Gol mbedegal mbedogol
Apa ta sing kok pamerke, mbol,,?
Bokong kok di egal-egol
Kaya jangkrik kang lagi ndogol
“ Iki lho mas bokong egol ”
“ Sepisan egal-egol “
“ Pak Ogah atine mbedokol “
“ Ping pindo egal-egol “
“ Pegawe pada mogol “
+ Lho, lha kepriye ta dek
- Ya
ra piye-piye ta mas
Wong
sangar ngene re
+ Apa sangare,, ?
- Goyang
pisan mas
Kaya
raja lele
+ Yen goyan pindo dek ,,?
- Wah,
pokokmen asolele
( Ngendika Ki Nartosabda_ : Wanita kuwi kuncine donya, yen
wanita rusak, donya ya rusak, lah yen wanita bejat donya ya bejat, nanging yan
wanita asri, donya uga bakalan asri lan sak teruse )
R.A. Kartini _ mbiyen...
Wanita pejuwang pendidikan
Ikhlas bakthi
Kanggo negeri
Lha seiki....?
Wong jaman-jaman edan
Nduwur jilbaban
Ngisor jean-an
Lah ana maneh
Nduwur jilbaban
Ngisor dagangan
Wuuu, apamaneh gendakan panduwuran
Nikamate ora karuan
Bondo donya sarwa kacukupan
Nafkah batin, enak tenannnn
Ujare :
“ Wanita Pejuang
Negeri ”
Ya nak iso di aji
“ Wanita Bidadari
Dunia “
Ya sing gelem ngagem agama
( WANITA, WANITA )
........!!
Ratu megol - ratu megol
Seneng mlaku karo megol
Ing dada rada mbedogol
Yen disawang, asyike puoooollll
+ Aja ngepal – ngepol
Mengko nak Mbejongol
- Mbejongol
pripun ta
Wong
jenenge ratu megol
+ Ya Ro Lu Pat Ma
Ratu megol ya tetep
manungsa
Mo Nem Tu Wolu
Sanga
Tetep ngati-ati aja
lena
Marjinah lunga gawa
botol
Botol cilik isine
pentol
Aja kabeh wong kok
egal-egol
Mundak prawanmu ilang, mbol !!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar