Bag
kedebang gedebung
Apa ta
penake dadi priyagung ?
Yen tangise
kadawa-dawa
Larane
keranta-ranta
“Ngriki lo nyimas, kursi mendhut”
Awake bisa cenat-cenut
Ooo, apamaneh yan manggut-mangut
Tangan bisa nganti tekan janggut
Gajah Mada
_ Mbiyen !
Duweni
sumpah palapa
Ora bakal
nikah, yen durung bisa nyatuake nuswantara
Lha seiki
Asli wae
jebul palsu
Pejabat
akeh sing maksiat
Tontonan
wis ra bisa dadi tuntunan
+ Hus jare
sapa we le ..?
-
Jare
Mbok de
+ La kok
ngerti
-
Ya
ngerti, wong kandhane apel pagi jebul mung ngapusi
“Bebaskan korupsi”
Ujare ya
ngono
“Hidupkan Demokrasi”
Ya nak
durung “di lobi”
“Kemakmuran”
Kuwi sing
di jaluk rakyat !!
(..............MERDEKA................)
Indonesi raya
Merdeka merdeka
Tanahku negeriku
Yang kucinta
Indonesia raya
Merdeka-merdeka
Hiduplah Indonesi raya
+ Hus,
suwarane sapa kuwi
-
Ya
anak putu seng ileng negeri
_ ilengo
para pemuda, siswa, mahasiswa, priyayi lan santri.
: Narkoba, Heroin, Sabu-sabu, weskey, break
dance, musik rock, blue film, wacan porno, seks bebas, mabuk, mendem, ngedan lan kebut kebutan.
_ KUWI
KABEH MUSUHMU
..!
Coba
rungokno : Jare
“Jadi pandu ibuku”
( Tatas,
titis, tetes, nanging kok saya suwe mblebes)
+ Mendem kok mbok terus-terusna
Ora suwe nyawamu sirna
Lah narkoba kok mbok agem
Ya pantes ndasmu puyeng
-
Lah
piye maneh
Jaman jaman edan
Melu edan ora tahan
Ora melu ya ora uman
La awakku kudu kepiye Man
: Tragis
Jare negeri
iki wis mardika
Nanging
gone sapa ?
Wong gawe
gula saka aren
Modele,
sapa ileng sapa lalen
Mula pada
ngomongke jaman mbiyen
“ Isih
penak jamanku ta !!”
Mula Ndes
Aja nyidam
priyayi
Yen
tingkahmu durung bisa di aji
Aja ngomong
sing kok tampa apa
Nanging
seng wis kok wenehna apa
Tak Ji Tak
Lu
Aja mung
bisa melu-melu
Lu Pat Lu Ma
Dadina “Generasi penerus bangsa”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar