Donyaning
Selingkuh Ing Jagad Pakeliran.
(epos carangan
banjaran abimanyu).
Crita iki kalebu crita carangan
amarga ing Mahabarata lan Ramayana ora ana kang maparake lakon iki.Nanging yen
miturut pakem, Abimanyu iki pancen ana.
Crita
iki kawitan nalika Raden arjuna nduweni semah kapisan yaiku musthikaning
kaputren Dwarawati dewi Wara Sembadra.Keng garwa nembe nggarbini lan pengin
nduweni dolanan awujud kewan kang apik wernane, mula raden arjuna gawe gedhogan
kanggo nyekel kewn kanthi gunggung kang akeh.Wis ngancik sangang candra wancine
ponang jabang bayi lair, nanging raden arjuna uga urung bali menyang ksatriyan
Madukara.Si ponang jabang bayi ketra glewo glewo ora geseh saksiliring rambut
kaya sudarmane.Ing wayah wengine ponang jabang bayi mau nangis kanti banter,
kahanan kaya mangkono mau ndadekake sang ibu kaget lan gage rucat anggone
tileman.Nanging kaya ngapa kagete amarga putra kinasihe ilang tanpa tilas.
Kabar ilange si ponang jabang bayi
mau kanthi cepet kasebar ing ngamarta, para kadang pandawa banjur tumuju ing
madukara, saperlu pengen ngerti larah larahe ilange ponakane mau.Wara sembadra
katon kaget marang kadadean mau, keng raka Dwarawati banjur utusan marang sawijining
prajurit kang nyeluk bali si Arjuna.Raden Werkudara kang kajibahan nggoleki
ponang jabang bayi mau.Olehe nggoleki ponakane mau kedlarang dlarang nganti
tekan alas krendhawaha ya setra gandamayu, ora let suwe panenggak pandawa mau
krungu swarane bayi nangis.Werkudar percaya yen tangising bayi mau ora liya
kejaba ponakane dhewe.Ing Kono raden Werkudara ngonangi yen ponakane di colong
dening bangsane lelelmbut prentahe saka Dewsrani,watake raden werkudra kang ora
sabaran ndadekake perang lan lelembut mau kasil katundhung bali menyang
dangkane.Si ponang jabang bayi mau banjur di gawa bali denng raden Werkudara,
nanging sadawane dalan ponakane mau amung nangis wae, saya suwe saya banter
tangise lan saya ndadekake susahe si bayu suta mau.Sakig bingunge banjur si
ponang jabang bayi mau di susoni dening raden Werkudara pribadi, bayi mau
banjur meneng.Mula bayi mau di wenehi tenger raden Abimanyu ya Angka wijaya.
Nalika raden Abimanyu wus ngancik dhewasa,
paraupane lan lagak lageane ora beda saka sudramane.Raden abimanyu nduweni
garwa yaiku putri saka Darawati yaiku dewi Siti Sendari, patutan kalawan Siti
Sendari ora nduweni momongan.Mula, banjur dheweke ngrabi Dewi Untari putri ngra
wiratha kang kaprenah Eyange.Sejatine, dewi Untari bakal kadhaupake kalawan Raden
Janaka, nanging panengah pandawa mau ora
gelem lan supaya kanggo putrane si Abimanyu.
Sawise boja andrawina dhaupe Abimanyu
lan Untari, pasangan mau bnjur cangkrama ana taman kaputren wiratha.Ing kono
Untari nakokake apa abimanyu isih jaka
apa wis duwe sisihan sakdurunge dheweke.Mula Abimanyu nganti muni :
“Yen aku isih jaka lan urung duwe
garwa, yen aku ngansi ngapusi sun bakal mati ing perng barata yudha
jayabinangun kanthi tatu arang kranjang”
Crita mau urung rampung, ing
kaputren Plangkawati dewi Siti Sendari bingung marang lungane raden
Abimanyu.Dheweke ora mudeng yen sesembahane lagi andon asmara ing wiratha.Ing
kaputren Plangkawati amung di tunggoni dening kalabendana.Watak raseksa
Pringgadani iku kang polos lan jujur
ngandakake menawa si abimanyu rabi meneh ana Wiratha.Bleg, siti sendari semaput
lan dadi robyongan, dene kalbendana di pulasara dening pulunane pribadi si
gathotkaca nganti tumekaning lampus.Nanging kabeh mau ora di sengaja dening
Prabu Anom Harya Gathotkaca.
Crita kapunggel, wus tekan titi
wancine Prasapane Abimanyu kelakon.Nalika Perang barata yudha jayabinangun, ska
Kurawa kang madeg senapat yaiku Begawan Drona dene saka Pandawa yaiku satriya
saka Pancalarady raden Drestayumna.Begawan Drona kang pinter babagan gelar
perang wis mangerteni carane kanggo mikut prabu Yudistira, yen pembarepe pandawa
kuwi kasil kapikut mesthi gelem ora gelem kabeh sedulure mesthi pasrah
bongkokan.
Begawan Drona migunakake gelar cakra
byuha, yaiku awujud roda kang gilir gumanti tansah muter, kanthi gelar mau
prabu Yudhistira kasil mlebu ing gelar kui mau.Drona mudeng menawa kang bisa
ngrusak gelar mau yaiku Arjuna lan si Werkudara, mula kakang lan adhi mau di
pisahne ngalor lan ngidul katantang dening rtau saka sabrang.Nanging drona
lali, yen isih ana abimanyu kang uga bisa ngrusak gelar mau.Angka wijaya di
weleg dening pamane yaiku prabu Kresna babagan gelar perang lan olah kanuragan.Ngerti
uwane kasil kapikut, si bimanyu banjur nekad ngrusak gelar mau lan kasil
ngetokake Yudhistira saka bebaya, nanging kanggo ijole abimanyu kang ganti
kapikut ing cakra byuha mau.
Sakabehing gegaman karocok menyang
anggane abimanyu, nanging mau ora ndadekake abimanyu mati.Adipati Karna mudeng
yen pulunane kuwi ora bakal mati yen gandewane abimanyu tugel dadi loro, mula
enggal enggal suryatmaja nguculake jemparing lan kasil nugelake gandewa mau.Abimanyu
kaya di lolosi otot bebayune.Ing kahanan kaya mangkono mau, si Lesmana
Mandrakumara teka kanthi gawa kris ligan kanggo mateni Abimanyu.
“Laa, lak kelakon mati to kowe le.Sakabehe
kok rebut saka aku.Iki trimanen oiwalesku”.
Nangin, keris mau urung sida
tumancep ing jajane abimanyu, Lesmana malah kejet kejet tumekane pati amarga keris abimanyu luwih dhisik nyubles
wetenge si Lesmana.Ngerti puluanane tumekaning pati, raja Sindhu, raden
Jayadrata kang nggawa gada kyai glinggang kasil ngepruk sirahe kanthi sesidheman.
Apa kang di sumpahne dening Abimanyu
dadi kasunyatan, Angka wijaya mati ing rananggana kanthi tatu kang arang
kranjang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar