Keadaan Geografis dan Pembagian Wilayah Jawa Tengah


Provinsi Jawa
Tengah ambané 32,548.20 km²; kurang luwih saprapat saka amba total pulo Jawa.
Pedhunungé cacahé 31.820.000 (2005), dadi provinsi iki nomer telu sing gedhé
dhéwé ing Indonésia sawisé Jawa Kulon lan Jawa
Wétan, lan kurang luwih saprapat cacah total pedhunung pulo iki.
Jawa Tengah iku papané ana ing
satengahé Pulo Jawa lan kaapit déning provinsi Jawa Kulon lan Jawa
Wétan. Ana perangan cilik ing sisih kidul dadiDaerah Istimewa Yogyakarta sing sacara sakabèhané diubengi déning
Jawa Tengah. Ngayogyakarta iku yèn ditilik saka sajarah lan budaya sajatiné
perangan saka Jawa Tengah senadyan saiki ngadeg dadi provinsi dhéwé. Ing sisih
lor, Jawa Tengah winatesan déning Segara
Jawa lan ing sisih kidul
déning Samudra
Hindia. Provinsi Jawa Tengah uga ngliputi sawetara pulo-pulo lepas panté: Karimun Jawa ing
lor lan Nusakambangan ing kidul-kulon.
Suhu temperatur
ing Jawa Tengah iku antara 18–28 drajat celsius lan kadar lembab rélatif antara
73–94 persèn. Sawetawis kadar lembab dhuwur ana ing
tlatah ngisor provinsi iki, curah udan cukup gedhé ing tlatah pagunungan. Kadar udan paling dhuwur 3.990 mm
karo 195 dina udan tau kacathet ingSalatiga.
Géografi Jawa
Tengah bisa kaanggep teratur karo jalur ciyut dataran
rendah ing pasisir lor lan
kidul mawa tlatah pagunungan ing tengah. Ing sisih kulon ana gunung geni aktif, Gunung
Slamet, banjur rada mangétan ana komplèks pagunungan Dièng ing dataran
tinggi Dièng. Banjur
sakidul-wétané ana latar Kedhu sing winatesan déning Gunung
Merapi lan Gunung
Merbabu ing sisih wétan.
Sakiduling Semarang ana Gunung
Ungaran lan sawétané ana Gunung
Muria. Banjur ing sisih wétan, ing tlatah pawatesan karo provinsi Jawa
Wétan ana Gunung
Lawu.
Amerga déning
sajarah vulkanik lan akibaté awu
vulkanik, Jawa Tengah iku sawijining papan sing subur banget kanggo tani.
Pemandhangan sawah ana ing ngendi-endi, kejaba ing tlatah
kidul-wétan saubenging Gunung Kidul lan Wanagiri. Sebabé lemahé akèh konsentrasiné gamping lan
panggonané pancèn ing tlatah ayang-ayang udan.
Ana loro kali gedhé ing Jawa Tengah; Kali
Serayu ing sisih kulon sing
mili menyang Samodra
Hindhia lan Bengawan
Solo sing mili menyang Segara
Jawa, ngliwati Provinsi Jawa Wétan.
Jawa Tengah nduwé status Provinsi wiwit
jaman Walanda sing
katata jroning 5 dhaérah (gewesten) utawa Karésidhènan yaiku Eks. Karesidenan Semarang, Eks. Karesidenan Pati, Eks. Karesidenan Kedu,Eks. Karesidenan Banyumas, Eks. Karesidenan Pekalongan lan
ditambah Eks. Karesidenan Surakarta saha
Eks. Karesidenan Ngayogyakarta. Sing dadi dhaérah swapraja (vorstenland)
yaiku Kasunanan lanMangkunegaran saha Kasultanan Ngayogyakarta lan Pakualaman. Saben-saben gewest iku
ketata manèh saka kabupatèn-kabupatèn.
Nalika jaman mardika ing taun 1957, karésidhènan iki dijabel kabèh sawisé
pemilu lokal.
Saiki Jawa Tengah (tanpa Ngayogyakarta) dipérang dadi 29 kabupatèn lan
6 kutha otonom (sadurungé diarani kotamadya lan kota
pradja ing basa Indonésia). Ing ngisor kabèh kabupatèn lan kutha
dipacakaké:
- Kabupatèn: Kabupatèn Banjarnegara, Kabupatèn Banyumas, Kabupatèn Batang, Kabupatèn Batang, Kabupatèn Bayalali, Kabupatèn Brebes, Kabupatèn Cilacap, Kabupatèn Demak, Kabupatèn Grobogan, Kabupatèn Jepara, Kabupatèn Karanganyar, Kabupatèn Kebumèn, Kabupatèn Kendhal, Kabupatèn Klathèn, Kabupatèn Kudus, Kabupatèn Magelang, Kabupatèn Pathi, Kabupatèn Pekalongan, Kabupatèn Pemalang, Kabupatèn Purbalingga, Kabupatèn Purwareja, Kabupatèn Rembang, Kabupatèn Semarang, Kabupatèn Sragèn, Kabupatèn Sukaharja, Kabupatèn Tegal, Kabupatèn Temanggung, Kabupatèn Wanagiri, Kabupatèn Wanasaba
- Kutha otonom: Kutha
Magelang, Kutha Surakarta, Kutha
Salatiga, Kutha Semarang, Kutha Pekalongan, Kutha
Tegal
Kabupatèn lan kutha iki bisa dipérang manèh dadi 565 kecamatan.
Banjur kecamatan iki bisa dipérang dadi 7.804 désa lan 764 kalurahan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar