Kamis, 10 Desember 2015

jagading pakeliran



1.      Donyaning Selingkuh Ing Jagad Pakeliran.
(epos carangan Ramabargawa)
Ing jagad pakeliran ana lakon pakem lan lakon carangan, kang kalebu lakon pakem yaiku Mahabarata lan Ramayan,ing lakon carangan kang asli saka jawa kayata  Serat Bhomakwya,Gathotkacasraya,Serat Lokapala lan lakon Ramabargawa.Ing lakon Ramabargawa mujudake Resi kang awatek satriya.
Crita kawiwitan ing pertapan Ardisekar kang di panggoni denng Bhagawan Jamdagni lan nduweni garwa asesilih dewi Renuka kang awujud widadari, peparinge dewa saka suralaya.Nduweni putra cacah 5 lanang kabeh, dene kang waruju akekesih Raden Ramabargawa.Dhasaring om noman kang gagah pidegsa simbaring dada, Nduweni pusaka awujud kapak ksng gedhene ora lumrah lan duwe gandhewa kang uga ora lumrah gedhene.Ramabargawa sanget anggone tresna marang ibune, nanging ing sawijinng dina prabu Citrarata kasil nggonjak dewi Renuka lan saben prabu Cutrata mbebedhag ing alas mesthi kasil nyesep madune kanikmatan saka Dewi Renuka.Perkara mau konangan dening Begawan Jamadagni, dhasaring pendhita linuwih kang seneng tarak brata mula ora nggumun yen ngerti kedadean kang wis gawe gonjang ganjing ing bale wismane.
Ing kahanan kang kaya mangkono mau sang pendhita nyoba nganggo cara alus supaya sang garwa gelem blaka suta marang kadadean kang wis di lakokake karo Prabu Ctrarata nanging Dewi Renuka malah mendel kemawon, dene kegawa kagoling ati sang begawan paring dhawuh karo putrane supaya mateni ibune wae amarga ora gelem kumecap, nanging tetelu putrane mung meneng wae, banjur sang resi paring dhawuh marang Ramaparasu supaya mateni ibune amarga wis wani laku sedeng lan ora gelem ngakonI.Sang Ramabargawa banjur ngangkat dhuwur dhuwur wadunge, krasa geter penggalihe sang dewi Renuka amarga dheweke ngerti kaya ngapa watake anake kang waruju kuwi.Ora nunggu sakedhping mata mustaka lan gembunge dewi Renuka pisah.
Banjur sang begawan ndhawuhi putrane supaya njaluk  panyuwunan kang bakal di kabulake.
“Dhuh bapa begawan, sepisan panjuluku uripna ibuku bali kaya wingi uni, sing kapng pindho balikna sedulurku mau dadi titah kang lumrah(amarga di sotne dadi kewan), kaping telu ilangno dosaku mrang ibuku, kaping papat aku njaluk supaya bisa di paringi umur dawa, lan kang pungkasan aku njaluk di wenehi guna kaantikan kng pilih tanding lan mung titising bethara Wisnu kang bisa ngsorake kasektenku”.
Pnyuwunan saka keng putra bnjur di turuti kabeh lan ngrajut bal sesomahan kaya wingi uni, nanging kahanan kang tentrem mau ora suwe amarga prabu Citrarata pengen nduweni saisining pertapan Ardisekar mau, dene sang begawan methine “sadumuk bathuk sanyari bumi“ nanging kabeh mau ora kuwawa mrangguli tanndange prajurite prabu Citrarata marga sang begawan wus kaladuk yuswa, jerite sang ibu kapireng dening Ramabargawa nalika tapa ing penggiring tlaga.Ngerti keng rama seda banjur raden Ramabzrgawa gawe sumpah “sok sapa wae sing ngaku aku satria bakal katumpes tapis tanpa tilas saka madyapada iki”, magkono sumpah saka Rambargawa, sumpah kuwi kalakonan dening Ramabargawa, nganti kawentar menawa getih saka para satria kang wus mati dnening wadunge Ramabrgawa nganti dadi tlaga kang abang lan amba.    
Saka pethilan cerita kasebut isa di andharake menawa faktor saka selingkuh yaiku amarga nduweni kekuasaan ing sawijining negara, nanging iku ora cukup.Ing jaman kuna makuna isa di tarik garis lurus menawa ora amung amarga materi nanging uga isa kapilut saka bagusing warna.Katitik saka prabu Citrararata lan Prabu Arjuna sasrabahu kaloka lan kawentar minangka raja kang bagus tanpa cacat.Ing lakon candhake ngandharake menawa Ramabargawa kasil nyedani raja ng nagara Maespati yaiku prabu Arjuna ssrabahu, sang prabu kawentar uga minangka titising wisnu kasil kaperjayan dening sang Ramaparasu amarga wus koncatan wisnu, kahanan kaya ngono mau amarga sang prabu amung nguja ing kadonyan lan seneng cangkrama karo garwane kang cacahe 802.
            Ing Lakon Ramaparasu seda, sang pangeran pati saka negara Ayodyapala kang kasil nyirnakake sang pandita awewatak satriya kui mau, amarga sang Ramawijaya minangka titising Wisnu

Tidak ada komentar: