Minggu, 17 Januari 2016

Biografi Poerbatjaraka

Biografi Poerbatjaraka


Iku putra salah sijining abdi dalem karaton Kasunanan; Raden Tumenggung Purbadipura (éjaan modern). Pak Purbadipura iku abdi dalem Sunan/Susuhunan Pakubuwana X sing tinresnan dhéwé, panjenengané sastrawan lan kerep nembangaké tindakan-tindakané ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana X.
Poerbatjaraka, sing kagungan jeneng cilik Lesya, uga didhidhik ing kalangan keraton. Panjenengane sekolah ing HIS (Hollandsch-Indische School) sing suwene 7 tahun. Ing kene Lesya sinau basa Melayu, basa Landa lan kawruh dhasar liyane. Amerga panjenengane bisa basa Landa, Lesya bisa celathu karo bala tentara Walanda sing ana ing Sala. Para bala Landa iki katon yen seneng ngobrol karo bocah sing pinter iki.
Lesya dhemen maca. Ing yuswa timur panjenengane wis bisa maca layang-layang klasik Jawa, pira-pira ing antarane awujud naskah manuskrip sing bisa ditemokake ingperpustakaan bapane. Pasrawungan pisanan karo sastra Jawa Kuna kadadéyan nalika panjenengané nemokaké buku karangan ahli Indologi kawentar, Prof. Dr. Hendrik Kern.
Buku iki sajane hadhiyah sawijining priyayi Walanda ing ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana X. Anging panjenengane kurang ngerteni isi buku iki dadi diparingake pak Purbadipura. Mbokmenawa karsane supaya dijlentrehake. Banjur buku iki diwaca dening Lesya lan panjenengane dadi seneng banget.
Para abdi dalem keraton sing seneng sastra Jawa kala iku kerep nganakake panemonan diskusi bedhah sastra. Lesya sing isih timur seneng melu panemonan iki. Amerga wis rumangsa ngerti akeh, panjenengane tau nantang sawijining abdi dalem sepuh. Tibake iki buntute dawa lan Lesya ora kerasan maneh.
Amerga panjenengane rumangsa luwih cocog karo pendekatan ilmiah sing kerep diwaca saka buku-buku Landa, banjur panjenengane nulis laying marang Residhen Surakartakala kuwi. Sang residhen sing wis tau krungu kapinterane Lesya banjur ngirim Lesya menyang Batavia/Jakarta ing taun 1910. Ing kana Lesya dikon nyambut gawe ing Dinas Purbakala ing Museum Gajah.
Kala iku iki Lesya diparingi asma Poerbatjaraka. Asma iki katata saka gelar purba kaya asma bapane lan tembung caraka, saka aksara Hanacaraka sing uga nduwe teges dutautawa utusan. Gelar priyayi Raden Ngabehi, sing luwih ngisor tinimbang gelar Raden Tumenggung kagungan bapane uga diparingake. Banjur gelar mulya Raden Mas, panjenengane oleh pirang taun maneh nalika rabi karo sawijining wanita ningrat sing kagungan gelar Raden Ayu.
Ing museum, Poerbatjaraka dianggep pinter lan kerep dijaluki tulung dening para pakar. Ing kene panjenengane uga nerusake pasinaonane ing sastra Jawa Kuna lan miwiti sinau basa Sansekreta.

Disalin dari : https://jv.wikipedia.org/wiki/Poerbacaraka

Tidak ada komentar: