Donyaning
Selingkuh Ing Jagad Pakeliran.
(epos carangan
Serat Lokapala)
Serat lokapala minangka lakon
carangan nanging asli karangan saka pujangga jawa, lakon carangan iki miturut
panemuku isa di arani “perang gojali
suta kapisan”, amarga ing pungkasane lakon pangeran pati lokapala, Danareja
magut payudhan amapag kridhaning sudarma yeku Prabu Wisrawa.
Crita
kawiwitan nalika pangeran pati negara Lokapala akekasih Raden Danaraja lagi
nandhang wuyung kayungyun marang sekaring kedhaton Ngalengkadiraja, dyah ayu Sukesi, putri saking
Prabu Sumali.Sang dewi bakal leladi marang guru laki kang bisa medar “SASTRA JENDRA HYUNINGRAT, PANGRUWATING
DIYU”aji kang bisa ndadeakake sakabehing sing katon lan ora katon dadi sampurna
uripe menawa kasil ngerti ajaran kang dadi wewadine para dewa. Minangka titah
lumrah kang nduweni hawa nepsu, kui di dadekake dening Bethra Guru lan dewi Uma
kanggo ngukum resi Wisrawa kang wis kumawani medar ajian wewadi mau.Ndadekake
Resi Wisrawa lan Dewi sukesi nindakake laku olah asmara, kanggo ngguwak isin,
Prabu Sumali ndhaupake antarane putrine pribadi kalawan mitrane dhewe.Sang resi
banjur bali menyang kedhatoneng Lokapala, sadalan dalan padha surak ambata
rubuh lan ngina marang rajaning kuwi amarga tega “Ngrusak pager ayu”.Dewi
Sukesi ing ngajeng badhe kadhaupaken kalawan Raden Danareja, nanging malah
kawengku pribadi, ngerti kahanan mangkono nuli nangiseng rah keng putr datan bi
kabendung nuli nundung lunga keng rama.Ingkan getun ora amung keng putra, nanging garwanipun ya sang dewi lokati ngraos
nggrentes ing ati, ngerti guru laki kang wus suwe di suwitani ora nyana laku
sedeng.Nnanging kahanan mangkono ora di kawistarakake marang keng putra, amarga
amung nambah susah lan nesune keng putra.Ing tembe campuh ing payudhan antarane
keng putra mengsah sudarmane, nanging kabeh mau kasil di lereni dening bathara
Naradha.
Katitik saka pethilan lakon mau isa di dadekake kaca
benggala menawa yen duweni kekarepan kudu kudu ngushakne dhewe, “yen pengen
mamah ya obah”.Ing kene kang bakal dak
wedharake ana rong gegambaran, kang kapisan yaiku akeh menehi tuladha marang
mahasiswi utawa wong wadon, wanita utama kuwi kang apik lan pantes ditiru kaya
dewi Wara Sembadra, nadyan sang guru laki akeh garwane nanging tetep manut lan
setya marang dyan Arjuna, lan tansah akur marang .Kabeh panyandra iku dak anggep salah,
amarga ora ana wong wadon kang kuwat nandhang wirang kang ora kinira.Wong wadon
ngendi kang ora peteng lan judeg pikire
yen ngerti bojone laku sedheng.Ing jaman saiki ora sithik wadon kang wani
gendak sikara lan nganti mrawasa lakine amarga nggonjak wadon liya.Apa kang
ditindakake dening dewi Lokati kuwi bab kang becik, kabeh rasa lara, serik, lan
duka kapendhem ing atine.Nganti digambarake dewi Lokati nangis rah, kuwi jlentrehake menawa apa sing
kesandhang dening dewi lokati ora kinira abot lan rasane.Ing penggalihe amung
siji, asok sih marang putrane yaiku Danapati amarga wis kapusan marang janji
ramane.Oh ya, ing jaman saiki uga ana wong tuwa kang ngrebut gantilaning ati
anake.Kahanan kaya mangkono mau ora liya dilandesi hawa nepsu.Dene babagan kang
kapindho yaiku ora liya dadi anak kudu lila lan legawa marang apakaing
kasandhang, aja nganti dredah karo wong tuwane pribadi .Ing lakon iki “selingkuh” kang ditindakake dening begawan
wisrawa ora bisa diarani laku sedheng kang sabenere, bener yen ana hawa nepsu,
nanging laku mau dening begawan wisrawa pancen ora di niati.Kang ora perlu
katiru saka lakon iki, nalika Prabu Danapati perang tandhing marang sudarmane
ora ana sing kalah.Nanging, dening Prabu Danapati kabeh mau bakal dipungkasi
nganggo sanjata “brahmastra”.Panah peparinge dewa, ora ana titah kang kuwat
nampani dibyane sanjata mau.Dening begawan Wisrawa, kabeh mau mung ditampa
kanthi pasrah.Saka lakon mau ngemot wadi, sak tegel tegele wong tuwa ora bakal
tega cilik gawe lara, gedhene gawe pepatine anak.Dak terusne, kahanan mau isa
di penggak dening Bethara Naradha lan menehi ngerti yen ora ana anak kang bisa
menehi paukuman marang wong tuwane.Lire, anak ora bisa males ukum marang wong
tuwa, kang isa menehi piukuman yaiku sing kuwasa.Mula prabu Danapati dening
bethara Naradha kasotake yen negarane mangko bakal dibedhah dening sedulure
dhewe (putra Wisrawa saka dewi Sukesi).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar