(Epos Carangan Setyaning
Murid Aprabeya Pati).
Crita kawiwitan saka negara
Paranggelung, kang lungguh ing dhamparing kedhaton yaiku prabu Palgunadi utawa
Bambang Ekalaya nalika isih tumaruna, nduweni garwa kang tuhu setya marang
jejere guru laki, tansah mesem lan nduweni swara kang alus nalika wawan
pangandikan, yaiku dewi Anggraeni putri saka dewi Warsiki minangka salah
sawijining widadari ing suralaya.
Sang prabu Palgunadi wiwit lair
nduweni musthika kang tansah tumempel ing drijine, yaiku Musthika Ampal.Prabu
Palguna uga minangka turas saka wangsa Nisadha utawa pemburu, saingga nduweni
katrampilan ing babagan olah kridhaning jemparing.Lumantar tembang rawat rawat
kang kapireng dening Palgunadi ing tlatah Astina ana sawijining panhita kang
nduweni tataran ilmu kang dhuwur ing babagan olah gegaman, kalebu jemparing
uga.Mula, Bambang Ekalaya nduweni pepinginan supaya di dadekake murid saka
pandhita mau.
Banjur ing sawijining dina sang
prabu Paranggelung mau lan garwane dewi Anggraeni bnjur mangkat menyang
Sokalima saperlu ketemu kalawan pandhita mau, ing sadawane dalan, Bambang
Ekalaya amung nglepasake jemparing dene kang dadi sasarane yaiku wit utawa sato
kanag galak, sakwise wis kuwi sang prabu mau banjur takon marang pawongan kang
nduweni tracak jaran, ora liya bambang Aswatama.
"Pangapunten kisanak, namung
badhe nyuwun pirsa margi tumuju ing padepokan sokalima ppunika pundi”?.
Pitakone sang Palgunadi marang Aswatama.
Sang Aswatama katon gawok marang
kang ana mbuirne sang Palgunadi, ora liya dewi Anggraeni.Aswatama bakale luwih
bisa tetepungan amarga wong loro mau arep menyang Sokalaima, mula dening
Aswatma banjur katerake menyang ngomahe.Ing kono banjur sang prabu Paranggelung
ngutarakne ancase teka ing padepokan kono yaiku kanggo dadi muride sang
pandhita Drona.Sang Baratwajaputra katon bingung, amarga dheweke wis prasetya
marang resi Bhisma nalika ngangkat Pandawa lan Kurawa minangka murie, Drona ora
di keparengake ngangkat murid maneh, nanging ibg wektu iki Pendidikane knggo
trah barata wis rampung, nanging tetep ana para pandawa kang latihan mrono
saperlu nambah seserepan marang kaprigelane ing olah senjatane pribadi pribadi.
Sanf Drona banjur urung menehi
predikat kanggo Palgunadi minangka muride, nanging Ekalaya wis antuk palilah
kanggo nyecep sakabehing ilmu ing Sokalima kene, kalebu uga ilmu babagan olah
jemparing, nalika sasuwene prabu Palguna lan dewi Anggraeni ana ing Sokalima,
sang aswatam tansah seneng anggone nyawang ewi Anggraeni, mula saka ing ngarep
sang pandhita urung nolak penjaluke sang Ekalaya amarga saka putrane mau kang
uga nduweni rasa marang dewi Anggraeni, Aswatama katon mbeani wiwit sang dewi
ana Sokalima, dheweke tansah ana padepokan lan uga tansah gladhi breng sang
Ekalaya.Sang Ekalaya banjur seneng latihan ana ing tengahing alas ln katunggoni
patunge sang resi kang di gawe dhewe, tansaya suwe tansaya dangu kaprigelan lan
kalantipane sang prabu Paranggelung mau bisa nandhingi kawaskithane Arjuna
babagan olah sanjata jemparing.
Dene Dewi Anggraeni kang ana
Sokalima uga uwis kaondurake mulih menyang negara Paranggelung.Kabar
kaprigelane sang Palguna kasebar nganti tekan pangrungone Arjuna, Sang Arjuna
banjur tindak menyang Sokalima awit miturut kabar, sang pandhita Drona kang wis
ngolehake raja Paranggelung mau nyecep kawruh saka pandhita Drona.Sang Palguna
banjur takon marng gurune gegayutan sejatine kabar mau bener apa ora.Kabar mau
banjur di benerake dening sang Baratwajasuta, kabeh mau di lakonake kanggo si
Aswatama, amarag putrane mau kasengsem marang garwane Palgunadi.Kamangka resi
Drona wis janji marang Palguna, yen dheweke bakal ndadekake minangka pemanah
kang tuhu sudibya ln ora nan tandingane, mula kanggo nebus kuwi sang resi
kalawan Palguna lunga menyang panggonan Palgunadi latihan manah, ing kono sang
Palguna isa ngerti yen kabar perkara kaprigelane Palgunadi dudu warta kang
ngayawara, isa di arani kaprigelane sang Ekalaya selaras kalawan Janaka.
Mula Drona kanggo ngijoli rasa
kaluputane marang sang Arjuna, sang Drona Nduweni rekadaya kanggo mungkasi
kaprigelane sang Ekalaya.
Sang Drona banjur marani anggone
sang Ekalaya latihan, katon bungah sang Ekalaya.hewke banjur ngaaturake sungkem
pangabekti marang kang wis di anggep minangka gurune mau, sang Drona Banjur
paring dhawuh supaya I terusake anggone latihan.
Sang Ekalaya banjur nerusake anggone
latihan olah jemparing,sang Ekalaya sanget anggone bungah amarga latihane
katunggoni resi Drona kang sanyatane,Mula gregete anggone gladhen tansaya tikel
matikel.Sang Drona mudeng yen titik pangapesane saka Bambang Ekalaya ing rijine
kang di panggoni Kalpika Musthika Ampal, kang kagawa Ekalaya wiwit lair.
Mula sang Drona kanthi alesan kanggo
nguji kasetyane sang murid marang gurune, pandhita Drona njaluk driji kang ana
musthikane mau supaya katugel minangka tandha bukti kasetyane Ekalaya.
“Ngger, Ekalaya.Yen nggonmu nganggep
aku miinngka gurumu kang tuhu mbok bekteni, aku njaluk bukti saka rasa bektimu
marang jenenging sun”.panjaluke sang guru marang muride.
“Inggih kangjeng bapa resi, awujud
napa ingkang kedhah kula pisungsungaken dumateng pnjenengan minangk tandha
bekti kawula?’.Pitakone sang Ekalaya.
“Pun bapa ora njaluk kang awujud
gebyaring kadonyan, nanging bapa amung njaluk marang kasaguhanmu kanggo
masrahake drijimu kang ana Musthika Ampal kuwi”,Mangkono mau panjaluke sang
Drona.
Ketara kaget tyasing sang Ekalaya,
nanging kasurung marang bektine sang guru, mula driji kang ana Musthika Ampal
mau banjur katigas nganggo kerise pribadi.Sawise driji mau pisah kalawan
anggane, sang Ekalaya tib kapidara bablas nemahi seda.
“Resi kang ora ngerti unggah ungguh,
jeneng sira wus dak bekteni nganti trusing batin nanging kaya mangkono
piwalesmu, eling elingen.Suk nalika ana perang gedhe ya ing kono piwalesku
lumantar bocah kng lahir lewat sesaji agni, kinrya slamet guru”.Swara mau
banjur ilang.
Tembe mbur sang Resi Drona nemahi
palastra ing tegal Kurusetra nalika perang brubuh barata yudha jayabinangun,
den kang mrejaya resi sekti mau ora liya putra saka Pancalaradya, yaiku raden
Dresthayumena kang lair lumantar sesaji agni bebarengan lahire dewi Drupadi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar