(Epos Carangan
Bedhah Lokapala)
Cerita kawiwitan ing negara
Lokapala, dene kang lungguh ing dhamparing kedhaton putra saka resi Wisrawa lan
dewi Lokati , prabu Danaraja ya
Danapati, sang bagus nglakokake rodane pamarentahan amung di dampingi dening
keng ibu, amarga ramane kang wus gawe kuciwa atine wis ola di olehne ngancik
bumi Lokapala.
Prabu Danaraja nduweni 4 sedulur tunggal bapa beda ibu yaiku saka ibu
Sukesi, Dasamuka, Kumbakarna, Sarpakenka lan Gunawan wibisana.Sasuwene urip ana
ngarcapada, prabu Danaraja ora nduweni garwa, amung dewi Sukesi kang banget di
tresnani, kuwi wae ana alangan sang dewi kadhaupake kalawan keng rama, resi
Wisrawa.
Prabu Danapati kang ngrasa minangka
sedulur tuwa tansah ngelingake marang tindak tanduke keng rayi, dasamuka.Awit
bisa di arani menawa rahwana minangka Leletheking jagad, sakabehe tindak kang
ala banget dening Rahwana mnangka babagan kang lumrah, uripe amung nguja hawa
nepsu, sakabehing pepinginane kudu keturutan, lan kang dadi bakune yaiku nguyak
wanita titising dewi SrI.
Sang Wisrawana banjur utusan senapti
negara Lokapala kanggo aringake layang serat kanggo dasamuka, Gohmuka banjur
mangkat menyang ing Alengkadiraja.
Negara kang ana saknduwure banyu,
yaiku Alengkadiraja.NegarA iki tau dadi gemah ripah loh jinawi, tata titi lan
tentrem nlika di cekel dening prabu sumali, nanging negara malih surem lan
langit kawistara kaya kebak getih amarga kacekel raja kang degsura, lan
minangka leleteking jagad, ora liya prabu Dasamuka utawa Rahwana.Kabeh mau
ksengkuyung marang pawongane kang gdhe dhuwur, sekti mahambara bebsan sedinaa
mati ping pitu, nanging tetep bisa waluya maneh amarga Dasamuka nggadhuh aji
Pancasonya. Ingkang dadi warangkaning praja ora liya pamane pribadi, patih
prahastha.Dene gul aguling praja ora liya keng rayi pangleburgangsa, raden
Kumbakarna lan raden Gunawan Wibisana ora lali keng putra kang ginadang gadang
dadi ngganteni keng rama yaiku Indrajid utawa Megananda.
Ora let suwe ing pasewakan ketekan
utusan saka Lokapala, nora liya senapati Gohmuka.Sang utusan banjur masrahake
layang serat saka Danapati marang Dasmuka, serat mau banjur kawaca dening
Rahwana, dhasaring watake kang getapan lan gampang nesu banjur ora let suwe
candrasa minagk piyandele dasamuka wis tumacep ing jaajne Gohmuka, awit surasa
saka serat mau supaya Dasamuka nglereni tindak kang degsura mau, danapati uga
nulis, bebasan kewan wae ora duwe wateg kang samenthala kuwi.Sakdurunge Gohmuka
mati dheweke nelakke sot marang Dasmuka.
“Heh raja kaang murang tata, aku
amung sawijing utusan, nggonmu gawe pepatiningsun bakale ana piwalese, elin
elingen, poma aja nganti lali bakale ana rewanda putih kang ngentekake negaramu
tanpa tilas, yakuwi aku males saka tumindakmu mau”. Bubar ngesotke dasamuka,
senapatining Lokapala mau banjur nemahi palastra.
Bebasan wis ora bisa nahan krodhane
ati, Dasamuka banjur ngakon supaya prajurit di siagakke sperlu kanggo nggiles
negara Lokapala/
Ing negara Lokapala, telik sandi
kang wis sumebar ng Alengka padha bali lan paring palapuran menawa Ngalengka
bakal nggempur Lokapala, Danapati katon kaget.Oran nyana yen adhine mau wis
tumindaka adoh nganti kelewat wates, mula Wisrawana banjur nyiagakake kabeh prajurit
Lokapala saperlu perang brubuh antarane Alengkadiraja lan Lokapala, Wisrawana
wis krasa yen iki wis titi wancine dheweeke lan negarane bakal bedhah, amarga
hyang Naradha wis matur menawa Piwalese saka murang tata marang jejere wong
tuwa(Mteni Wisrawa) yaiku bakal di wales ukum dening sedulure pribadi yaiku
anak resi Wisrawa lan dewi Sukesi.
Perang mau banjur ora bisa di selaki
maneh, Dasamuka banjur dhep dhepan kalawn Danapati.Wisrawana pancen jejering
rtau lansatriya kang tuhu sekti mahambara, wis makaping kaping Dasamuka kasil
di pateni dening wisrawana, nanging aji pancasonya mau kang ndadekake Dasmuka
waluya maneh, Prabu Wisrawana katon suda tenagane, mula kanthi ajian rawarontek
kang di ajari dening Wisrawana uga mau katamakake ing jajane Danaraja, ora
susah di ambali kaping pindho Wisrawana nemahi palastra.
Dasamuka kang dhasre saka bocah
nduweni watak kang ora lumrahe kya titah sapadhane, malah kejeme kaliwat saka
bethara kala kanthi ngguyu lakak lakak nameti kunarpane rakane, Lokapala banjur
di dadekake negara telukan lan tumungkul marang Ngalengka, dene kereta pusaka kyai Puspa uga kabrandhat, di dadekake
titihane dasamuka pribadi, nanging Wisrawana ora mati kaya lumrahe wong utama,
awit sang Wirawana banjur kaangkat dening dewa dadi dewane kasugihan kanthi
jejuluk Bethara Kuwera, amarga ing selawase urip ing Ngarcapada sang Wisrawana
ora tau ngrasakne endahaing kadonyan, uripe amung di isi kanthi mretapa lan
laku kang suci kamangka Wisrawana uga jejere ratU.
Sot kang di ucapke dening Gohmuka
uga pancen kadaden, nalika kuwi Anoman minangka duta kang kadahwuhan maringake
kalpika kanggo dewi Sinta dening Rama reghawa, nanging jejibahan mau konangan
dening prajurit kang jaga mula banjur di lapurake marang raden Indrajid, raden
Indrajid banjur ngirit para sedulure kayata Trikaya, Trinetra, Trisirah lan
liya liyane kanggo nyekel Anoman mau, kanggone anoman metu saka Ngalengka
minangka babagan kang gampang banget, nanging dheweke uga pengin weruh kaya
ngapa dhapure si Dasamuka, mual Senggana banjur reka reka kena kabandha kanthi
panah kyai Nagapasa kagungane Indrajid.
Bayusiwi banjur kairid lan di
kepruki nganggo gada dening para prajurit, Senggana banjur kaiket ing alun
alun, Dasamuka lakak lakak ngerti utusan mau iso kacekel dening par putrane
“Aja mung utusan si reghawa, Rama
balane kethek kuwi bisa kacekel lan
katigas janggane dening para putraku”, sesumbare Dasamuka kanthi ngguyu lakak
lakak,
Dening Anoman, Dasamuka banjur
kapancal jajane nganti tiba kapidara lan semaput.Dasamuka anggone semaput rada
suwe, sakwise bisa sadar lan tangi banjur paring dhawuh supaya mbakar si Anoman
mau.Prentah mau kaleksanaake dening para prajurit, kanggone Anoman geni mau
krasa adhem ing anggane, sakwise tali mau ucul Anoman banjur mbkar kabeh kraton lan negara
Ngalengka, kabeh tumpes tapis tanpa tilas, kajaba taman Argasoka lan panggonan
kang di wenehi janur, panggonan kuwi papane raseksa kang nduweni bebuden kang
luhur.
Mangkono mau, Sot kang di tibakne
marang Dasamuka pancen kadadean, ya ing kono Piwalese Gohmuka, senapati
Lokapala kang di prejaya dening Dasamuka kanthi wengis.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar