Dina
Pendidikan Nasional
Dina
Pendidikan Nasional yaiku dina saka jati dirining bangsa yaiku dina pendidikan
biso nggambarke utawa ruh saka bangsa awake dewe, bangsa sing gedhe yaiku
bangsa kang peduli marang pendidikan, lan pendidikan yaiku modal awal saka
perkembangan bangsa. Ngomongke babagan pendidikan mesti awake dewe tepung
dening tokoh Ki Hajar Dewantara, awit saka kuwi aku arep ngupas sosok Ki Hajar
Dewantara lan Dina Pendidikan Nasional Ngapa, Geneya, lan Kepriye Pendidikan
Nasional ing pandangan Ki Hajar Dewantara. “TANAH air kita meminta
korban. Dari di sinilah kita, siap sedia memberi korban yang sesuci-sucinya…
sungguh, korban dengan ragamu sendiri adalah korban yang paling ringan… memang
awan tebal dan hitam menggantung di atas kita. Akan tetapi percayalah di
baliknya masih ada matahari yang bersembunyi… kapan hujan turun dan udara
menjadi bersih karenanya?” (Ki Hadjar Dewantara). Sapa sing ora kenal
sosok tokoh pendidikan Bapak Ki Hadjar Dewantara, tokoh sing duwe jasa bangun
pendidikan ning Indonesia. Ki Hadjar kang duwe jeneng asli R.M. Suwardi
Suryaningrat yaiku tokoh pendidikan nasional. Kegiatane diwiwiti minangka
jurnalis ing pirang-pirang layang kabar karo EFE Douwes Dekker, ngelola De
Expres. Ki Hadjar aktif dadi pengurus Boedi Oetomo lan Sarikat Islam.
Sakbanjure karo Cipto Mangun Kusumo lan EFE Douwes Dekker — dijuluki ”Tiga
Serangkai” — Deweke ngedekke Indische Partij, organisasi politik kaping siji
ing Indonesia sing kanthi tegas nuntuk Indonesia mardika. Ing zaman Jepang,
peran Ki Hadjar tetep menonjol. Karo Soekarno, Hatta, lan Mas Mansur, dijuluki
“Empat Serangkai”, mimpin organisasi Putera. Nalika mardika, Ki Hadjar
dadi Menteri Pengajaran Kapisan. Ajaran kepemimpinan Ki Hadjar Dewantoro sing
poluler ing kalangan masyarakat yaiku Ing Ngarso Sun Tulodo, Ing Madyo Mbangun
Karso, Tut Wuri Handayani. Sing intine pemimpin kudu duwe sifat kasebut supaya
iso dadi panutan kanggo bawahan utawa anak buahnya. Ing Ngarso Sun Tulodo
artine Ing ngarso kuwe didepan , Sun sekang kata Ingsun sing artine saya,
Tulodo berarti tauladan. Dadi makna Ing Ngarso Sun Tulodo kuwe dadi pemimpin
kudu bisa ngewei suri tauladan nggo anak buahe. Saiki akeh pemimpin sing sikap
lan prilakune ora kena dadi panutan nggo anak buaeh. Ing Madyo Mbangun Karso,
Ing Madyo artine neng tengah tengah. Mbangun berarti membangkitan atau
menggugah lan Karso berarti niat. Maknane, dadi pemimpin neng tengah kesibukane
kudu mampu mbangkitna semangat kerja bawahane. Tut Wuri Handayani, Tut
Wuri artinya ngikuti sekang mburi lan handayani artine ngewei dorongam moral.
Maknane, komandan utawi pimpinan kudu bisa ngewei dorongan moral sekang mburi
ben bawahane nduweni semangat kerja. Kanggo ngenang jasa suwargi, mula Pengetan
Dina Pendidikan Nasional 2 Mei ora iso dipisahke saka sosok Ki Hadjar
Dewantara, tokoh kang jasa majuke pendidikan ing Indonesia. Mugo-mugo awak dewe
generasi enom bisa nglanjutke cita-cita beliau, lan iso ngamalke ajaran sing
uwis di babarke dening Ki Hajar Dewantara. (Amin)
Disalin dari : http://www.burung-net.com/2014/11/contoh-artikel-bahasa-jawa-tentang-pendidikan.html
Disalin dari : http://www.burung-net.com/2014/11/contoh-artikel-bahasa-jawa-tentang-pendidikan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar