Minggu, 10 Januari 2016

Seri Gegambaran Selingkuh ing Pewayangan



(epos carangan Grehana ing Bumi Mandura)
            Miturut pakem lakon iki ora ana, nanging tokoh ing crita iki uga kasebut ing Mahabarata.
            Lakon iki kawiwitan saka negara mandura, kang jumeneng ing dhamparing keprabon yaiku Prabu Basukethi dene keng ari raden Basuntara madeg raja ing negara Mandaraka.Prabu Basukethi nduweni putra 3 yaiku Basudewa, Basusena, lan dewi Kunthi..
            Raden Basudewa kang wus ngancik dewasa kapeksa golek garwa amarga, Prabu Bsukethi bakal lengser keprabon lan nggegedhang putrane bakal ngganteni.Raden Basudewa gelm rabi yen karo dewi angsawati utawa maerah,nanging pilihan saka putrane ora di sarujuki keng rama amarga arepa dewi maerah awujud manungsa kang ayune ngungkuli bethari wilutama nanging dheweke iku tedhak turun saka prabu Angsadona raja ing Sruwangga kang awujud raseksa.
            Prabu Basudewa ora gelem rabi yen ora karo dewi Maerah, dheweke banjur minggat tumuju ing negara sruwangga.Ana tetembungan “ anak polah bapa kepradhah”,prabu Basukethi ora tega nyawang anake kng mbarep nandnag wuyung tansaya suwe.Dheweke banjur nyarujuki Raden basudewa nggarwa dewi Maerah, ora watara suwe sang Basudewa dangganteni ramane dadi raja kang ajejuluk prabu Basudewa, dene patih njero di cekel dening arine pribadi yaiku raden Basusena dena patih njaba kacekel adhi kaipe yaiku arya prabu.
            Kahanan mau lumaku wis nganti pirang pirang warsa, sang prabu uga nduwe garwa enom yaiku Badrahini lan Dewaki.San Maerha serik atine, amarga sang prabu ora tau maneh tindak menyang kamare lan tansah seneng ngaso ing kamara garwa nome.Kahanan mau di gunakake dening raja Guwabarong yaiku prabu Gorawangsa kang uga kedana nmarang dewi maerah,.
            Nalika sawijining weng, nalika sang dewi nduweni niat nyedni para marune, ora di nyana nyana yen prabu Basudewa tindak menyang gondoke, kanthi tembung kang manuhara lan arum manis ora suwe sang prabu di ladeni kanthi trampil denng sang maerah,kahanan mangkono mau kelakon kanthi makaping kaping lan maerah ora duwe rasa cubriya babar pisan, ing sawijining wektu  sang Basusena lagi rondha njero lan ngerti maling aguna kang nyidra asmara kanthi rupa rakane pribadi.Babagan mau banjur ndobrak lawang kamare kakangmboke lan ngoyak durjna mau, prang tandhing ora bisa di selaki lan durjana mau akhire badar dadi sejatining ujud prabu Gorawangsa.
            Babagan mau banjur di lapurake marang rakane,sang prabu katon duka lang paring prentah marang Basusena supaya mateni Maerah ing tengahing alas lan di jupuk atine.
            “Yen atine mau ambune wangi ateges maerah ora salah, nanging yen atine ambune anyir ateges maerah wis wni laku sedheng”
            Maerah banjur di gawa dening Basusena tumuju ing alas lan di pateni, atine kajupuk.Ambune anyir banget, Basusena banjur bali menyang mandura lan di weruhke marang keng raka, sang prabu paring prentah supaya atine mau kanggo pakan ajag wae.
            Ing alas mau, bayi kang kinandhut dening maerah lair lewat tatune ing wetenge keng ibu.Bayi mau tansya suwe tansaya gedhe bareng sumiliring angin, ari arine katarik dhewe.Ora suwe bayi mau kajupuk dening Sanggora, yaiku kakang saka Gorawangsa.Sanggora awujud raseksa kang gedhene kagiri giri, nanging dheweke madeg dadi pendhita.Gorawangsa dhewe mati kinrocok gegaman dening prajurit mandura, nailka dheweke arep njupuk dewi Maerah.Nanging Gorawangsa ora mudeng yen Marah wis di gawa menyang alas dening Basusena, kanthi sisa tenaga kang ora akeh  gorawangsa mau nemoni kakange supaya nggoleki Maerah lan putrane ing alas mandura.Gorawangsa njaluk supaya putrane kaweleg ulah kanuragan lan guan kasantikan supaya bisa males ukum amrang wong mandura.
            Panyuwun mau di kabulake dening Sanggora, bocah mau di weleg kaya apa kang di jaluk dening sudarmane, bocah mau dadi satriya kang nduweni pawakan gedhe dhuwur lan kang paling melok yaiku  ana siyung kaya lumrahe raseksa.
            Kangsadewa kang dadi arane, nduweni pepatih ing guwabarong yaiku suratimantra, raseksa kang gedhene ora lumrah tilak pepatih saka Gorawangsa.Dening sanggora, Kangsadewa di jarwani menawa dheweke iku putra saka prabu Basudewa nata ing mandura lan nduweni hak kanggo nglungguhi dhamparing kedahton.

            Kangsadewa lan Surntrimantra tumuju ing negara Mandura, ing negara Mandura Kangsa matur menawa dheweke iku putra saka dewi Merah lan prabu Basudewa, nanging prabu Basudewa lan Basusena suthik ngakoni satriya mau minangka anak lan pulunane.Basudewa ngomong yen kangsa iku putra saka rseksa kang aran Gorawangsa, Basusena dhewe kang meruhi laku sedheng mau.
            “Apa sang rabu mudeng kadadean mau, apa menawa kuwi adhine pribadi abnjur isa di percaya, sapa sing mudeng yen basusena uga milik marang kangjeng ibu maerah mula gawe crita kan ngayawara mau” pambengoke Kangsa.
            “Ibumu pancen wong culiak, wani wani laku sedheng karo raseksa.Aja wani wani ngancik bumi Mandura yen sikile Basusena isish ngadeg jejeg”panantange Basusena.
            Wong loro mau banjur adu tosing balung leting kulit ing alun alun, saya suwe Basusena kaseser marang kridhane kangsa.Basusena banjur tinggal glanggang colon playu.Kangsa banjur bali menyang pasewakan lan njaluk di sengkakake minangka pangeran anom, gelem ora gelem kudu.
            “yo, yo kulup wiwit dina iki sliramu dadi pangeran anom arya kangsadewa lan sun panggonake ing kadipaten Sengkapura” atur Basudewa.
            Wiwit dina kuwi katon grehana ing langit mandura, ing wayah wengine Basusena bali menyang kedhaton saperlu nonton swasana ing kono.Basusena kaprentah keng raka saperlu nyingitake si kakrasana lan Badrahini ( ana kang ngandarake menawa bayi kang kinandut dewaki di pindah kanthi gaib dening para dewa menyang kandutne Badrahini).Basusena banjur nyingitake Kakrasana lan badrahini menyang widarakandhang, ing kana ana demang Antagopa lan nyi Sagopi minagka abdi kinasihe prabu Basudewa.
            Bayi kang kinadhut dening dewi Badrahini lair kanthi slamet, kang pembarep nduweni kulit kang ireng manis lan di wenehi tenger yaiku Narayana dene kang ragil lair wnodya di wenehi aran dewi Rara ireng.Kakrasana seneng bage menawa momong adhi adhine, dheweke momong bareng kalawan ana sak demang angtagopa lan nyi sagopi yaiku Udawa lan Endang larasati.
            Wektu kairing kanthi sumiliring sang bayu, bocah lima mau padaha wus ngancik dewasa.Kakrasana nduweni watak kang brangasan lan seneng tetulung seneng gawe pakaryan kang nganeh anehi.Widrakandhang di gawe kaya alun alaun mandura lan nduweni waringin tutup, dene Narayana lan Udawa seneng mbebedhag alas golek ajar kanggo didadekake guru.
            Ing sawijing dina kakrasana mbebedhag alas saperlu golek kewan kanggo lawuh padinan, ora let watara suwe kakrasana ketemu macan kang gedhene sakpedet anakan, anggone regejegan suwe lan tansaya suwe macan mau badar sejatining ujud dewa ing Daksinageni, bethara brahma.Dheweke paring nugraha marang kakrasana wujud aji kawijayan lan pusaka aujud nenggala lan gada alugara, ing kono bethara brahma uga ngandharake menawa titisane saka bethara Basuki, dene Narayana minangka titising bethara Wisnu.
            Ing papan liyane, Narayana lan Udawa meguru marang begawan Padmanaba.Ing kene mung Narayana kang di wejang aji aji kadewatan lan di wenehi pusaka kyai keswa, cangkok wijayakusuma lan cakra baswara, dene begawan Padmanaba manunggal kalawan Narayana amarga sang begawan mau ora liya bethara Wisnu.
            Ing papan liya yeku Sengkapura, Pangeran anom arya Kangsadewa oar kasranten atine marang wisudha kanggo dadi raja ing Mandura, mula dheweke pengen ngenekake adu adu jago manungsa, dene kang di jagokake saka sengkapura ora nana liya yaiku patih Suratimantra.Pepenginan mau banjur di andharake marang prabu Basudewa, sang nata gelem ora gelem nyarujuki panjaluke sing sanyatane pancen dudu putrane,mula prabu Basudewa paring dhawuh marang Basusena supaya njaluk tulung marang pulunane yaiku Bratasena, ora liya anak saka adhine kang waruju, dewi Kunthi.
            Papan kang wus sumadya kagelar blabag kawat panancang.Ing kono Bratasena kelkon perang rame tanding kalawan patih Surtimantra, ing papan kono uga katon si Kakrasana lan Narayana kang nonton adu adu jago.Kangsadewa banjur nyolot lan prang tandhing karo kakang adhi mau, ing babagan jaya kawijayan kakang adhi mau menag adoh saka kangsadewa nanging babagan pakuinan, kangsadewa menang adoh.Mulane ora let suwe wong loro mau di pithing dening kangsa, nanging Kangsadewa lena amarga krungu pambengoke suratimantra kang nemahi pati, kahanan mau di guanakake Kakrasana lan Narayana namakake pusaka alugara lan cakra baswara kng ndadekake patine Gorawangsa putra.
            Grehana lan mndung ing Mandura wis kasil sumilak dening tangane putra mandura.

Tidak ada komentar: