Minggu, 10 Januari 2016

Seri kutuk pastu ing pewayangan



(Epos Carangan Aruna lan Aruni)

            Crita kang kawiwitan ing negara Atas angin, ana  sawijining pandita kanthi aran Begawan Kasyapa,  dhweke nduweni garwa 2 yaiku dewi Winata lan dewi Kadru, kekarone urung nduweni putra, mula dheweke marak sowan ing ngarsane begawan Kasyapa, saperlu pengen nduweni momongan.
            “ana apa kekarone pada marak sowan ing ngarsananingsun, apa ana babagan kang wigati?”, mangkono pitakone begawan kasyapa marang garwa kekarone.
            Dewi Winata lan Kadru banjur matur yen sejatine dheweke pengin nduwenei jejere putra, nanging nganti saiki wong sakloron urung ana tandha tandha bakale nggarbini, kahanan mau di mangerteni dening bagagwan Kasyapa,Sang begewan banjur paring tendhog utawa tigan menyang dewi Kadru lan Winata, lan pesene supa endhog mau kaeremi lan bakale netes lan lair putra, memper kya sing di penginake.
            Banjur kekarone mundhur saka ngarsane sang begawan, kanthi bungah wong loro mau ngeremi antiga mau.Wis nganti atusan taun, akhire tigan dewi Kadru netes lan nglairake awujud naga kang akeh antarane Naga Gombang, Taksaka, Basuki, Kumala lan ula cilik cilik liyane.
            Kahanan mamngkono mau ndadekake rasa cuwaning dewi Winata, awit tigan saka peparinge begawan Kasyapa urung nan kang netes.Saking gedhene pepinginane banjur, tigan mau di peksa betes kanthi cara di pecahake, saka tigan mau lair garudha nanging kanthi kahanan urung wayahe  netes.Sang bayi garudha mau di wenehi tenger Garudha Aruna, sang Aruna urung nduweni wulu mulane rasane lara kabeh, saking rasa lara kang ora bisa kinampet lan dukane marang kangjeng ibu sang Wianata, mula Aruna nyupata marang ibune.
            “Heh kangjeng ibu, menthala lan tega panjenengan netessake aku kang urung wancine lan ndadekake rasa lara ing sakujuring badanku, mula poma aja lali dhuh ibu, kangjeng ibu uga bakal ngrasakne kelara lara kaya apa sing dak rasa lan bakale luwih lara amarga amung dadi gediba tan rineganan”, kaya mangkono mau sote sang Aruna.
            Bareng sang Aruna wis tuwuh wulune lan pengkuh kanggo nyangga awake ing dirgantara, Garudha mau lunga tanpa arah kang pinasthi.Dheweke gela marang apa kang wis kinucap marang sang ibu, nanging sakdurunge Aruna lunga dheweke menehi pesen marang ibune.
            “Dhuh ibu, pun Aruna badhe nganglang saindhenging dirgantara menika, anging kula namung badhe nitip pesen supados tigan ingkang namung setunggal punika kasuwun dipun rumat kanthi tumemen, amargi napa kang medal saking tigan wau ingkang saged nguculake panjenengan saking sot kula”. Ature Aruna.
            Sang Aruna banjur lunga, mesat ing dirgantara ilang ing walike para mega.Apa kang dadi pesene Aruna pancen di estokne kanthi tumemen dening Dewi Winata.
            Ing sawijining dina nalika dewi Kadru lan Winata padha seswangan ing ngantariksa, padha rersana endahing swasana kang karasa.Dewi Kadru lan Winata kuwi sejatine mbakyu adhi, sinambe rasan rasan, kekarone weruh jantrane turangga kadewatan, yaiku kud ucchahisrawa, dewi Kadru banjur gawe toh tohan kanthi nebak warna kuda ucchahaisrawa mau, sapa kang kalah kudu gelem dadi gedibal selawase, dewi Winata banjur nyanggupi.Dewi Kadru nebak yen warna kuda kadewatan mau yaiku ireng, dene dewi Winata nebak sewalike, kuda kadewatan mau ulese putih memplak.
            Dewi Kadru wis krasa yen dheweke bakal kalah, nanging dewi Kadru bnjur ngandharake kekarepane kang la marang putra putrane, nalika kuda ucchahaisrawa sesuk nganglang dirgantara para naga supaya nutupi kuda kadewatan mau supaya wernane malih dai ireng,  nanging dening para putrane cara mau cara kang nistha lan ora sarujuk marang apus rama mua.
            “Heh anak anak ora ngerti wales budi, bakale ing temeb mburi kowe kabeh bakal kabasmi, tumpes tapis tanpa tilas kebakaring agni pamujan” mangkono sot kang kawetu saka dewi Kadru kegawa kagoling atine.
            Para putra banjur wedi marang sot kang kawetu saka dewi Kadru, naga.naga mau banjur nyarujuki apus krama lan gelem nutupi kuda kadewtan nalika ngambah ing dirgantara.
            Esuke dewi Kadru lan Winata padha nunggu metune kud ucchahaisrawa, ora suwe turangga kadewatan mau metu lan bareng di sawang kanthi premati werna saka kuda mau jebule ireng polos, kasunyatan kang ora bener nadekake cuwaning dewi Winata kang rumangsa getun lan keduwung marang lelakon kang wis kawuri, sot,e saka keng suta pancen bener kadaden.Gelem ora gelem sang dewi Wianat  kudu dadi gedibale dewi  Kadru selawase urip.
            Kahanan mu lumaku puluhan tahun, wis wayahe endhog kang kari siji mau netes kanthi kahanan kang samesthine.Deneing dewi Winata, garudha mau di wenehi aran garudha Aruni.Garudha mau ora let suwe bisa mabur ngambah ing dirgantara.Dening sang ibu sang Aruni di jarawani menawa dheweke nduwe sedulur tuwa kanthi aran garudha Aruna.
            Sang Aruni banjur pengin nggoleki sedulur tuane mau, entuk ora entuk sang dewi amung bisa menehi panjurung lan donga, lan dheeke(Winata) ora pengen anake kang waruju mau ngerti yen ibune dadi gedibale bibine pribai.
            Garudha Aruni banjur njaluk pamit marang ibune lan mesat ing dirgantara.Sang Aruni anggone nggoleki garudha Aruna bebasan is ngiteri saindenging dirgantara, nanging kepeksa nora ketemu, anggone nggoleki nagnti tekan ing taman Suralaya, ing kono akeh oh ohan kang nyegerake, mula who wohan mau banjur di pangan wae dening garudha Aruni.Tukang jaga taman banjur matur ing ngarsane bethari Uma  yen who ohan ing taman sari entek di pangani garudha kang gedhe.Mula bethari uma banjur uusan marang keng putra aiku bethara Sambu,Brahama  Indra, Bayu, lan Wisnu  supaya nyekel Garudha mau.Nanging nyatane bethara Sambu, Brahma, Indra, lan, Bayu ora bisa nelukake garudha aruna mau, ngerti kahanan mangkono mau banjur bethara Wisnu tumandang kanthi pribadi, ora suwe garuha mau kasil katelukake lan di dadekake titihan dening vethara Wisnu,
            Dening batahra Wisnu garudha Aruni mau di enehi aran maneh dadi garudha Brihawan.Garudha Brihawan banjur dadi mitra rakete saka kuda Ucchahaisrawa.Ing pungkasane Brihawan mudeng yen ibune sasuwene iki dadi gedibale bibine pribai, dewi KadruSang Graudha banjur menyang bethara Wisnu yen dheweke arep ketemu kalawan ibune, amarga wis suwe banget dheweke ora ketemu marang ibune.
            “Dhuh pukuklun, waleh waleh punapa kula marak wonten ing ngarsanipun oanjenengan tanpa tinimbalan saperlu badhe nyuwun palilah kagem nemoni biyung kula, awit sampun angu mboten kepanggih, jer minangka anak kedhah saged sabiyantu dumateng bot repote tiyang sepuh”.Ature Aruni marang bethara Wisnu.
            Dening bethara Wisnu, Aruni di entukne nemoni biyunge.Nalika arep tumuju marang biyunge, Brihawan ketemu kalawan garudha kang uga gedhe.Ora nana lia yakuwi garudha Aruna, seulur loro mau banjur gapyuk rerangkulan ngilangi rasa kangen, Aruna nganharake menawa arep ketemu kalawan dewi Winata mula kekarone bareng menyang omahe ibune.
            Tekan kono sang Aruna lan Brihawan banjur nggoleki ibune, sakwise ketemu apes lan pepes ngerti panandang kang kasandang dening ibune, Garudha loro mau padha atawang tawang tangis karo ngrangkul ibune, Brihawan kang saiki minangka jejere ingon ingon kadewatan banjur njaluk ibune kauculake saka ukuman anggone kalah toh tohan duk ing nguni, dewi Kadru wegah nglulusake panjaluke Brihawan, ing mburi saka dewi Kadru ana naga naga kayata Ttamala, Taksaka, lan Gombng kang njampangi ibune.Suwe saya suwe dredah antarane Garudha lan Naga ora bisa di selaki maneh, Garudha loro mau nandingi naga kang ewonan gunggunge, ora let suwe Briahawan lan Aruna nekakake garudha garudha liyane, pungksane para naga pada ngaaku kalah lan dewi Kadru ngulusake panjaluke garudha Brihawan.

Tidak ada komentar: