Minggu, 10 Januari 2016

Gegamabran Selingkuh ing Jagading Pewayangan



Donyaning Selingkuh Ing Jagad Pakeliran.
. (epos carangan Samba Juwing/Serat Bhomakawya)
           
            Crita iki kawiwitan nalika Raden Bambang Sitija takon marang ibune dewi Pertiwi sapa kang ngukir jiwa ragane.
            “Dhuh ibu, sinten ta sejatosipun ingkang ngukir jiwa raga kula dalah rayi kula siti sendari, dhuh ibu”?pitakone Sitija.
            “Ngger kulup, wis suwe anggonku pengen ngerti sapa sudarmamu saknyatane, nanging wanci iki sing dak tunggu.Nunggu kowe lan adhimu si sendari nagncik dewasa.Sudarmamu ora liya nata Dwarawati ajejuluk sri bathara Kresna, yaiku minangka titising Wisnu kulup” ature dewi Pertiwi.
            Banjur bocah sakloron mau apmitan marnag keng ibu, arep suwita marang sudarmane ing Dwarawati.Munggel dalane crita, bambang sitija nduweni aji pancasonya raksaning bumi, dadi yen kuwandane saka sitija kasil tumemplek ing bumi, bebasan sedina mati ping pitu tetep bisa temah jati waluya.
            Tekan ing negara Dwarawati, bocah sakloron mau ngaku menawa anak saka dewi pertiw lan bethara wisnui,dnen nata Dwarawati minangka  sudarmane jer sri bathara kresna yaiku titising wisnu.Ing kene bethara kresna gelem ngaku minangka anake, yen bisa ngalahake raja negara Trajutrisna prabu Bomantara kang ngganggu gawe ing wewengkon Dwarawati.Bambang sitija sendika dhawuh marang prentah mau.
            Ing negara Trajutrisna yaiku kedhatone para raseksa, dene kang jumeneng ing dhampare kedhaton yaiku prabu Bomantara lan warangkane yaiku patih Pancatnyana.Ora suwe pasewakan geger amarga ana striya bagus kang bisa mracondhangi sakehing prajurit, pungkasane prabu Bomantara nemahi pati, dene Pancatnyana lan Garudha Wilmuka minangka titihane Bomantara tumungkul marang Sitija, lan maneh sukma saka Bomantara manunggal marang Sitija, mula or nggumun yen sabubare kuiw Bmabang Sitija kang madeg ratu kanthi jejuluk Prabu Bomanarakasura nduwem=ni watak kang degsura lan gampang nesu.Watak mau uga di segkuyung anane Pancatnyana lan Wilmuka kang bisa tata janma lumrahe manungsa lan nduweni sirah raseksa.
            Saka ibu liyane, Bamabang Sitija duweni sedulur kayata, Raden Samba, Gunadewa, Saranadewa, Partawasesa, dewi Titisri lan arya Setyaka.Bambang Sitija uga tansah gawe perkara, ora liya kalawan anak panenggak pandawa yaiku Prabu Anom Harya Gathotkaca, saka masalah rebut wewengkon( kawentar kikis tunggarana) lan rebut dadi senapatining pandawa ing perang barata yudha jayabinangun ( kawentar Wahyu Topeng Waja).
            Kabeh mau isih di maklumi dening sudarmane, nanging kabeh kuwi ana wateses yaiku nalika samba nandang wuyung.Mangkene :    
            Samba yaiku putra Bethara Kresna saka dewi Jembawati putri saka kapi jembawan.Samba nduweni sedulur tunggal bapa lan ibu yaiku Gunadewa, satriya kang  bagus nanging ora beda karo eyange, nduweni buntut kaya lumrahe turune kapi, mula kanggo ngguwang wirang lan isine  wong tuwa, raden Gunadewa milih manggon ana ing astana gandamadana/gadamadana yaku pasareyane leluhure.
            Ing wektu kuwi sang Sitija pengen krama kalawan putri saka Surateleng, asesilih dewi Hagnyanawati utawa agnyanawati.Keng rama di suwun dening anake supaya nembungak mrng surateleng, raden Samba kang kajibahan nglakoni pakaryan mau.
            Raden Samba banjur tumuju ing negara Surateleng, nembung menwa putri agnyanawati arep di dadekake prameswari saka putra prabu Kresna.
            “Piye nini, apa sliramu gelem dipek bojo dening putra saka prabu bathara kresna”?Pitakone saka raja Surateleng.
            Amung eseme wae kang kawetu, nanging hagnyanawati ngira yen samba mau sing bakal kasuwitani mula nampa panglamar mau.Semono uga kalawan samba, kang duweni rasa marang dewi Hagnyanawati.Nanging rasa mau banjur kapupus amarga dewi mau calon garwane kakangmase pribadi.
            Saka salah pangerten mau, banjur ngambra ambra tekaan titi wanci acara rabine Hagnyanawati kalawan Sitija, penganten putri nalika acara sungkeman kang di sungkemi dudu bamabnag Sitija nanging raden Samba, kadadean mau dadi gonjang ganjinge omongan para tamu, babagan mau ora di dadekake prekara dening bambang sitija.
            Wus ngancik pirang pirang candra olehe bambang Sitija lan Hagnyanwati pada ngrasakne nikmate madu ing bale sesomahan.Nanging mau mung bebasan nunggu kandege ilining banyu, lara wuyung kang kesandang dening satriya paranggarudha mau amarga raden samba iku titising bethara drema lan hagnyana wati minangka titising bethari dremi, nalika ana kahyangan kekarone pada mudhun ing ngarcapada lan bakal dadi pasangan selawae.Nanging ada salah kang ora bisa di nyana,bamabang Sitija kang kasil nggarwa titising bethari dremi lan ndadekake samaba nandang roga.
            Ing kahanan kaya mangkono mau, saka kahyangan dewi wilutama tumurun ngarcpada saperlu asung pambiyantu marang samba, kanthi sukaning penggalih samba nampa pambiyantune dewi Wilitama.Dening dewi Wilutama raden Samba supaya bis tekn negra Trajutrisna luwih becik ngmbah njrone bantala, nanging dewi wilutama paring pesen nalika mlaku sajorone siti ana padhang padhang saka mburi, samaba ora oleh malik utawa noleh mburi.Kabeh mau di sarujuki dening Samaba, sakwise kasil mlaku ing njeron lemah oleh pirang pirang depa/pecak samba goreh atine, kok ana kaya sorot kang padhng banget saka mburi nanging kabeh mau kapupus merga wedi marang dukane dewi Wilutama.Sananjanta mangkono, adreg udreg pikirane pengin weruh ap kang njalarai padhange dlan mau.
            Bareng raden Samb noleh mburi, jebul sunar kang madhangi dalane Samba mua saka payudara lan barange dewi wilutama kang wis nglegena tampa kain sithik sithika, kaget lan duka dewi Wilutama merga wewalere mau wis di terak, mula karo bali menyang kahnyangan, dewi Wilutama paring sot marng si Samba.
            “Samba, ora teguh atimu katitik kowe nerak wewalerku mau, kajaba wis gawe wirangku uga dukaku mula ling elingen yen patimu ora lumrah kaya manungsa, awakmu bakal kapotheng potheng lan kajuwing juwing” mangkono sote dewi Wilutama
            Ngungun lan getun sang Samba, dheweke neruske lku nggrowong tan  bisa ngglawat, kahahanane malih dadi peteng lelimengan. Jer kaya mangkonoa mau satriya paranggarudha mau uga kasil bisa tekan ing negara Trajutrisna.Samba kanthi sesidheman mlebu kaputrene dewi Hagnyanwati, ing kaputren dewi Hagnyanawati uga nandang roga awit tansah agegawang pasuryane sang Samba.Dheweke ora ngira yen bakal suwita marang Sitija kng ora liya ya rakane raden Samba.
            Nalika Hagnyanawati lagi nandang roga lan wuyung, ,kajugarake alam panglamune karo suwarane keng rayi paranggaraudha
            “kula keng sowan kakang mbok” ature raden Samba.
            Hagnyanawati banjur mbagekake adine mau, ngerti kahanan kang padha nandang wuyung lan rasa hardaning npsu kang wis ora bisa kinampet, mula wong loro mau banjur nindakake pkaryan salumrahe wong bebojoan, panah kunthawijayandanu wis kasil manjing ing wrangka ndadekake Hagnyanawt semaput, sakbubare lelakon mau wong loro mau banjur resik resik lan sapijagongan kaya mantenanyaran.
            Kahana mau banjur di lapurake dening emban marang prabu Bomanarakasura, kaya di nyonyog mawa pangrasane dene keng rayi wani nggonjak garwane.Mula bamabang Sitija banjur menyang kaputren saperlu ngonangi lakune adhine mau, lan bener apa kang di andharake denng emban mau yen samaba lagi nindakakae andhon asmara kalawan Hagnyanawti,.Mak brol sanalika, samba banjur kalarag ing plataran amba lan di pulasara
            “Aduh kakangmas, adhuh. Kenging menapa kula di pun makatenaken.eling kakngmas, kula rayi panjenengan parangarudha”sambate samba.
            Brol, sitija eling marang tumindake, kang lagi di pulasara mau adhine pribdi,.”o . . o . . .o, samba, pangapuranen pun kakang yayi, kakang amung nuruti hardane nepsu wae” sambate Sitija  kanthi ngrangkul samaba.
            Oa suwe wilmuka teka kanthi pengremuk.”e e e raden, ora ana rayi nerak pager ayu lan wani nggonjak garwane rakane pribadi”ature garudha Wilmuka.
            Brol bramantyaning sang pertiwiputra, lali marang purwaduksina.Adine kang wis asesambat mau banjur kapulasara  kanthi wengis lan kapotheng potheng, kajuwing juwing wiwit saka tangan kekrone, suku banjur keri dhewe mustakane samba kang pindhah saka gembunge.Tindak magkono mu amarga wis kepanjingan kumarane prabu Bomantara mula di kaya mangkono mau, nanging Sitija banjur malih maneh
            “Dhuh adhiku dhii, samba.Apuranen kakang yo dhi, kabeh amu ora dak jarag.”Sambate Sitija.
            “Ora, aku ora luput.Pancen kudune kowe mati amrga wis wani nggonjak garwaningsun”.Ature Sitija kang wis malih malih.
            Kadadean mau banjur di konangi dening panengah pandawa, raden Arjuna.Mula ora let suwe kelakon perang tandhing antarane bamabang Siija kalawan raden Arjuna.Ketara yen Bomanarakasura katon kesesr yudhane, bola bali bisa di gawe niba lan ngambung lemah dening arjuna, mula banjur Stija numpak titihane garudha Willmuka
            Saka kadohan arjuna katon angel ngasorake sang Pertiwisuta, rada lena, arjuna kena kelewange sitija lan nemahi seda.Kuwandane arjuna di gotong dening punakawan karo twang tawang tangis, lunga an marak sowan menyang dwarawati.
            Ing dwarawati, prabu Kresna katon kaget ngerti kuwandane arjuna dadi robyongan dening punakawan.Mula kanthi kaungkulan kembang cangkok wijayakusuma, pancen urung dadi pepesthene yen  panengah pandawa bakal tumekaning pati, mula bisa temah jati, jati temah nirmala.Sang arjuna banjur crita larah larahe kadadean mau tanpa ana kang kacecer.
            Sang Kesawamurti katon duka banget, ing kene kelakon dadi perang gedhe yaiku gojali suta.Bapak karo anak dhep adhepan ing rananggana, kresna ora nyalahke marang matine samba  jer kuwi wis dadi pesthine lan pancen samba sing nandang luput, nanging wani cilik gawe lara gedhene gawe pepati kuwi kang ora bisa di apura dening Narayana
            Perang tandhing amu wus kelakon nganti pirang pirang dina, nanging kabeh mau urung katon sapa kang bakale unggul ing perang mau merga Bomanaraksura nduwe aji Pancasonya raksaning bumi, bebasan sedina matia ping 7 nanging kunarpa mau kasil tumempel ing sti tetp waae bis urip maneh.
            Kresna katon susah merga putrane ora bisa bisa mati, mula kresna sowan marang saptapertala saperlu  nemoni dewi pertiwi kanthi salin rupa dadi Bamabang Sitija. “Dhuh kangjeng ibu, rikala kula perang kalwan ratu negara sebrang kula nemahi tiwas, nanging bareng badan kula tuempel wonten siti kula saged waluya malih ibu”? Ature sang Boma tiron mau.
            “Ya kulup, bener kui amarga sliramu nggadhuh aji pancasonya raksaning bumi, kang maune nemahi tiwas banjur bisa urip maneh yen wis nempel ing lemah nanging ngger, jeneng kita sitija bakal bablas mati yen ora tumempel ana lemah”.Piterange sang ibu, dewi Pertiwi.
            Boma banjur bali menyang ing palagan, lan nimbali gathotkaca saperlu paring dhawuh yen kudu siaga sawanci wanci ing dirgantara kanggo nyaut kuwandane Sitija menawa wis ketaman cakra baswara ln di papanke ana ing anjang anjang wesi kang wis cumawis.Peang tandhing mau kawitan maneh, prabu Bomanaraksura nitih garudha Wilmuka, prbu kresna kang wis ngerti pangapesane putrane mula gage namakake cakra baswara ing boma lan tumpakane, wilmuka.Gathotkca tanggap swasana, ngerti kuwandane Sitija tiba banjur kasaut lan di delehake ing anjang anjang wesi, ora perlu di baleni ping pindho, boma ora bisa waluya maneh.
            Ing kene kang perlu lan penting yaiku aja wani wani marang wong tuwa, wong tuwa bisa menehi pangapura salah kapianan utaa kapindho, nangng yen keterusan kuwi perlu rada di kasari.Ing babagan selingkuh mau, miturut crita wayang kahanan mau ora slah jer hagnyanawati lan samba pancen kudu dadi jodohne, nanging ing kasunyatan saiki kahanan mau salah.Aja wani wani nggonjak bojone wong, apa maneh yen kuwi mau kakange pribadi.

Tidak ada komentar: