing bakal jodhoning anak, apa aku ora
wenang ngelèkaké mripat kang amba, ora wenang nglandhepaké pangganda lan ora
wenang niling-nilingaké pangrungu?”
Bok Sura: “Ayah, kowé kuwi sugih pracéka. La
sing kok pilih sapa: ta?”
Surasentika: “ Yèn aku, kaé
lo anaké Mas Cakarya, rupané ora kebuwang, dhasar anaké wong sugih. Iya apa
ora?”
Bok Sura: “Satemené aku ya wis mathuk. Nanging
kepriyé ta, anakmu kotari, kipa-kipa. Aku ngélingi anak mung siji, karepku iya
takéman-éman. Beciké iya ditut waé dhisik. Lan kowé dhéwé ngélingana, pakné.
Kasugihanmu wis cukup, aja murka-murka banget.”
Surasentika: “Elo, kowé bisa ngarani murka. Apané!”
Bok Sura: “Uwong kuwi lumrah, yèn nyang awaké
dhéwé ora ngrumasani, sing cetha mung kaanané wong liya. Lha anggonmu kepéngin
bésanan karo wong sugih kuwi, rak mung saka éman kagempil bandhamu: ta?”
Surasentika: “Yèn kokdakwaa mangkono, ya kena.
Nanging mungguh ing pamawasku rak nyata. Coba, wong-wong kabèh sing arep ngajak
bésanan karo aku, kuwi rak saka anggoné mélikaké menyang bandhaku. Kuwi wis
mesthi. Mula kabèh kang takrasa ngono, iya takanggep wong kang padha ngarah
pakolih.”
Bok Sura: “Iya sanadyan mangkono, pakné, kabèh
kang padha nakokaké anakmu, sanadyan ora kotampika, iya sing sarana becik, aja
grusa-grusu awit sisip-sembiré, rak jeneng uwong mijèni endhem-endheman keling,
tembé buriné mesthi bakal thukul.”
Surasentika: “Yèn takpikir-pikir iya ana beneré,
awit sapa kang nakokaké anakmu, endi kang ora ketampan, mesthi padha ngandhut
serik. Beciké iya padha diwangsuli waé, kepriyé kepénaké. Saiki salin rembug bokné.
Apa iya ta aku iki mung manggung kaya ngéné waé.”
Bok Sura: “Kaya ngéné kepriyé ta: pakné. Kowé
arep duwé karep apa?”
Surasentika: “Anu bokné, saupama lowongan lurah
désa kéné iki dimagangi kepriyé: ya?”
Bok Sura: “Pakné, bok uwis nrima, kowé wis ping
pira angonmu magang, ora tau dadi, tiwas ngenes pikir.”
Surasentika: “Uwong iku aja matèkaké ing
pambudidaya, sapa sing weruh kabegjaning uwong.”
Bok Sura: “Ya sakarepmu: ta. Mung bab prakara
anakmu ing saiki atiku mung ora téga yèn taktinggal ana ngomah dhéwé; karepku
yèn aku nyang pasar ya takejak”
Surasentika: “Iya bokné, sakarepmu.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar