Perundhingan Linggarjati
Perundhingan Linggarjati nyarujuki
anane gencatan senjata, nalika wektune prei (jeda) perang mesthi bae TRIP ya
ora perang. Mula banjur ana anjuran saka pamarintah supaya anggota TRIP bali
sekolah maneh. Tuwuh pilihan telu kang dirasa padha abote, yaiku: tetep manggul
senjata/berjuang terus ninggalake bangku sekolah, bali sekolah maneh, utawa
tetep berjuang disambi karo sekolah.
Saka pilihan telu mau pilihane tiba
angka telu: tetep berjuang disambi sekolah. Sateruse muncul semboyan Mas
Trip: Berjuang, Belajar, Bersenang-senang. “Lebih baik mati berkalang tanah
daripada menjadi pelajar jajahan”.
Perjuangan Mas Trip ora uwal saka
sejarah kamardikan Indonesia. Bebarengan karo kabeh warga negara mbelani negara
proklamasi. Agresi I lan II lumaku kanthi lakuning sejarah kang ora bisa
diowahi. Semono uga nalika PKI nganakake pembrontakan ing Madiun, ya ana
anggota Trip kang gugur. Ayahan abot nanging bisa gawe bombong Mas Trip nalika
kudu ngawal mriyem gempur Bantheng Blorok. Mriyem mau kudu digawa saka Ngunut,
Tulungagung dikawal menyang Menjangan Kalung dhaerah Blitar dohe kurang luwih
90 km, suwene pitung dina pitung bengi prasasat tanpa leren.
Perlu kawuningan manawa mriyem gempur
iku abot banget, sanadyan ana rodhane ning bisane mlaku mung ing dalan gedhe.
Mangka kuwi kudu ngliwati dalan setapak gek kudu nyabrang kali Brantas.
Bisa digambarake ngrekasane. Sing
ngawal Mas Trip, dudu tentara, ora duwe pengalaman militer. Isih ketambahan
nyingkrihi serangane Walanda sing kepengin ngrebut mriyem mau. Kanthi linambaran
tekad waja lan patriotism tinggi tugas mau kasil kanthi sukses.
Sejatine mriyem sing dipasrahake TNI
marang Mas Trip iku ana loro, sing siji mriyem Macan Tutul. Amarga Macan Tutul
iku luwih gedhe lan abot, kepeksa ditinggal ing Rejotangan, didhelikake ing
jero bangunan ditutupi dame. Iya rekasane ngawal mriyem iku kang ndadekake
prastawa mau tansah cinathet ing ati dadi “kebanggaan tersendiri”.
Mula nalika reuni taun 1987 dianakake
acara napak tilas ngiras nancepake pathok-pathok pepenget. Ora lali ngajak
pelajar wilayah Tulungagung, Blitar, Kediri, lan Trenggalek, ngiras marisake
nilai-nilai kejuangan bangsa. Kebeneran nalika iku penulis kapatah dadi
pembimbing panitia pelaksana, mula anggone nyiapake rute napak tilas telung
sasi sadurunge hari H.
Acara dhek semana kejaba diregengake
maneka tontonan, kalebu wayangan ing pendhapa Kabupaten, iya ngresmekake
prasasti reuni TRIP ing ngarepe patung Mas Trip sing katon gagah. Prasasti
reuni TRIP iki diresmekake dening Djiteng Soejoto (wektu iku njabat Bupati
Pasuruan) tanggal 21 Juni 1987.
(Kopral Soekarmi)
Disalin dari
: http://www.panjebarsemangat.co.id/sejarah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar