Minggu, 10 Januari 2016

Sejarah Jawa Tengah

Sejarah Jawa Tengah
Jaman Prasejarah

Ing jaman prasejarah, Jawa Tengah wis nduwé budaya yaiku budaya purba. Anané Pithecantropus erectus javanicus iku dadi bukti.
Sanadyan candhi Sukuh dibangun wektu pengaruh budaya Hindu wiwit pudar, dadi corak budaya jaman sakdurungé dadi bangkit manèh, mulané wujud candhi iki mempèr karo bangunan-bangunan prasejarah jaman watu gedhé (megalitikum).
Wiwit jaman prasejarah, Jawa Tengah wis dienggoni menungsa purba sing isih nduwé budaya primitif banget. Fosil menungsa sing diarani Pithecantropus erectus utawa Pithecantropus Erectus Javanicus sing urip sekitar 750.000 taun sadurungé Masehi iki ditemokaké ing dhaérah Sangiran. Situs purbakala Sangiran iki sebagéyan ana ing Kabupatèn Sragèn lan sebagéyan manèh ing Kabupatèn Karanganyar Jawa Tengah. Situs manungsa purba iki asalé saka kala pleistosen lan ditemokaké déning Dr. Ralph von Königswald ing désa Ngebung taun 1934. Miturut ketetapan Unesco tanggal 5 Desember 
1996, situs iki dadi warisan èlmu pengetahuan donya.


Jaman Kerajaan-Kerajaan

Udakara taun 78 M (?, kira-kira), miturut laporan sing ditulis Tim Peneliti Sejarah Galuh (1972), Krajan Galuh Purba wis wiwit dibangun, jeneng kratone yaiku Kerajaan Galuh Sindula (ana uga naskah sing njenengi Kerajaan Bojong Galuh). Punjering pamarentahan ana ing Medang Gili lan dislirani Ratu Galuh (Ratu kapisan). Kira-kira taun iku uga wulangan Hindu wiwit mlebu ing Jawa Tengah.
Abad IV - V Karajan Kalingga (Budha) madeg ing sakiwo-tengene Jepara saiki. Abad V - VI Punjering Karajan Galuh Purba ana ing sak udhege Gunung Slamet. Taun 674 M, Karajan Kalingga (Budha) dipandhegani Ratu Sima. Abad VI Punjering Karajan Galuh Purba dipindhah ana ing sacedhake Garut - Ciamis lan yasa Karajan Galuh (Kawali).
Taun 732 M (miturut Prasasti Canggah), Karajan Kalingga (Budha) diubah dadi Karajan Mataram (Hindu), dipandhegani Raja Sanjaya utawa Rakai Mataram (wiwit Dinasti/wangsa Sanjaya), dene kutharajaana ing Medang Kamulan. Candi-candi Siwa ing Banjarnegara (Dieng) digawe wektu iku. Nalika reh-kaprajan diasta dening Rakai Pikatan (wangsa Sanjaya), Candhi Rorojonggrang utawa Candhi Prambananwiwit dibangun.
Taun 750-850 M, wangsa Syailendra (Budha) tekan Sriwijaya nguwasani Jawa Tengah. Wangsa Syailendra iki nggawe candi-candi: Candhi Borobudur, Candhi Sewu, Candhi Kalasan lan liya-liyane. Kira-kira taun 800 M, Krajan Mataram Hindu (wangsa Sanjaya) wiwit kedheseg lan nyingkir neng arah wetan. Taun 925 M, punjering pamarentahan krajan pindah ing Jawa Wétan, Jawa Tengah ditinggal.
Sakwise Karajan Majapahit (Hindhu) ambruk (iku sekitar taun 1518 M), kerajaan-kerajaan Islam katon ing Demak, wiwit iku Agama Islam disebarke ing Jawa Tengah bebarengan punjering kraton mbalik ing Jawa Tengah maneh.
Taun 1569 M, Kasultanan Demak ambruk, punjering Kraton Demak pindah mring Pajang cedhak Solo, Jaka Tingkir (putra mantune Raja Demak Sultan Trenggana) dadi Ratu Kasultanan Pajang gelare Sultan Hadiwijaya. Wektu peprentahan Sultan Hadiwijaya akeh rerusuh, uga akeh sing mbalela. Perang sing paling gede yaiku antarane Sultan Hadiwijaya lawan Haryo Penangsang. Sultan Hadiwijaya ndawuhake Danang Sutawijaya supaya numpes Haryo Penangsang sing mbalela, lan kasil merjaya Harya Penangsang. Sultan Hadiwijaya maringi bebungah awujud lemah yokuwi bumi Alas Mentaok (=Mataram; Kotagede, Jogjakarta) mring Danang Sutawijaya. Taun 1575 M, Danang Sutawijaya (Putra Kyai Gede) jumeneng nata sing kapisanan ing Mataram (Islam) kanthi silih asma Kanjeng Gusti Panembahan Senopati Panatagama Kalifathollah Tanah Jawa.
Taun 1582 M, Kasultanan Pajang dikepung Karajan Mataram. Taun 1586 M, punjering Kraton Pajang dipindhah ing Mataram. Taun 1613-1645 M, Reh kaprajan diasta dening Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Pleret (saiki Kecamatan Pleret wilayah Kabupaten Bantul). Taun 1755 M, Prejanjèn Giyanti, Surakarta Hadiningrat (Kraton Kasunanan) lan Ngayogyakarta Hadiningrat (Kraton Kasultanan) dijumenengake.


Jaman Walanda

Jawa Tengah duwé status Provinsi wiwit jaman Walanda sing katata jroning 5 dhaérah (gewesten) utawa Karesidhenan yaiku Eks. Karesidenan Semarang, Eks. Karesidenan Pati, Eks. Karesidenan Kedu, Eks. Karesidenan Banyumas, Eks. Karesidenan Pekalongan lan Eks. Karesidenan Surakarta. Sing dadi dhaerah swapraja (vorstenland) yaiku Kasunanan lan Mangkunegaran. Masing-masing gewest iku katata maneh saka kabupaten-kabupaten.


Jaman Mardika

Taun 1946 pamerentah Indonésia netepke daerah swapraja Kasunanan lan Mangkunegaran dadi karesidhenan. Taun 1950 liwat Undang-undang dhaerah-dhaerah kabupaten lan kotamadya ditetapke, penetapan undhang-undhang iku saiki dièngeti minangka dina lair Provinsi Jawa Tengah, yaiku tanggal 15 Agustus 1950.

Kajukup saka   : http//Wikipedia.jv.com/Jawa Tengah

Tidak ada komentar: