Gendera
Kain,
Nglewer kena angin
Getih putih kudu di titih, supaya
Ora ana sing mangkel,
banjur kejungkel
Ora ana wong mbedil,
karo mecicil
Lan
Ora ana wong njajah
nganthi blanjah
Kana gendera
Kene gendera
Nanging nangapa,....?
Gendera tetangga luwih merdika
Abang wis ura wani
Putih wis kena korupsi
Gendera mung lambang
negeri
Nanging jati diri ilang
na neng ngendi
Kana gendera, kene gendera
Bumiku kebak gendera
Abang putih wis ora di aji
Pemimpine ya ora ngajeni
Endi genderaku,......?
Abangku sing wani
Putihku sing suci
Ana ngendi,.....?
Dening :
Muhammad Ali Said
Tidak ada komentar:
Posting Komentar