Minggu, 10 Januari 2016

Contoh Naskah Wayang

Contoh Naskah Wayang

Rabine Rakabuming Raka
11.      Jejer
            Ing nagari Indonesia Bapak Dzulkifli Hasan minangka patih MPR lan Bapak Setya Novanto minangka patih DPR ngrembag babagan rabine putranipun Prabu Joko widodo inggih Raden Rakabuming raka kaliyan Prabu Joko widodo.
Dzulkifli Hasan             : Dereng dangu rawuh paduka kanjeng eyang ing Istana Merdeka, wonten Sajroning nagari Indonesia, kula ngaturaken sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu konjuka pepada paduka kanjeng Prabu Joko widodo.
Prabu Joko widodo       : Iya Dzulkifli Hasan, pangabektine Dzulkifli Hasan wus tak tampa ing tangan loro kapetegake ing pranaja rumeket ing wardaya mimbuhana bawa leksana, amung pudyastawaning pun kaki marang putu prabu di-age tampanana.
Dzulkifli Hasan           : Kula cadhong ing tangan kula kekalih, paring pangestu paduka kanjeng Prabu Joko widodo. Kados kapundhi ing Penggalih babagan Rabinipun Putra Raka. Miwah dereng kawula semerep pambiyatanipun.
Prabu Joko widodo      :” Iya san, puji syokur dumateng ngarsanipun gusti ingkang paring sedanten kanikmatan, tanapi mahar ginawe panganten putri durung ana San. Ingkang Raka dewe pengene ngwenehi mahar Kembang Ketrajang Qurratul U’yun”.

Dzulkifli Hasan             :” Kapundi kawontenanipun niku Prabu”

Prabu Joko widodo      :” Manawi mboten salah, ana ing Samudra Labuhing Urip. Mangka iku, aku ngutus Hasan supaya bisa ngancani raka golek kembang Ketrajang Qurratul U’yun mau”

Dzulkifli Hasan           :” Inggih, sendika dawuh prabu. (mangkat ing ngembara).

22.      Limbukan
            Ing sajroning nagari Indonesia, ing kadipaten Demak, aniq lan fidin minangka rakyat biasa saja ngrembag rabine putra Raka

Aniq    : “Wis reti kabar yen Pangeran Raka peh nikah rung din.”

Fidin    : “Lho drung ki kang, wah kayane ya ijih indil-indil ya kang”

Aniq    : “ ya din. Tanapi aku krungu jare nikahe kok karo  anake wong adol sego kucing lho din.”

Fidin    : “Lho apa iya kang, wah bejo temen ya wong mau, sing dadi mantune Prabu.”

Aniq    : “Ya karang jenenge jodo din, jodo ki ura kenal pangkat lan peringkat.”

Fidin    : “Iya kang, Lha sapa jenenge mantune Prabu kang.”

Aniq    : “ Nyi Mas Selvi Amanda, Din, wis lah, ayo gawean sik, durung rampung ki.”

Fidin    : “ iyo kang”

33.      Budhalan
Dzulkifli Hasan kaliyan Pangeran Raka menyang Samudra Labuhing Urip. Kanthi nunggangi kereta kencana kang ngleyak-ngleyok nglewati tengah alas.
Dzulkifli Hasan      : “Pangeran, niki gek pundhi sing ajeng dijujug ngoleki kembang mboten karuwan parane”.
Pangeran Raka       : “ Hasan, kowe pada gumeder ngajak mulih ! Yen lumuh ngetutake aku, wis muliha wae
Dzulkifli Hasan     : “ Lah wong madosi Kembang kok dipadosi ing segara, lha iki kan tekan alas Sala, punapa mboten prayogi dipun padosi ing ngriki.
Pangeran Raka      : “ Iya bener San. Ananging rama Prabu wis ngendika yan Kembang mau anane namung ing Samudra Labuhing Urip”
3a.      Perang gagal
Ingkang Dzulkifli Hasan Lan Pangeran Raka lagi ngrembag, teka Buta Korupsi kang jaga alas Sala.
Buta Korupsi                : “Heh, Satriyo, mandego satriyo. Sapa jeneng ngendi umah, ngendi omah sapa jeneng. Ditakoni ura semahur, apa pancen bisu kowe kuwi ?”.
Pangeran Raka              : “ Buta, aja gendak sikara wong lelaku, semingkira aku arep liwat. Kowe buta sapa aranmu, ngendi ndangkamu
Buta Korupsi                : “ Eh ladak lirih satriya iki. Ditakoni durung mangsuli wis ganti takon, nganggo junjung ndangka. Aku dudu Buta ala-ala. Aku Buta Korupsi Kang jaga alas iki. Balik kowe sapa ?.”
Pangeran Raka              : “ Aku Pangeran Raka buming raka saka nagari Indonesia. Arep golek kembang Ketrajang Qurratul U’yun”
Buta Korupsi               : “Heh, kowe ngaku wong indonesia tanapi unga tanpa sedya, baliya. Ora ana wng sing intuk lewat kene ?”.
Pangeran Raka              : “ Dene tanpa masang gawar, nganggo mbalekake wong liwat.”
Buta Korupsi               : “Endas buta pating jinggleng kang minangka gawar.”
Pangeran Raka            : “ Endas buta tak sampar taksandung, nggubeta rambute ing pada, tak panclas ing curiga.”
Buta Korupsi               : “E orakena tak iman kowe. Mangsa kendita mimang kadanga dewa, ora ! kekedera kaya manuk branjangan, mangsa mrucuta kecekel deneng aku”
Banjur cah loro mau gelut, tanapi akhire Buta Korupsi kalah lan Mlayu mring samudra.

54.      Pertapan
Sak wuse Pangeran raka lan Dzulkifli Hasan ngalahke Buta Korupsi, banjur deweke mlaku malih ing sajroning alas, lan ketemu kaliyan begawan KPK kang lagi tapa ing jakarta. Banjur cah loro mau paring sembah dumateng begawan KPK.
Pangeran Raka         : “ kula ngaturaken sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu konjuka pepada paduka kanjeng bagawan.”
begawan KPK          : “Iya putu prabu, pangabektine putu prabu wus tak tampa ing tangan loro kapetegake ing pranaja rumeket ing wardaya mimbuhana bawa leksana, amung pudyastawaning pun kaki marang putu prabu di-age tampanana. Sapa jenengmu ngger ?”
Pangeran Raka         : “Kula cadhong ing tangan kula kekalih, paring pangestu paduka kanjeng eyang ing Jakarta kapundhi ing mestaka dadosa jimat. Kula Rakabumingraka saking nagari Indonesia.”
Dzulkifli Hasan        :  “O inggih ngger, gusti kula ingkan sinuwun, kula cadhong tangan kula kalih, paring pembage paduka ingkang rumentah dhateng ingkang Pangeran kula Pangeran Raka.”
begawan KPK          : “Enggeh ngger, kula tampi damel bingah ing manah. Bade punapa kowe mrene ngger ?.”
Pangeran Raka            : “Kawula mriki bade madosi kembang Ketrajang Qurratul U’yun kang wonten ing Samudra Labuhing Urip.
begawan KPK          : “Lho, ngger. Ing samudra Labuhing urip iku ana buta kang jaga, ingkang nami Buta Korupsi ngger.”
Pangeran Raka         : “Kula mboten gumeter bagawan. Gawe mahar rabiku, kabeh bakaln tak lakoni.”
begawan KPK          : “Ananging kowe kudu duwe senjata kang bisa gawe ngalahke buta Korupsi ngger. Minangka iku, tak wenehi Senjata KPK iki.”
Pangeran Raka         : Inggih, raharja sowan kula ing ngarsa  panjenengan kula ingkang sinuwun, namung  sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu mugi konjuka sahandap ing pepada.
65.      Perang Kembang
Nalika Pangeran raka lan Bagawan KPK ngrembagan, teko Macan Trio ingkang ngaggu rerembagan iku.
Pangeran Raka            : “ Heh sapa kuwe macan, nangapa kuwe ganggu aku lan pertapane bagawan KPK.”
Macan Trio                  : “ Aku Macan Trio. Kang dikon Buta Korupsi kon meteni sliramu”
Pangeran Raka            : “ Aku Pangeran Raka buming raka saka nagari Indonesia. Wani-wani kowe meh mateni aku. Tak panclas sirahmu”
Banjur macan pejah kaliyan Sanjata KPK lan Pangeran Raka dalah Dzulkifli Hasan pamitan kaliyan bagawan KPK.

76.      Wejangan
Nalika pamitan begawan KPK ngwenehi wejangan dumateng Pangeran Raka

Begawan KPK      : “Ngger, wong lelabuhan ing akrami iku gegarane dudu banda dudu donya, ananging kaparcayaan ing temanten kakalih. Lan kang jeneng wong lelabuhan ing akrami iku upami cawan kang keombang-ambing ing tengah samudra. Akeh cecuba lan rintangan, kudu sabar. Pada ngalah, aja pada ngresula. Lan Paringo katresnan ang gedhe. Mugi gusthi paring kabagaswarasan ugi putra kang pinter lan duweni sifat kesatrya ngger.”

87.      Gara-gara
Nalika metu saka alas, Dzulkifli hasan ketemu marang fajar lan fauzi ingkang nembe golek mangan kanthi ngelakoni sulapan.

Dzulkifli Hasan         : “ Raden, niku wonten tiyang ingkang nontonake napa niku.”
Pangeran Raka          : “ kang, kuwi tontonan apa, sarta pira tanggapane ?”

Fajar                          : “ Niki namine sulapan. Gedang di sulap dados lintah, godong waru dados bulus, janur kuning dados welut. Opahane kula ming nyuwun sajen. Panggang tumpeng, gedang lan sega.
Pangeran Raka          : “Hasan, prantenana sajene aja nganti kurang.”
Fajar wiwit jantur. Janur kuning dados welut. Godong waru dados bulus. Sareng nyandak pisang, cabar mboten dados.
Fauzi  (klesak-klesik): “Jar, lintahe napel wetengku, tak betot ora kena”

Fajar                            : “ We, ketiwasan ki. Lintahe mboten dadi, sebab sajene kurang saden”

Dzulkifli Hasan         : “Apa sing kurang kang ?”

Fajar                          : “ Sega kaliyan godong jangan menir aden hihihi”

Fajar ndumungake anggenira nyulap. Lintah tinampen ing Fauzi wismundak gengira. Ananging ingkang metu Lintahe gone fauzi. Para ceti sami akirig-kirig.

Dzulkifli Hasan         : “hi hihi hi, kok ana lintah semono gedene ya hi hihi”

Fajar                          : “ Hehe inggih suwun raden, niki segone kula bekta nggih, suwun”

98.      Perang Brubuh
Sak wuse nonton sulap, Pangeran raka lan Dzulkifli Hasan dumugi ing Samudra Labuhing Urip, lan nalika dumugi mriku, wonten Buta Korupsi kang mpun siaga manantang Pangeran Raka
Pangeran Raka         : “Heh, Buta . Ing ngendi kowe ngumpetke kembang Ketrajang Qurratul U’yun. Weruhnu aku”.
Buta Korupsi            : “ Ura usah gaya we satriya. Wingi aku pencen kalah soko kuwe. Tanapi saiki, aku ra bakal ngalah karo kuwe.
Pangeran Raka         : “ Ra sah kakehan omong buta. Rawe-rawe rantas. Rasakno senjataku iki”

Banjur cah loro mau perang, lan akhire Buto korupsi kalah nalika Senjata KPK nembus ing gulune nganti tugel. Lan akhire Ndase Buta Korupsi wau dadi kembang Ketrajang Qurratul U’yun. Lan di gowo bali deneng pangeran Raka gawe mahar rabine deweke kaliyan Ning Mas Silvi amalia.

Tidak ada komentar: