Minggu, 17 Januari 2016

Biografi Suparta Brata

Biografi Suparto Brata

Priyayi klairan Surabaya ingdina Setu Legi 19 Syawal tahun Je 23 Februari tahun 1932 iki klebu sastrawan Jawa Modern kang produktif. Dheweke asring nampa penghargaan seka ngendi-ngendi, ing antarané, pungkasan iki yakuwi ing sasi Oktober 2007, nampa SEA Write Award bebarengan karo para sastrawan liyané: Haji Moksin bin Haji Abdul Kadir - Brunei Darussalam, Ourn Suphany - Kambodia, Ratanavong Houmphanh - Laos, Prof. Rahman Shaari - Malaysia, Michael Coroza - Philipina, Rex Shelley -Singapura, Montri Sriyong - Thailand, lan Tran Van Tuan - Vietnam. Crita rekan (fiksi) sepisanan kang kapacak yaiku ‘’Miss Rika di Angkasa’’ ing Majalah Garuda, 25 Oktober1953. Sawise kuwi, dheweke kerep nulis crita cekak, sandhiwara, utawa novel. Saliyane nulis ing satra Jawa, dhéwéké uga nulis crita rekan ing sastra Indonesia. Malah, novel pisanan kang digawé nganggo basa Indonesia, yaiku ‘’Tak Ada nasi Lain’’ kang banjur kapacak ing koran Kompas tahun 1990, pirang-pirang taun sawisé novel iku digawé.
Wiwitané nulis nganggo basa Jawa ing Kalawarti Panjebar Semangat ing tahun 1959. Lan nalika majalah iku nganakaké sayembara, dhéwéké nulis Kaum Republik kang banjur menang lan kapacak tahun 1960. Anakalané dhéwéké nganggo jeneng sesinglon (samaran) ‘’Peni utawa ‘’Eling Jatmiko’’.
Suparto Brata iku putrané Raden Suratman Bratatanaya lan Bandara Raden Ajeng Jembawati kang isih turun Pakubuwana V.
Buku-buku sastra Jawa kang katulis antara liya:
Abasa Jawa


·         Asmarani
·         Dom Sumurup ing Banyu
·         Donyane Wong Culika
·         Emprit Abuntut Bedhug
·         Garuda Putih
·         Jaring Kalamangga
·         Kadurakan ing Kidul Dringu
·         Kamar Sandi
·         Katresnan kang Angker
·         Lara Lapane Kaum Republik
·         Lelakone Si lan Man
·         Lintang Panjer Sore
·         Nglacak Ilange Sedulur Ipe
·         Ngingu Kutuk ing Suwakan
·         Nyawa 28
·         Pethite Nyai Blorong
·         Sanja Sangu Trebela (nganggo jeneng sesinglon Peni)
·         Tanpa Tlacak
·         Tretes Tintrim
·         Pawèstri Tanpa Idhèntiti
·         Nona Sekretaris
·         Gedhong Setan
·         Suparto Brata’s Omnibus
·         Lelabuhane Gubernur Surya
·         Ser!Randha Cocak
·         Cintrong Paju-Pat


Tidak ada komentar: