(Epos Carangan Kutuk
knggo Kencaka)
Lakon
iki kawiwitan ing negara Retnakandha, dene kang nglungguhi dhamparing kedhaton
yaiku prabu Purusada.Negera kang tuhu gedhe, ber bandha ber bandu, emas picis
raja brana.Dene warangka dalaem negara Retnakandha yaiku patih Andhang
krudhasi, tuhu raseksa kang pepethingan,ora ana kang bisa nyepelekake mrang
kasuibyane patih Andhang Krudhasi.
Sawijining dina sang raj nduweni
pepinginan ngepek bojo wanita saka gunung, anak saka resi Balyatmaja kang asesilih
dewi Ambaleka lan Ambika.Wong loro mau tuhu wanita kang luwes ing sakabehing
tindak tanduk, mula ora nggumun yen raja raseksa mau menginake putri lelorone
mau.
Nanging sang resi ora gelem nduwe
mantu kang awujud raseksa mulane dheweke banjur misungsungake putei loro mau
marang raja Astina yaiku prabu Sentanu, dening Prabu Sentanu putri loro mau
katrima lan bakal kadhaupake kalawan Citrawirya lan Wicitrawirya.Babagan mau
ndadekake sang raja duka yayah sinipi banjur ngepung negara Asttina saka kabeh
penjuru angin, Astina kinepung wakul binaya mangap.Nanging sang prabu ora
meneng wae, dheweke banjur nyiagakake sakabehing prajurit kanggo ngundurake
prajurit saka Retnakandha, prajurit Astina kapimpin priabu Sentanu pribadi
kalawan di senopateni dening Citrwirya lan Wicitrawirya.Perang brubuh dumi
kanthi kejem, akeh prajurit saka Atina mung dai mangsan saka raseksa
Retnakandha, Putrasaka prabu Sentanu angamuk kaya banteng ketaton nanging ora
let suwe kekarone mau padha nemahi palastra amarga padha kacokot ening prabu
purusadha kang wis kaintip saka dirgantara.
Prajurit Astina banjur paha mundur,
kanthi kahanan kang kaya mangono mau sang Gangga ninggalake ponang jabang bayi
marang prabu Sentanu, bayi mau kajenengake raden Dewabrata.Si Dewabrata anggone
nagis ora gelelm meneng, kabeh ora isa ngenengake tangise si Dewabrata, sang
prabu banjur golek wong kang bisa ngenengake tangise Ganggasuta mau. Ing tengah
dalan sang prabu ketemu kalawan resi Palasara lan dewi Ambarwati utawa
Durgandhini, ing kono sang dewi nggendhong si Kresndwipayana kang umure luwih
enom tinimbang sang Dewabrata, Dewabrata katon pengin melu dewi Ambarwati lan
tansaya seru anggone nangis.Sakwis tetepungan, sang prabu banjur ngutrakake
kekarepane.
:Dhimas, kaya sing lagi mbok
ngerteni.Anakku si Dewabrata lagi di tinggalake dening ibune, Dewabrata katon
luwe, lan sadawane dalan ora ana kang gelem nusoni anakku, lan saiki kirane aku
njaluk tulung supaya garwamu gelem nusoni si Dewabrata.”.Mangkono mau panjaluke
Sentanu marang Palasara.
Palasara ing batin nesu, amarga lagi
ana wong njaluk tulung supaya gelem nusoni anake, nanging Palasara entuk
wangsit supaya masrahake dewi Durganhini, minangka ijole yaiku negara Astina.Sang
Sentanu katon bingung marang penjaluke saka Palasara mau, nanging amarga tangise
si Dewabrata tansaya banter mula kanthi abot lan ora negakake marang kahanane
si anak mau, negara Astina kapasrahake marang Palasra.
Sineksen langit bumi lan keblat
papat, wiwit dina iki negara Astina dak pasrahake marang dhimas Palasra.”
Mangkono ucape sang Sentanu.
Si Dewabrata banjur kasusoni dening
Durgandhini, dheweke nusu kanthi rakus.Banjur dewi Durgandhini kagawa sang raja
bali menyang negarane, dene Palasar arep nerusake laku menyang Rahtawu dhisik.
Ing Astina, patih Kurusanti nggawe
rakadaya saperlu sang patih kanggo golek jago supaya bisa ngalahake prabu
Purusada, yaiku dewi Ambika supaya di gawekake
keraton kang sarwa endhahing alas cedhak kraton Astina, kang njaluk bebana
amung dewi Ambika amarga sang dewi kuwi mau kang di kersakake dening prabu
Purusada.
Purusada banjur nyarujuki marang
penjaluki dewi Ambika, sakabehehing raseksa kang ana ing Astina katarik bali
menyang Retnkandha saperlu kanggo mbukak kraton anar.
Matun taun anggone sang prabu gawe
kraton kang endah, sang Dewbrata uga wis umur 17 tahun, nanging Astina isih ana
wewayangane Purusada minangka raja kang pengen ngrabi sang Ambika.
Si Dewabrata banjur kautus dening
ibune, dewi Durgandhini supaya munggah menyang gunung Rahtaw saperlu njaluk
pambiyantu marang resi Palasara.Sakwise takan gunung Rahtawu sang Dewabrata
banjur walaka marang ramane menawa Atina lagi kejajah dening duratmaka.Palasra
banjur dhawuh marang Kresnawipayan supaya bareng Dewabrat menyang Astina,dene
Palasara dhewe arep menyang negara Wiratha saperlu nggawa prajurit lan putrane
yaiku raden Kencakarupa kang wis dadi pepatih ing Wiratha.
Sakwise tekan Astina kanthi ora ana
alangan, resi Palasra banjur ngrakit gelaring aprang lan mbagi para putran
minangka senapati.Dewabrata mimpin prajurit Astina, Kresnadwipayana mandhegani
prajurit saka Wiratha, dene sang Kencakarupa supaya ngawasi saka dirgantara,
amarga Purusada biasane laku curang saka dirgantara,
Perang brubuh ora bisa kaselaki,
akeh apar wadya raseksa kang mati amarga Dewabrata lan Dwipayana anggone
njemparing bebasan nagnti kaya udan.Dene patih Kurucana kang ngganteni ramane
katon angamuk kaya garudha, nyamber kono kene.Ngerti tandhange patih Astina
kang nggegirisi sang Purusada banjur arep nglimpe lan nyakot pati Kurucana mau,
nanging odheeke or mudeng yen wis di awat atwati dening Kencakarupa.Purusada
kang lena banjur kacekel sirahe dening Kencakarupa lan kapuntir nganti tugel
gulune.nalika kuwi banjur ana swara ing antarika.
“Heh, Kencakarupa.Poma poma aja
lali, nalika ana manungsa kang aran Jagal Abilawa, ya ing kono kuwi piwalesku
marang kowe.
Sakwise perang mau, pungksae negra
Astina di pasrahake menyang Palasra sak anak turune.
Dene sot mau, pancen ing tembe mburi
ing lakon Wiratha parwa sang patih Wiratha mau nemahi palastra jalaran di
pateni dening Jagal abilawa kang ora liya raden Bratasena.
1 komentar:
Casinos Near Harrah's Resort Atlantic City - Mapyro
Harrah's Resort Atlantic City 경상북도 출장마사지 is located in 공주 출장안마 the heart of the Great Smoky Mountains of 정읍 출장샵 Western 문경 출장마사지 New Jersey. The 세종특별자치 출장마사지 casino is owned and operated by
Posting Komentar