Minggu, 10 Januari 2016

Biografi Sucipto Hadi Purnomo

Biografi Sucipto Hadi Purnomo
Biografi Sucipto Hadi Purnomo iku Dhosèn Jurusan Basa lan Sastra Jawa ing Fakultas Basa lan Seni Universitas Negeri Semarang(FBS) kelairan TrikoyoJakenPati6 Agustus 1972. Saliyané dadi dhosèn, Sucipto sing sregeb nulis iki uga pinercaya dadi Kepala UPT Humas ing Universitas Negeri Semarang.
Minangka jurnalis Sucipto naté dadi redhaktur Tabloid Yunior koran Suara Merdeka lan ngisi rubrik budaya Sang Pamomong, lembar khusus basa lan kabudayan Jawa.
Sucipto uga mimpin Lembaga Kajian lan Pengembangan Pendidikan (LKP2) ing Semarang lan Sekretaris Forum Bahasa Media Massa Jawa Tengah, sarta wiwit taun 2006 mimpin Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ). Anggota Sanggar Seni Paramesthi iki aktif nulis, jroning basa Jawa lan basa Indonésia. Saliyané nulis karangan ngenani kabudayan, pendhidhikan, lan fitur, Sucipto uga nulis geguritan lan lakon kethoprak.
Sucipto sing lair saka kulawarga guru ing Pathi Jawa Tengah iki miwit cilik ngudi kawruh ing Sekolah Pendhidhikan Guru ing Rembang, banjur nerusaké mersudi èlmu ing IKIP Semarang (saiki dadi Universitas Negeri Semarang).
Sucipto iku kagolong wong sing lembah manah, kacetha saka komentaré nalika nampa Bebungah Sastra Rancagé 2012 ing kampus UNNES Semarang:
Jujur harus saya katakan, saya tak begitu pantas menerima hadiah ini. Lebih-lebih jika mengingat sejumlah nama besar yang telah mendapatkan anugerah ini pada tahun-tahun sebelumnya. Anehnya, penghargaan justru diberikan ketika saya merasa makin menjauh dari orbit sastra Jawa. Karena itu, saya pun memahaminya sebagai sebuah panggilan untuk kembali mengkhidmati jalan estetis dan manusiawi ini
Karangan Sucipto sumebar ing koran lan kalawarti kaya Suara Merdeka, Kompas, Panjebar Semangat, Damar Jati, lan Jayabaya.
Crita sinambungé jroning basa Jawa dhialèk Pathi, Saridin Mokong, diamot ing koran Suara Merdeka edisi Muria luwih saka kaping 500. Irah-irahan iki malah didadèkaké jeneng kasewelasan Persipa Pathi: Laskar Saridin Mokong. Sucipto nulis buku Wong Jawa (Kok) Ora Ngapusi (2008), Belajar Dusta di Sekolah Kita (2008), Ketoprak: Siasat Hidup di Antara Tradisi dan Modernitas (kang arep terbit).

Disalin dari : https://jv.wikipedia.org/wiki/Sucipta Hadi Purnama

Tidak ada komentar: