Minggu, 17 Januari 2016

Maspadani Bebayane Dehidrasi

Maspadani Bebayane Dehidrasi


Ana panaliten paling anyar ngandhakake yen numpak kendharaan klawan kahanan dehidrasi (kekurangan cairan) pranyata padha bebayane karo numpak kendharaan kabawah pengaruh alkohol.

Panaliten kang ditindakake dening Loughborough  University  kaya kang dicuplik dening Daily Mail ngandhakake yen sopir sing nginum kehe 25 ml banyu ing wektu sajam, sing mes­thine dianjurake nginum banyu kehe 200ml, resikone ngalami bab kang ora dikarepake tikel pindho dibandhing dheweke sing kekurangan cairan kanthi becik. Iku tegese, nginum banyu sing cukup mungguhing sopir wigati banget kanggo ngendhani bab-bab kang ora dikarepake. Banjur nginum apa sing be­cik sadurunge numpak kendharaan?
Para ahli medhis ngandhakake yen akeh-akehe uwong durung sawutuhe nyadhari apa dheweke wis kekurangan cairan kanthi becik apa ora. Sawijining panaliten sing ditindakake nalika Maret kepungkur ngelikake menawa cacahe uwong sing dirujuk menyang rumah sakit akibat batu ginjal ngalami peningkatan. Manut Profesor Tom Sanders saka King College London, sing dadi sebab un­dhake wong lara batu ginjal iki amarga dehidrasi. “Batu ginjal bisa digawe amar­ga anane penimbunan kalsium ing kan­dhung kemih saengga dadi kristal njero ginjel banjur klorop njero uretra,” kan­dhane Sanders.
Nalika pawongan kekurangan cairan, konsentrasi penimbunane luwih dhuwur. Anggone ngawekani darurat masalah iki mundhak nyengkrek, ditemokake kehe 5.063 kasus ing taun 2003-2004 lan ing taun 2013-2014 nyengkrek maneh dadi watara 11.937.
Banyu piguna minangka ken­dharaan sing ngeterake karbo­hi­drat, protein, lan vitamin. Ba­nyu wigati banget kanggo nja­ga perangane awak (organ-organ) nje­ro badan supaya te­tep mergawe kanthi becik. “Ora ana sing luwih becik lan wi­gati anggone ngiderake lebon kasebut m­e­nyang sakojure badan kejaba banyu,” tandhese Sanders. Awake bayi duwe kandhutan banyu paling akeh, watara 78% nalika lair lan mudhun dadi 65% nalika umur setaun.
Sanders uga ngandhakake yen  de­hidrasi bisa ndadekake fokus lan memori jangka pendeke pawongan keganggu. Malah, sing luwih mbebayani, manut pa­nalitene psikiater Universitas Barcelona taun kepungkur, kemampuwan kanggo nanggapi samubarang kanthi tliti bakal wiwit suda. “Iki bisa ditegesi menawa badan wiwit kelangan kontak karo tan­dha-tandha pepenget saka badan sing ngelikake yen badan wiwit nandhang dehidrasi luwih nemen,” ujare.
Sawijining badan panguwasa pa­nganan ing Eropa mrayogakake wanita becike ngosumsi cairan sethithike 1,6 liter (udakara 8 gelas) sedina. Mungguh­ing wong lanang paling ora sedina 2 liter (10 gelas). Dene kanggone anak-anak diprayogakake 1,3 liter (6,5 gelas). Manungsa mbutuhake banyu merga sa­perangan gedhe perangane manungsa iku dumadi saka banyu, watara 78% ba­nyu dibutuhake dening uteg.
Sanajan dikawekani kanthi trenggi­nas klawan nginum banyu sakehing ge­las, kerep dehidrasi enthengan bisa nda­dekake masalah jangka panjang. Salah sijine yaiku rusake untu merga kekura­ngan banyu njero tutuk bisa nyuda kua­litas saliva.Panaliten kang nyangkutake para so­pir mikuwati panaliten sadurunge deningUniversity of Nebraska Human Nutrition Centre. Panaliten iki nglapurake yen ka­noman kang kekurangan cairan bakal ka­ngelan anggone mikir, ngeling-eling, uta­wa anggone ngordinasi awake dhewe.
Tandha sing paling lumrah utawa umum kang dikandhakake badan lamun dumadi dehidrasi yaiku rasa ngelak. Tan­dha-tandha umum liyane nglimputi lara sirah, lemes, lan ngelu. Kejaba iku arang kerepe nguyuh uga bisa didadekake ti­tikan. Wong normal bakal nguyuh pa­ling ora sedina kaping papat. Cara sing becik kanggo nyumurupi tingkat hidrasi badan klawan ndeleng kanthi premati wernane banyu uyuh. Kuning bening mu­judake kahanan apik, dene yen wernane uyuh saya buthek mertandhani yen uyuh ngandhut konsentrasi dhuwur sing te­gese badan iki kekurangan banyu.
Nginum banyu pancen apik kanggo njaga sisteme badan su­paya bisa mer­gawe kanthi becik. Nanging, menawa pawongan nginum banyu ngluwihi apa kang bisa diproses dening ginjel, ca­cahe banyu kasebut tetep njero badan lan ngedhunake kadar nutrium njero awak. Bab iki bisa ndadekake hiponatremia uta­wa keracunan banyu mer­­ga anane ora setimba­nge elektrolit wigati tumrap sel-sel njero badan.(KS)



Disalin dari : http://www.panjebarsemangat.co.id/kasarasan

Tidak ada komentar: