(Epos Carangan
Pastu sang Ludiro Seta)
Crita kawiwitan ing negara kang tuhu
agung lan misuwur, yaik negara Mandaraka.Dene kng lungguh ing hamparing
kedhaton ora liya yaiku prabu Mandrapati.Pancen raja kang tuhu luhuring
pakerti, berbudi bawa leksana, mula nora kliru yen Mandaraka kalebu negara kang
gemah ripah loh jinawi, murah sandang lan pangan, tata, titi lan tentrem.
Sang prabu nduweni putra loro saka
garwa prameswari dewi Tejawati, yaiku raden Narsoma lan dewi Madrim.
Ing wektu kuwi raden Narasoma urung
gelem rabi lan isih seneng mbebedhag alas kaanggo golek sato utawa nggolek ilmu
kanuragan supaya nalika nggnteni keng rama nalika lengsering keprabon ora
nguciwani ing babagan paprangan.
Ing sawijining dina nalika raden
Narasoma mbebedhag alas bebarngan kalawan prajurite, nanging sakabehing kewan
kang arep di bedhag padha mlayu sipat kuping amarga ngerti raseks kang gehe
mawi sandangan resi, kadadean mau ndadekake raden Nrasoma nesu lan kuciwa,
dhasare wong kang getapan, mula sang pangeran banjur paring dahwauh supaya
ngrangket raseksa mau lan di gawa menyang ngarepane, para prajurit banjur ngestokne
dhawuh mau lan mangkat ngrangket raseksa mau.
Nanging kabeh prajurit mau ora bisa
nyekel raseksakang tuhu sekti mau, gelem ora gelem sang Narasoma kudu cawe cawe
kanggo nyekel raseksa mau, Narasoma kasil dgep dhepan kalawan raseksa mau.
Nanging raseksa mau mandeg anggone nrajang,
malah takon maarang raden Narsoma.
“Radeen, punapa leres pnjenengan
punika ingkang anami raden Narasoma saking Mandaraka?”, pitakone raseksa mau
kanthi sareh, lan ora kaya lumrahe raseksa liyane.
Narasoma banjur mbenerake pitakone
saka raseksa mau, kanthi sakedheping netra Narasoma banjur kabopong lan di gawa
mabur menyang raseksa mau.Raseksa mau ora liya yaiku Begawan Bagaspati,
sanadyan nduweni palarapan kang nggegirisi kaya lumrahe raseksa, nanging
Bagaspaati nduweni kaluhuran lan kasabaran ngluwihi sapepadhanaing resi liyane.
Begawan nganglang negara Mandaraka
awit di tangisi dening anak wadone kang sesilih dewi Pujawati, dewi Pujawati
ngimpi yen lagi ana ing samudraning kanikmatan bebarengan Satriya saka mandaraka
kang aran Narasoma, dewi Pujawati matur marang sudarmane supaya nggoleki
satriya mau.
Ora let suwe, sang begawan tumek ing
pratapane yaiku pertapan Argabelah, tekan pertpan mau sang raden banjur di
papanake ana ing kamare dewi Pujawati.
“Pangapunten kangjeng rama, punapa
raden punika mboten saged sumerep, la kok netrane tansh merem kemawon?’
pitakone dwi Pujawati.
Bagaspati nagandaharake menawa wedi
marang paraupane mau, di kira yen putrine uga nduweni pasuryan kang padha karo
sudarmane.Mula kanthi alon alon, tangane dewi Pujawati mijeti ampeyane raden
Narasoma.
\ “Heh putrine buta, aja wani wani
tanganmu kang kaya kikir kuwi njejemah marang awakku”.Mangkono pangandikane
sang Narasoma.
Kamangka tangane sang dewi bebasan
aluse kaya kain sutra, kanthi kagoling ati sang dewi ninggalake Narasoma kang
isih meremake mripate.Kanthi alon alon, tangan saka Narasoma nyekel tangane
sang dewi supaya ora lunga, awit sang dewi nduweni suwara kang alus banget.Sang
raden menggalih, en suwarane wae alus apa maneh pasuryane.Kanthi alon alon
netrane sang Narasoma di buka lan ngewasake sang dewi saka ngisor pok ing sikil
nganti tekan pasuryane, bebasan kaya bethari Ratih kang ngejawantah.
Pancen sang dewi Pujawati minangka
putri saka salah sawijing widadari ing suralaya, yaiku dewi dharmastuti,
nanging dheweke banjur bali kahyangan sawise nglairake dewi Pujawati,
Sakdurunge nduweni peparab Bagaspati, dheweke nduweni jeneng Bambang Anggana putra
lan nduweni pasuryan kang bagus, nanging bareng kasedakke dening bethara guru
banjur malih adi raseksa, nanging dheweke kasinungan getih putih mula sang
Bagaspati nduweni aji Candrabhirawa.
Mbaleni sang Narasoma mau, sang dewi
banjur akpondong lan kacumbu dening sang Narasoma, pendeke kekarone banjur dadi
bebojoan, minangka pasangan pinanganten kang isih anyaran, kekarone padha
seneng andon asmara, lan adus wae bareng lan ijolan anggone kosokan awak.Ing
wulan kapisan kabeh isih krasa manis lan endah.
Ing wulan kapindho, manise ilang
amarga sang Narasoma katon sungkawa lansedhih atine, dening sang dewi di
takoni, apa kurang anggone leladi.Nanging Narasoma ora semaur, dheweke krasa
isin yen nduweni maratuwa awujud raseksa, apa kang dadi omongane wong wong
mandaraka yen ngerti menawa maratuwa saka Narasoma awujud raseksa,
“Yayi, Sliramu milih aku utawa bapa
Bagaspati?.Yen milih aku, jaluken pati bapa bagaspati, nanging yen yayi
pujawati milih bapa begawan, wis cukup sesambungan iki yayi. Muga yayi Pujawati
wis urip bagya mulya”.Mangkono mau ature Narasoma.
Ewi Pujawati banjur mlayu menyang
ngarsane bapa bagaspati, kabeh kadadean banjur di aturake ing ngarsane begawan
Bagaspati.Bgaspati bisa mangerteni rasa wirange mantune, mula dewi Pujawati
kadhawuhan nimbali garwane, si Narasoma
Kekarone banjur tumungkul ing
ngarsane sang begawan, sang begawan banjur ngandharake yen dheweke gelem bali
menyang alam kalanggengan, naging sang Narasoma kudu nyaguhi mung dewi Pujawati
kang dadi garwane, lan ya mung pujawati ora nan liyane.Sang Narasoma nyaguhi,
sakdurunge kuwi uga sang begawan ngajarake carane mignakake aji candrabhirawa,
sakwise kuwi Narasoma di dhawuhi njupuk jungkat cis kang ana meja lan supaya
katancepne ana ing jajajne sang resi mau.
Muncrat getih putih saka jajane sang
Bagaspati, katon getun keduwung sang Narasoma ngerti maratuwane tuhu wong kang
suci lan luhur budine.
“Bapa, bapa, aku melu bapa.Aku wegah
melu mantumu kuwi, hawane beda bapa”.ature sang Candrabhirawa.
Gelem ora gelem aji Candrabhirawa
mau melu Narasoma, dewi Pujawati kagubah jenenge dadi dewi Setyawati.Nanging
ing anatariksa ana suwara kang ora
Kaon wewujudane.
“Heh Narasoma, poma aja nagnti lali,
ing samengko na wancine aku nuntut saka tumindakmu.Nalika ana ratu kang luhr
budine lan ndueni getih putih, ing kono marga saka anane piwalesku.” Mangkono
ature sukma Bagaspati marang Narasoma.
Pungkasane Narasoma kang nduweni
jeneng Prabu Salya, mati ana tangane prabu Puntadewa ing perang Barata Yudha
Jayabinangun kanthi pecah jajane kena gaman jamus kalimasada, dene aji
candrabhirawa metu lan melu Yudhistira, awit Puntadewa nduweni getih putih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar